Masjid Cut Mutiah
| Masjid Cut Mutiah | |
Katon ngarep Masjid Cut Mutiah |
|
| Informasi dhasar | |
|---|---|
| Dunung | Jl. Cut Mutiah No. 1 Jakarta Pusat, DKI Jakarta, Indonésia |
| Afiliasi agama | Islam |
| Dhèskripsi arsitèktur | |
| Jinis arsitèktur | Masjid |
| Gaya arsitèktur | Art Nouveau |
| Spesifikasi | |
| Kubah | Dudu kubah nanging kubus biasa |
| Menara | Ora ana |
Masjid Cut Mutiah iku salah siji masjid sing dumunung ing Dalan Cut Mutiah Nomor 1, Jakarta Pusat, DKI Jakarta, Indonésia. Bangunan masjid iki minangka salah siji peninggalan sajarah saka zaman penjajahan kolonial Walanda. Masjid iki nduwèni kaunikan dhéwé lan kamungkinan ora ana ing masjid-masjid liya. Salah siji kaunikané yaiku mihrab masjid iki didèlèh ing sisih kiwa saka saf salat (ora ing tengah kaya padatan). Saliyané iku posisi safé uga dumunung miring marang bangunan masjid amarga bangunan masjid ora persis ngadhep kiblat.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Masjid iki biyèné bangunan kantor biro arsitèk (sekaligus pangembang) N.V. (Naamloze vennootschap, utawa Perseroan terbatas) Bouwploeg, Pieter Adriaan Jacobus Moojen (1879 - 1955) sing mbangun wilayah Gondangdia ing Menteng.
Wiwitan madeg [sunting]
Sadurungé alih fungsi minangka masjid, bangunan iki naté dipigunakaké minangka kantor pos, kantor Jawatan Sepur Walanda lan kantor Kempetai Angkatan Laut Jepang (1942 - 1945). Sawisé Indonésia mardika, naté dipigunakaké minangka kantor Urusan Perumahan, nganti Kantor Urusan Agama (1964 - 1970).[1] Lan nembé ing zaman pamaréntahan Gubernur Ali Sadikin diresmèkaké minangka masjid tingkat provinsi kanthi surat kaputusan nomer SK 5184/1987 tanggal 18 Agustus 1987.[2]
Wiwitané masjid iki jenengé Yayasan Masjid Al-Jihad sing diadegaké déning èksponèn '66 kaya Akbar Tanjung lan Fahmi Idris.[2] Ing kurun wektu orde lama, gedhung iki uga naté didadèkaké gedhung sekretariat MPRS.
Jeneng Bouwploeg dhéwé saiki isih kasisa minangka jeneng Pasar Boplo ing sakuloné stasiun sepur Gondangdia.
Galeri [sunting]
-
Foto tua dari Masjid Cut Mutiah, pada masa pendudukan kolonial Belanda. Wektu semana, bangunan iki isih arupa kantor arsitek N.V. Bouwploeg, Pieter Adriaan Jacobus Moojen
Rujukan [sunting]
- ^
Austria Maria van Engels: Menantu Habib Kwitang. Penerbit Republika. Hal 5-7 - ^ a b ek, Deddy. "Masjid Cut Mutiah Jakarta", 10 Januari2010. diaksès tanggal 25 Juli 2010.