Balung iga
Jroning anatomi, balung iga utawa iga (Latin: costae iku balung dawa sing mlengkung lan mbentuk rongga dhadha.) Balung iga nglindhungi dhadha (Latin: thorax), paru-paru, jantung, ati, lan organ njero liyané ing rongga dhadha.
Ing mamalia, balung iga mung ana ing bagéan dhadha. Nanging ing reptil, balung iga kadhangkala ana wiwit bagéan gulu nganti sacrum.
Ana sawetara jinis iwak sing bisa nduwèni nganti 4 iga ing saben balung gegeré.
Manungsa (priya lan wanita) nduwèni 24 balung iga (12 pasang). Bab iki pisanan dipratélakaké déning Vesalius ing taun 1543 kanggo ngrampungi kontroversi wektu semana. Ana telung jinis balung iga, yakuwi:
- 7 pasang balung iga landhung / iga sejati (os.costae vera)
- 3 pasang balung iga wekas / iga palsu (os.costae sporia)
- 2 pasang balung iga cendhak / iga melayang (os.costae fluctuantes)
[sunting] Referensi
- Clinically Oriented Anatomy, 4th ed. Keith L. Moore and Robert F. Dalley. pp. 62-64
|
|||||||||||||||||||