Menyang kontèn

Penjor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar penjor kuningan

Penjor miturut I.B. Putu Sudarsana tembung Pénjor iku asalé saka tembung "Pényor", kang bisa diwènèhi teges "Pengajum" utawa "Pengastawa", lajeng kélangan aksara nasal "ny" dadi tembung garba saéngga dadi tembung "Pénjor" ang duwé teges lan maksud Sarana kanggo nindakaké pengastawa.[1]

Pénjor iku salah sijiné ubarampé upacara rikala ngrayakaké dina Galungan lan dadi simbol Gunung kang ngewenehi kaslametan lan kasajahteraan, kaya déné Gunung Agung, kang ana Pura Besakih ing kana lan dadi panggonan sembahyang wong Hindhu kang paling gédhé ing Indonesia.[2]

Jinise Penjor

[besut | besut sumber]

Wong Bali ngertèni jinisé pénjor ana loro ya iku Pénjor Sakral lan Pénjor Hiasan.[3]

Penjor Sakral

[besut | besut sumber]

Pénjor Sakral ya iku péranganing upacara agama, kaya upacara galungan, piodalan ing pura.[3] Pénjor sakral kang digunakaké rikala dina Galungan isiné sanggah pénjor, ana pala bungkah lan pala gumantung, sampiyan, lamak, jajan lsp.[3]

Penjor Hiasan

[besut | besut sumber]

Pepénjoran utawa penjor rerenggan racaké digunakaké rikala ana lomba désa, pista seni lsp.[3] Pénjor jinis iki isiné ora ana sanggah penjore, ora ana pala bungkah utawa pala gantung, porosan lsp.[3]

Pénjor Galungan

[besut | besut sumber]

Pénjor Galungan ya iku pénjor kang duwé sipat réligius lan sakral lan duwé fungi dhéwé ing upacara agama lan wajib digawé jangkep karo ubarampéné.[1]

Wektu Masang Penjor

[besut | besut sumber]

Wong Hindhu ing Bali rikala dina Galungan racaké nggawé penjor.[4] Penjor Galungan ditancepake ing Dina Selasa/Anggara wara/wuku Dungulan kang dingerteni mawa dina Penampahan Galungan kang tegesé tegake dharma.[4] Penjor dipasang utawa ditancepake ana ing lebuh ngarep sisih tengen gapura latar.[4] Yèn omahé madhep lor mula penjor ditancepake ing sisih wétan gapura latar.[4] Sanggah lan lengkungan pucuk penjor madhep ing tengah dhalan.[4] Penjor bisa dijabut ing dina Redite Umanis (sadina sawisé Kuningan).[2] Lajeng ubarampe kaya sampian, lamak sarta ubarampe upacara Galungan liyané bisa diobong lan separo awune disimpen ing degan kelapa gading kang dikasturi.[2] Ing dina Buda Kliwon Pahang (35 dina sawisé Dina Galungan), awu ing jero kelapa gading mau dijangkepi mawa sarana kawangen lan 11 dhuwit receh sabanjuré dipendhem ing latar omah utawa dikelikake lan nyuwun pakukuh jiwa urip (kadirgayusan).[2]

Tujuan Masang Penjor

[besut | besut sumber]

Penjor dipasang mawa swadharma umat Hindhu kang ngewujudake rasa bekti lan rasa syukur marang Ida Sanghyang Widhi Wasa.[1] Penjor uga dadi tandha maturnuwun manungsa amarga sedaya kemakmuran kang dilimpahake déning Ida Sang Hyang Widhi Wasa.[1] Pring dhuwur melengkung ya iku gambaran saka gunung kang paling dhuwur mawa panggonan kang suci.[1] Hiasan kang kagawé saka kelapa, gedhang, tebu, pari, jajan lan kain iku dadi pralambang saka kabèh tuwuhan-tuwuhan sarta barang sandhang pangan saka Hyang Widhi Wasa.[1]

Ubarampe Penjor

[besut | besut sumber]

Penjor iku pring kang pucuke ngelengkung, diwènèhi rerenggan karo janur sarta godhong-godhong liya. Ubarampe penor Pala bungkah kaya tela, pala gumantung kaya kelapa, timun, gedhang, nanas lsp, Pala Wija kaya jagung, pari lsp, jajan sarta sanggah Ardha Candra jangkep karo sajenne.[1] Ana ing pucuk penjor digandhulake sampiyan penjor jangkep karo porosan lan kembang.[1] Sanggah Penjor Galungan nggunakaké Sanggah Ardha Candra kang digawé saka pring kang digawé kotak dhasaré lan nglengkung separo dhuwure saéngga arep padha karo Ardha Candra.[1]

Unsur-unsur Penjor

[besut | besut sumber]

Gawe penjor ora kena sembarangan. Kudu manut karo aturan Sastra Agama, saéngga ora mung dadi rerenggan tok.[1] Saktemene unsur-unsure penjor mau ya iku pralambang-pralambang suci, kang didakekae dhedhasar wujudé ajaran Weda, saéngga ngetokaké anané aji-aji etika Agama.[1] Unsur-unsur ana ing penjor mawa pralambang-pralambang kaya ig ngisor iki:

  • Kain Putih kang ana ing penjor dadi pralambang kakuwatan Hyang Iswara.[1]
  • Pring dadi pramlambang kakuwatan Hyang Rudra.[1]
  • Kelapa dadi pralambang kakuwatan Hyang Mahadewa.[1]
  • Godhong-godhong (plawa) dadi pralambang Hyang Sangkara.[1]
  • Pala bungkah, pala gumantung dadi pralambang kakuwatan Hyang Wisnu.[1]
  • Tebu dadi pralambang Kakuwatan Sambu.[1]
  • Sanggah Ardha Candra dadi pralambang kakuwatan Hyang Siwa.[1]
  • Upakara dadi pralambang kakuwatan Hyang Sadha lan Parama Siwa.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Penjor Galungan Archived 2023-10-09 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 28 Oktober 2012)
  2. a b c d Babad Bali (dipunundhuh tanggal 28 Oktober 2012)
  3. a b c d e Mengenal Penjor Archived 2012-09-01 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 28 Oktober 2012)
  4. a b c d e Penjor Galungan di Bali (dipunundhuh tanggal 6 November 2012)