Menyang kontèn

Basa Sangsekerta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sansekerta:)
Sangsekerta
saṃskṛtam
Gambar:Sanskrtam devanagari javanese.png
Pronunciation [səmskr̩t̪əm]
Dituturaké ing India Agung
Gunggung panutur
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Tanpa aksara asli. Ditulis nganggo manéka aksara saka kulawarga Brahmi.[1]
Status resmi
Basa resmi ing India
Regulated by No official regulation
Kodhe basa
ISO 639-1 sa
ISO 639-2 san
ISO 639-3 san



Cithakan:Infobox Language/Indic

Basa Sangsekerta/ Sangskretā (Jawa: ꦨꦴꦰꦱꦁꦱ꧀ꦏꦽꦠꦩ꧀), (saṃskṛtam , asliné ing aksara Déwanagari संस्कृता वाक् saṃskṛtā vāk, "basa rinengga") iku basa Indo-Éropa sing lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu sing dawa dhéwé, tèks tuwa dhéwé ing basa iki, Rgwéda dianggit ing watara taun 1500 SM.[2] Basa Indo-Éropa liyané sing bisa nandhingi 'umuré' basa iki saka kulawarga basa Indo-Éropa namung basa Hitit.[3] Basa Sangsekerta iku basa suci utama agama Hindhu lan Buda.[4] Saiki basa iki kalebu salah siji saka 22 basa resmi ing India. Banjur ing praja Uttarakhand.

basa Sangsekerta Klasik iku basa sing wis dibakokaké déning Pāṇini, ing layang paramasastrané ing watara abad kaping 4 SM. Posisi basa iki ing anak bawana India lan Asia Kidul Wétan mèmper karo posisi basa Latin lan Yunani ing Éropa minangka basa Klasik. Basa Sangsekerta ndarbèni pangaribawa sing gedhé marang sapérangan gedhé basa ing anak bawana India lan uga ing Asia Kidul Wétan.

Basa Sangsekerta saka mangsa pra-klasik diarani basa Sangsekerta Wéda. Basa iki sing dienggo ngripta Rgwéda lan mbokmanawa wis dienggo wiwit taun 1500 SM.

Tembung Sangsekerta, ing basa Sangsekerta Saṃskrtabhāsa tegesé basa sing sampurna. Tembung kriya sipat sáṃskṛta- bisa dipertal minangka "rinoncé, ginawé, diwangun kanthi jangkep, alus, apik, éndah". Tembung iki turunan saka tembung wod saṃ-skar- "ndokok bareng, ngripta, nyepakaké, nyiapaké, nyedyakaké" [5] kamangka saṃ- tegesé "bareng, padha" (kaya ing basa Jawa sami) lan (s)kar- "makarya, nggawé".

Tembung iki kanthi umum tegesé "digawé rampung, paripurna, bubar" lan bisa tinemu ing Rgwéda. Banjur ing basa Wéda minangka tembung aran nétral saṃskṛtám, iku tegesé uga "préparasi, papan sing disiapaké" lan dadi "papan ritus sing katutup, papan kurban".

Minangka tembung kanggo "basa agung" utawa "basa rinengga", tembung sifaté namung muncul ing basa Sangsekerta Wiracarita lan Klasik, kaya ta ing Manusmrti lan Mahabharata. Basa sing dirujuk minangka saṃskṛta utawa "basa budaya" tegesé mesthi basa "suci" lan "adiluhung" lan namung ditrapaké kanggo kaperlon agama lan diskusi ngèlmiah ing India Kuna. Karepé, tandhingané basa prākṛta-, utawa basané wong cilik sing ora tau sinau.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Basa Sangsekerta iku anggota saka sub-rumpun Indo-Iran saka kulawarga basa Indo-Éropa. Saduluré sing cedhak dhéwé iku basa-basa Iran: basa Pèrsi Kuna lan basa Avesta. Sajeroning kulawarga basa Indo-Éropa sing luwih amba, basa Sangsekerta raket karo basa-basa Satem, mligi basa Slavik, Baltik saha Yunani.

Basa Wéda

[besut | besut sumber]

basa Sangsekerta kaya déné sing direkam déning Panini, iku tumuwuh saka basa Wéda. Wiwitané basa Wéda iku ing watara taun 1500-1200 SM. Basa Wéda iku basa sing kanggo nganggit Rgwéda. Para ngèlmuwan lumrahé mbédakaké basa Wéda saka basa Sangskerta Klasik utawa "basa Panini". Loro-loroné dianggep dhialèk sing séjé. Sanadyan lorone mèmper, nanging ana sawatara prabédané ngenani fonologi, kosakata, paramasastra lan sintaksis.

Mangsa Weda iki miturut para nimpuna dipungkasi nalika kitab Upanisad kaanggit.[6] Ing watara taun 1000 SM, basa Wéda wis ngalami transisi saka basa ibu dadi basa kapindho.

Basa Sangsekerta Klasik

[besut | besut sumber]

Kanggo mèh 2000 taun, ana sawijining tlatah kabudayan tunggal ing Asia Kidul, Tengah, Kidul Wétan lan uga Asia Wétan sing nampa pangaribawané basa Sangsekerta.[7] Korpus basa Sangsekerta Pasca-Wéda sing gedhé mligi bisa tinemu ing wiracarita misuwur Hindhu; Ramayana lan Mahabharata. Sanadyan mangkono, ing pustaangka pustaka iki uga ana wangun-wangun basa sing séjé saka paramasastrané Panini. Nanging iki dudu déné unsur-unsur pra-Panini. Wangun-wangun iku bisa diarani "inovasi" utawa prabawa saka basa Prakreta.[8]

Suruté Basa Sangsekerta ing India

[besut | besut sumber]
Pertalan Alkitab ing basa Sangsekerta mawa Aksara Grantha saka abab kaping 19

Ana sawatara studi sosiolinguistik prakara basa Sangsekerta lésan sing mènèhi kesan manawa basa iki olèhé dienggo kanthi lésan iku cupet lan panuwuhané wis mandeg jaman biyèn.[9]

Pangaribawa basa Sangsekerta ing basa Jawa

[besut | besut sumber]
Deleng uga: Pratélan tembung silihan saka basa Sangsekerta ing basa Jawa

basa Sangsekerta ing kala mbiyèn kanggo nulis sadurungé basa Jawa dienggo. Mula saiki akèh banget tetembungan saka basa Sangsekerta sing kalebu ing kosakata dhasar basa Jawa. Tetembungané iki kaya ta: utawa, jala, yuswa, kunci, griya, sirah lan sabanjuré.[10] Ing basa Jawa Kuna, tetembungan Sangsekerta luwih akèh manèh, miturut Profésor Piet Zoetmulder, kurang luwih saparo saka 25.500 èntri ing bausastra Jawa Kunané, iku asalé saka basa Sangsekerta.[11]

Fonologi

[besut | besut sumber]

basa Sangsekerta mbédakaké 48 foném.[12] Ana 13 foném vokal lan ana 36 foném konsonan.[12] Vokal iku diarani svarāḥ lan konsonan diarani Sparśāḥ.[13]

Svarāḥ
a ā i ī u ū ṛ ṝ ḷ ḹ
e ai o au[13]
Sparśāḥ
k kh g gh ṅ; c ch j jh ñ; ṭ ṭh ḍ ḍh ṇ; t th d dh n; p ph b bh m
y r l v
ś ṣ s h
ṃ ḥ[13]

Ing basa Sangsekerta ana vokal tunggal, a, ā, i, ī, u, ū, ṛ, ḷ lan vokal dobel: e, ai, o, au.[13] Saliyané iku, lan sok-sokan uga ditambahaké.[14][15]

Miturut Haryati Soebadio, vokal ing basa Sangsekerta diucapaké mèmper ing basa Indonésia.[16] Sing kudu digatèkaké iku vokal-vokal dawa ā, ī lan ū sing kudu didawakaké pocapané mawa tutuk sing luwih kabuka sithik.[16] Banjur ṛ lan ḷ diucapaké er lan el, kaya ing tembung Indonésia bermain lan pelbagai.[16] Ing tradisi Jawa lumrahé dianggep dadi re.[17] Miturut Monier-Williams, (Déwanagari ) diucapaké kaya ing tembung Inggris merrily.[15] Kamangka (Déwanagari ) pocapané mèmper tembung Inggris marine.[15] Banjur (Déwanagari ) miturut Monier-Williams kudu diucapaké kaya revelry.[15] Manawa (Déwanagari ) pocapané mèmper sadurungé iki nanging didawakaké uniné.[15]

Konsonan

[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki kapacak konsonan-konsonan basa Sangsekerta mawa pocapané ing aksara IPA.[18]

Lambé
Ōshtya
Lambé untu
Dantōshtya
Untu
Dantya
Rétroflèks
Mūrdhanya
Palatal
Tālavya
Velar
Kanthya
Glotal
Letupan
Sparśa
Tanpa aspirasi
Alpaprāna
p [p] b [b] t [t̪] d [d̪] [ʈ] [ɖ] c [c͡ɕ] j [d͡ʑ] k [k] g [ɡ]
Karo aspirasi
Mahāprāna
ph [pʰ] bh [bʱ] th [t̪ʰ] dh [d̪ʱ] ṭh [ʈʰ] ḍh [ɖʱ] ch [c͡ɕʰ] jh [d͡ʑʱ] kh [kʰ] gh [ɡʱ]
Nasal
Anunāsika
m [m] n [n̪] [ɳ] ñ [ɲ] [ŋ] [~]
Sémivokal
Antastha
v [ʋ] y [j]
Likwida
Drava
l [l] r [r]
Swara desis
Ūshman
s [s̪] [ʂ] ś [ɕ] [h] h [ɦ]

Pocapan konsonan Sangsekerta ora béda karo basa Jawa, mligi konsonan rétroflèks ([ʈ]) lan ([ɖ]).[16] Sing kudu digatèkaké yaiku manawa aspira h ing konsonan kh, gh lan sapanjuré kudu diunèkaké.[16] Banjur vokal nasal lan (anusvāra) pocapané mèmper 'ng'.[16]

Paugeran sandhi

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Paugeran sandhi ing basa Sangsekerta

basa Sangsekerta ndarbèni sistém fonologi sing njlimet ngenani sandhi utawa panyambungan antar foném. Ing basa Sangsekerta sistém iki dibakokaké lan akèh aturané.

Tuladha:

  • a + u → o (ca uktam-> coktam "lan kacelathu")[19]
  • o + i → avi
  • t + j → jj (tat janma-> taj janma "kalairan iki")[20]

Minangka tuladha, ana wiwitan saka Carita Nala ing Mahabharata uniné:

āsīd rājā nalo nāma vīrasenasuto balī
upapanno guṇair iṣṭai rūpavān aśvakovidaḥ[21]
(Jarwa: 'Biyèn ana ratu asmané Nala, digdaya putra Wiraséna; asifat rahayu, bagus tur baud ing ngèlmu katuranggan')

Tanpa sandhi tulisané bakal mengkéné:

āsīt rājā nalaḥ nāma vīrasenasutaḥ balī
upapannaḥ guṇai iṣṭai rūpavān aśvakovidaḥ

Sistém panulisan

[besut | besut sumber]
Mugi Bathara Siwa ngreksa sadaya siswa basaning para Jawata (ukara Sangsekerta déning Kalidasa), ing sawetara aksara turunan Brahmi.

Mula-mulané basa Sangsekerta iku ora ditulis nanging namung diapalaké waé kanthi lésan. Tèks katulis kapisan ing kulawarga basa Indo-Arya malah dudu basa Sangsekerta nanging basa Prakreta sing bisa dianggep turunane basa Sangsekerta. Nalika iki kalaksanan, pilihan aksarane gumantung saka aksara sing dienggo déning juru tulisé. Meh kabèh jinis aksara saka Asia Kidul naté dienggo nulisaké basa Sangsekerta. Ing India, aksara Dewanagari saya akèh dienggo nulisaké basa Sangsekerta wiwit abad kaping 19. Bangsa Éropa nganggo aksara Dewanagari lan Latin kanggo nyithak basa Sangsekerta.

Tulisan tuwa dhéwé ing India sing dienggo basa Indo-Aryaiku diarani aksara Brahmi. Tulisan iki sing kapisan dienggo nulisaké basa Sangsekerta ing abad 1 SM.[22] Nalika basa Sangsekerta ditulisaké, mligi basa kanggo nulis tèks-tèks administrasi, susastra utawa ngèlmiah. Tèks-tèks suci namung dilestarèkaké kanthi lésan lan nalika ditulis namung kanthi "gelem ora-ora" (miturut salah sawijining komentator) lan nalika ditulis uga wis kalebu jaman mutakir.

Banjur suwé-suwé aksara Brahmi iki dadi tulisan sing séjé-séjé lan akèh ing antarané sing dienggo nulisaké basa Sangsekerta. Kira-kira sajaman karo aksara Brahmi, aksara Kharosthi dienggo ing tlatah lor kulon India. Banjur ing watara abad kaping 4 nganti abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta minangka turunané aksara Brahmi dadi umum dienggo. Saka abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta nurunaké aksara Sarada. Aksara Sarada banjur diganti déning aksara Déwanagari wiwit abad kaping 11 nganti 12 mawa tahap-tahap antara kaya ta aksara Siddham. Ing India sisih wétan, aksara Bengali lan sawisé iku aksara Oriya dienggo. Banjur ing India sisih kidul, papané basa-basa Drawida dicaturaké, aksara Pallawa lan turunané akèh dienggo nulisaké. Aksara Pallawa iki uga sing bakal nurunake kabèh aksara Nuswantara.

Tulisan ing prasasti Sangsekerta kapisan saka Nuswantara, asalé saka Pulo Kalimantan lan asalé saka sakiwa tengené abad kaping 4, prasasti iki awujud yupa lan sing yasa yaiku Prabu Mulawarman.

Paramasastra

[besut | besut sumber]

Minangka sawijining basa Indo-Éropa, basa Sangsekerta iku kagolong basa flèksi mèmper basa Latin utawa basa Jerman. Nanging béda karo basa Latin, morfologiné luwih amba. Akèh fungsi-fungsi sajeroning ukara dituduhaké mawa sufiks utawa imbuhan akir (contoné panggonan, arah, asal, pasif, kapénginan, larangan lan sapanjuré). Amerga basa Sangskerta iku kagolong basa flèksi, mula urutan tetembungan sajeroning ukara bisa bébas.[23] Sanadyan mangkono urutan sing lumrah yaiku urutan SOV.[24]

Tembung aran

[besut | besut sumber]

Basa Sangsekerta minangka basa flèksi, nrapaké déklinasi marang tembung aran, tembung sipat, tembung ganti lan tembung sipat-pronominal. Déklinasi dilakokake miturut:

1. Telung jinis kelamin[25]
  1. Maskulin
  2. Féminim
  3. Nétral
2. Telung modus cacah[25]
  1. Singularis utawa tunggal
  2. Pluralis utawa jamak
  3. Dualis utawa dobel
3. Wolung kasus
kasus nominatif, kasus vokatif, kasus akusatif, kasus instrumèntalis, kasus datif, kasus ablatif, kasus génitif lan kasus lokatif[25]

Para nimpuna saka Donya Kulon mbédakaké 8 kasus ing basa Sangsekerta, nanging Pāṇini namung mbédakaké 6 karaka sing cocog karo kasus nominatif, akusatif, datif, instrumèntalis, vokatif, lokatif, lan ablatif.[26] Déning Pāṇini kasus-kasus iki dipérang kaya mengkéné (Aṣṭadhyayi, I.4.24–54):

  1. Apadana
  2. Sampradana
  3. Karana
  4. Adhikarana
  5. Karman
  6. Karta

Kanggo nandhani status saben tembung sajeroning ukara, mula kasus dipigunakaké, kasus iki ditandhani mawa imbuhan ing pungkasané tembung.[27]

Ing ngisor iki minangka tuladha kapacak paradigma kasus satunggaling tembung singular deva (Déwa, Gusti utawa Raja). Tembung iki tembung kelamin maskulin lan ndarbèni pokok akir-a[28]:

Tunggal Dualis Jamak Jarwa
Nominatif
(Kartā)
deva-s dev-au dev-ā-s T: "Déwa"
D: "Déwa loro"
J: "Para Déwa"
Vokatif (he) deva (he) dev-au (he) dev-ās T: "Hé Déwa"
D: "Hé Déwa loro"
J: "Hé Para Déwa"
Akusatif
(Karman)
deva-m dev-au dev-ā-n T: "marang Déwa" lan sabanjuré
D: "marang Déwa loro" lan sabanjuré
J: "marang Para Déwa" lan sabanjuré
Instrumèntalis
(Karaṇa)
dev-ena deva-bhyām deva-bhis T: "karo Déwa" lan sabanjuré
D: "karo Déwa loro" lan sabanjuré
J: "karo Para Déwa" lan sabanjuré
Datif
(Sampradāna)
dev-āya deva-bhyām dev-e-bhyas T:"Kanggé Déwa"
D: "Kanggé Déwa loro"
J: "Kanggé Para Déwa"
Ablatif
(Apādāna)
dev-āt deva-bhyām dev-e-bhyas T:"saka Déwa"
D: "saka Déwa loro"
J: "saka Para Déwa"
Génitif
(Sambandha)
deva-sya deva-y-os dev-ām T: "gadhah Déwa"
D: "gadhah Déwa loro"
J: "gadhah Para Déwa"
Lokatif
(Adhikaraṇa)
dev-e deva-y-os deve-ṣu T: "ing Déwa"
D: "ing Déwa loro"
J: "ing Para Déwa"

Tembung kriya

[besut | besut sumber]

Basa Sangsekerta mbédakaké telung warna tembung kriya sing biyasa diarani aktif, médial lan pasif.[29][30] Istilah ing basa Sangsekerta dhéwé kanggo aktif iku parasmaipadam lan kanggo médial ātmanepadam.[29] Paraismapadam iku dienggo kanggo wong liya utawa 'transitif' kamangka ātmanepadam iku dienggo awaké dhéwé utawa réflèksif.[29]

Mèmper ing tembung aran, tembung kriya uga didéklinasi mawa telung cacah: singularis utawa tunggal,dualis, lan jamak.[29]

Tembung camboran

[besut | besut sumber]
Artikel pokok: Tembung camboran ing basa Sangsekerta

Kompositum utawa tembung-tembung camboran ing basa Sangsekerta akèh banget ditrapaké, mligi sing magepokan karo tembung aran.[31] Ing basa Wéda tembung-tembung camboran iki isih prasaja.[31] Nanging sawisé iku mligi para pujangga Kāvya olèhé nganggo dadi saya ndadra lan tetembungan kaya mengkéné iki bisa dawa banget kasilé.[31] Sacara nomimal tembung majemuk iku wanguné kanthi morfologis sajatiné padha waé, mesthi kabangun saka rong tembung aran.[32] Nanging rong tembung aran iki bisa dadi péranganing kompositum liyané.[32] Saben tembung aran (utawa tembung sipat) ing wujud dhasaré karo unsur pungkasan waé sing didéklinasi miturut kasusé.[31] Miturut Gonda ana lima wangun kompositum, yaiku Dvandva, Avyayībhāva, Tatpuruṣa, Karmadhāraya lan Bahuvrīhi.[33]. Saliyané iku isih ana Dvigu.[34]

Dvandva

Tembung camboran jinis dvandva iku lumrahé kawujud saka rong unsur tembung aran lan bisa dipertal mawa tembung 'lan'.[35] Tuladhané hastyaśvau "gajah lan jaran" saha sukhaduḥkam "suka lan duka, seneng lan sangsara".[35]

Tatpuruṣa

Tembung camboran iki lumrahé gabungan antara tembung aran lan tembung kriya.

Avyayībhāva
Karmadhāraya
Bahuvrīhi

Bahuvrīhi iku tembung camboran sing artiné iku wis dadi arti turunan. Contoné tembung bahuvrīhi iku kanthi barès tegesé "akèh beras" nanging arti turunané dadi "wong sugih" awit wong sing bisa nduwé beras akèh iku wong sing sugih.

Dwigu

Tembung camboran dwigu iku tembung camboran sing dumadi saka rong unsur: tembung wilangan lan tembung aran.[34] Contoné yaiku dwi-gu sing tegesé "regané rong lembu".[34] Dvigu iku sajatiné kalebu tembung camboran tatpuruṣa[34]

Cathetan suku lan réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Banerji 1989
  2. Encyclopaedia Britannica, diaksès tanggal 9 April 2011
  3. Dokumèn ing basa Hitit luwih tuwa tinimbang tèks basa Sangskerta sing tuwa dhéwé: Encyclopaedia Britannica diakses tanggal 9 April 2011
  4. basa suci liya agama Buda iku basa Pali.Encyclopaedia Britannica
  5. "to put together, compose, arrange, prepare", miturut Monier-Williams (1899:1120)
  6. Witzel, Inside the Texts-Beyond the Texts, harvard 1997
  7. Pollock (2001:393)
  8. Oberlies (2003:xxvii-xxix)
  9. Hock, H. "Language death phenomena in Sanskrit: Grammatical evidence for attrition in contemporary spoken Sanskrit" in Studies in the Linguistic Sciences v.13 no.2 1983 Dept. of Linguistics, University of Illinois at Urbana-Champaign Dept. of Linguistics
  10. Poerwadarminta (1953:3)
  11. Zoetmulder (1995:xiv)
  12. a b Gonda (1966:9)
  13. a b c d Haryati Soebadio (1983:1)
  14. Gonda (1966:2,9)
  15. a b c d e Monier-Williams (1899:xxxvi)
  16. a b c d e f Haryati (1983:2)
  17. Zoetmulder (1995:xviii-xix)
  18. http://www.sanskritweb.net/deutsch/ipa_sans.pdf
  19. Gonda (1966:13)
  20. Gonda (1966:14)
  21. http://titus.uni-frankfurt.de/texte/etcs/ind/aind/mbh/mbh.htm?mbh347.htm
  22. Salomon (1998), p. 86
  23. Staal, J.F. (1967), Word Order in Sanskrit and Universal Grammar, Springer Science & Business, ISBN 9789027705495
  24. Gillon, B.S (March 25, 1996), "Word order in Classical Sanskrit", Indian linguistics, 57 (1–4): 1, ISSN 0378-0759
  25. a b c Haryati Soebadio (1983:9-10)
  26. http://www.chass.utoronto.ca/epc/srb/cyber/man3.html
  27. Haryati Soebadio (1983:9)
  28. Haryati Soebadio (1983:11)
  29. a b c d Haryati Soebadio (1983:33)
  30. Gonda (1966:43)
  31. a b c d Haryati Soebadio (1983:87)
  32. a b Gonda (1966:81)
  33. Gonda (1966:82-84)
  34. a b c d Monier-Williams (1899:504)
  35. a b Gonda (1966:82)

Pratélan pustaka

[besut | besut sumber]
  • Jan Gonda, 1966, A Concise Elementary Grammar of the Sanskrit Language, Tuscaloosa and London: The University of Alabama Press. Translated from the German by Gordon B. Ford, Jr. ISBN 0-8173-0072-4
  • Sir Monier Monier-Williams, MA K.C.I.E., 1899, A Sanskrit-English Dictionary. Oxford: Oxford University Press
  • W.J.S. Poerwadarminta, 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff N.V.
  • Prof. Dr. Ny. Haryati Soebadio, 1983, Tatabasa Sanskerta Ringkas, Jakarta: Djambatan
  • P.J. Zoetmulder bekerja sama dengan S.O. Robson, 1995, Kamus Jawa Kuna-Indonésia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. Penerjemah Darusuprapta, Sumarti Suprayitna ISBN 979-605-346-4

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]