Masjid Menara Kudus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Masjid Menara Kudus
Kahanan Masjid Menara Kudus saka ngarèpan

Masjid Menara Kudus (asring kasebat ing tlatah sakubengipun karan, masjid Al Aqsa lan Masjid Al Manar) inggih punika masjid ingkang dipun bangun denéng Sunan Kudus ing taun 1549 Masehi utawi taun 956 Hijriah kalian nginakake watu Baitul Maqdis saking tlatah Palestina lan migunani kangge salah satunggalipun watu ingkang awal lan panggenanipun ting dusun Kauman, kecamatan Kuta, kabupatèn Kudus, Jawa Tengah. Mesjid punika wujudnipun unik lan nyentrik, saha ngadahi menara ingkang wujudipun memper (mirip) kalian bagunan candi. Mesjid Menara Kudus punika dipunpaduaken budaya Islam kaliyan budaya Hindu.

Sejarahé Menara Kudus minangka icon kanggo pariwisata ing Kabupaten Kudus, Kawasan Menara Kudus minangka salah sawijing situs cagar budaya kang dilindungi pemerintah (UU pasal 15 dan 26 tentang Benda Cagar Budaya), amarga ing sajroning kawasan kasebut ana Situs Masjid lan Makam Sunan Kudus. Sunan Kudus (Jafar Shodiq) yaiku salah sawijing sunan ing pulau jawa kang disebut Walisongo (Sembilan Wali), piyambakipun (Sunan Kudus) nyebar ajaran agama Islam ing tanah Jawa mliginé ing Kudus lan netep. dhéweké uga pangedegé Menara Kudus kang dibangun ing jamantransisi antarané jaman Majapahit nuju Islam (taun 965 H utawa1549).

Sunan Kudus duwèni cara kang wicaksana sajroning dakwahé. Kayata, dhéweké bisa ngadaptasi lan pribumisasi ajaran Islam ing tengahé bebyaran kang wis duwèni budaya mapan kaliyan mayoritas beragama Hindu lan Budha. ampuran budaya Hindu lan Budha sajroning dakwah kang dilakokaké Sunan Kudus, salah sawijiné bisa didelok ing mesjid Menara Kudus iki. Bbagan iki bisa diweruhi saka enkripsi ( sandi ) ing watu kang amabné 30 cm lan panjang 46 cm kang ana ing mihrab masjid kang diserat ing basa Arab.[1]

Arsitektural Masjid Menara Kudus iki terdiri saka 5 lawang sisih tengen, lan 5 lawang sisih kiwa. Jendelané kabèh ana 4 cacahé. Lawng kang gedhe besar terdiri saka 5 cacahé, lan cagak kang gedhe ing sajroning mesjid kang asalé saka kayu jati ana 8 cacahé. Nanging mesjid iki ora padah asliné, lebih gedhe saka awalé amarga ing taun 1918 - an wis direnovasi. Ing jeroné ana kolam mesjid, kolam kang bentuké "padasan" kasebut yaiku peninggalan jaman purba lan didadéké minangka panggonan wudhu. Ing sajroné mesjid ana 2 cacahé bendera, kang ana ing tengen lan kiwa panggonan khatib maca khutbah. Ing serambi ngarep mesjid ana lawang gapura, kang biasa disebut masyarakat "Lawang kembar". Ing komplek Masjid uga ana pancuran kanggo wudhu kang jumlahé wolu. Ing duwuré pancuran iku ana arca. Jumlahé wolung pancuran, ngadaptasi keyakinan Buddha, yaiku ‘Delapan Jalan Kebenaran’ utawa Asta Sanghika Marga. [sunting]Menara


Menara Masjid Menara Kudus iku dhuwuré sekitar 18 meter lan Ing bagian dhasarnya ukuran 10 x 10 m, Ing sekelilingé dihias kaliyan piringan-piringan kang gambaré kang jumlahé ana 32. 20 antarané warna biru lan lukisané masjid, manusia kaliyan unta lan wit kurma. 12 buah lainé warnané abang putih kagambar kembang. Sajroning menara ana ondo kang digawé saka kayu jati kang diduga digawé ing taun 1895 M. Ing bangunanné jelasa ana hubungan antarané, amarga bangunan Menara Kudus iku terdiri dari 3 babagan : (1) Kaki (2) Badan lan (3) Puncak bangunan. Uga dihiasi seni hias, utawa artefix ( hiasan kang arupa bukit ).[2] sikil lan awak menara dibangun lan diukir kaliyan tradisi Jawa-Hindu, uga motifnya. Ciri liané isa dideleng ing material watu bata kang dipasang tanpa semen. Teknik konstruksi tradisional Jawa uga bisa dideleng ing bagéan kepala menara kang bentuké bangunan model kayu jati kaliyan patang soko guru kang nopang rong tumpuk atap tajuk. Ing bagéan puncak atap tajuk ana mustoko (kepala) kayata ing puncak atap tumpang bangunan utama masjid-masjid tradisional ing Jawa kang jelas merujuk ing elemen arsitektur Jawa-Hindu.