Masjid Agung Wolio

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Masjid Al-Muqarrabin Syafyi Shaful Mu'min utawa luwih dikenal kanthi jeneng Masjid Agung Wolio iku sawijining masjid sing dumunung ing Kutha Bau-Bau, Pulo Buton, Sulawesi Kidul-wétan.

Sajarah [sunting]

Masjid iki dibangun taun 1712 déning Sultan Sakiuddin Durul Alam sing mimpin Kasultanan Buton nalika iku minangka masjid paling tuwa ing Sulawesi Kidul-wétan (Sultra) lan minangka lambang kejayaan Islam ing jaman semana. Para ahli yakin yèn Masjid Agung Wolio iku masjid paling tuwa ing Sulawesi Kidul-wétan. Nanging, sejatiné ana sawijining masjid liya sing luwih tuwa sing dibangun ing mangsa pamaréntah Sultan pisanan Buton, Kaimuddin Khalifatul Khamis utawa Sultan Murhum (1427-1473). Mung, masjid iku kobong jroning perang sedulur ing Kasultanan Buton. Sabanjuré, Sultan Sakiuddin Darul Alam, sing kasil menang jroning perang sedulur kasebut, mbangun Masjid Agung Wolio kanggo ngganti masjid sing wis kobong.

Rujukan [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Masjid_Agung_Wolio&oldid=859847"