Gègèr Pacinan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Pambantéan tahanan Tionghoa

Gègèr Pacinan (uga misuwur minangka Tragedi Angke; ana ing Walanda: Chinezenmoord, kang tegesé "Matèni wong Cina") ya iku pogram kanggo wong katurunan Cina ing kutha palabuhan Batavia, Indhiya Nèderlan (saiki Jakarta). Panindhesan ing kutha saka 9 Oktober 1740 nganti 22 Oktober; manéka warna paprangan cilik-cilik nganti tekan sasi November 1740. Kabingungan masarakat Tionghoa iku amarga réprèsi pamaréntah lan kurangé asil makarya akibat saka mudhuné rega gula rikala semana. Kanggo nanggepi kabingungan iku, ana ing patemon Dhéwan Hindhia (Raad van Indië), badan pemimpin Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC), Gubernur-Jendral Adriaan Valckenier mbiwara yèn ontran-ontran apa waé bisa diwales karo kakerasan uga patèn-patènan. Pangumuman saka Valckenier iku ditindhakaké saka tanggal 7 Oktober 1740 sawisé wong-wong Tionghoa akèh kang dadi buruh pabrik gula matèni 50 prajurit Walanda. Panguwasa Walanda ngirim prajurit tambahan, kang njupuk senjata saka wong-wong Tionghoa lan nindakaké jam wengi. Ésuké sawisé diwedèni kejemé wong-wong Tionghoa, golongan ètnis Batavia wiwit mbakar omah-omahé wong Tionghoa ing Kali Besar. Déné prajurit Walanda nyerang wong Tionghoa nganggo mriem. Ontran-ontran iki langsung nyebar ing kutha Batavia saéngga akèh wong Tionghoa kang mati. Valckenier mbiwara yèn ana pengampunan kanggo wong Tionghoa tanggal 11 Oktober, nanging golongan prajurit isih mburu wong Tionghoa nganti tanggal 22 Oktober, nalika Valckenier mbiwara yèn ontran-ontran wajib dibubaraké. Ing njaba kutha prajurit Walanda perang karo buruh pabrik gula. Sawisé ontran-ontran, prajurit Walanda nyerang markas Tionghoa ing manéka warna pabrik gula. Wong Tionghoa kanthi slamet ngungsi menyang Bekasi. Kira-kira punjul 10.000 wong katurunan Tionghoa dipatèni. Gunggung wong slamet kurang luwih 600 nganti 3000. Sabanjuré ontran-ontran kadadéan ing kabèh tlatah Jawa lan ana kadadéan perang kang suwené rong taun, kanthi wadya gabungan Tionghoa lan Jawa nglawan prajurit Walanda. Sawisé iku, Valckenier diundang menyang Walanda lan dituntut amarga katuté dhèwèké ing ontran-ontran; Gustaaf Willem van Imhoff nggantèkaké dadi gubernur-jendral. Tekan jaman modhèren, ontran-ontran iki kerep tinemu ing sastra Walanda. Ontran-ontran iki uga dadi asal muasal jeneng tlatah ing Jakarta.

Anané Gègèr Pacinan[besut | besut sumber]

Gubernur-Jendral Valckenier kang mrentah supaya wong Tionghoa dipatèni

Ing kalamangsa wiwitan kolonialisasi Indhiya Nèderlan, akèh wong Tionghoa didadèkaké tukang yasan nalika yasa kutha Batavia ing pinggir Segara Jawa;[1] uga ana kang dadi bakul, buruh pabrik gula utawa duwé toko. [2] Tumindak dol tinuku Indhiya Nèderlan lan Tiongkok, kang punjeré ing Batavia, nguwataké ékonomi lan imigrasi wong Tionghoa menyang Tanah Jawa. Cacahé wong Tionghoa ing Batavia taun 1740 ana punjul 10.000 wong, èwonan manèh omah ing jaban kutha.[3] Pamaréntah kolonial Walanda majibaké wong-wong Tionghoa nduwé layang idhèntifikasi, lan wong kang ora duwé layang bakal dibalèkaké menyang Tiongkok. [4]

Kawicaksanan dhéportasi diketataké ing taun 1970-an, sawisé ana wabah malaria kang ndadèkaké èwonan wong mati. Gubernur-Jendral Dirk van Cloon.[4][5] Miturut sejarawan Indonésia Benny G. Setiono, epidemik iki bebarengan karo mundhaké rasa cubriya lan duwé endhem-endheman (dendam) marang ètnis Tionghoa, kang cacahé saya akèh lan saya sugih. [5] Akibaté, Komisaris Urusan Orang Pribumi Roy Ferdinand, manut pakoné Gubernur-Jendral Adriaan Valckenier, mutusaké yèn tanggal 28 Juli 1740 warga Tionghoa kang ora resmi arep di dhéportasi menyang Zeylan (saiki Sri Lanka) lan dipeksa dadi tani kayu legi.[5][6][7][8] Wong Tionghoa kang sugih diperes panguwasa Walanda lan diancem arep di dhéportasi;[5][9][10] Stamford Raffles, ahli sajarah saka Inggris lan ahli sajarah Jawa, nyathet yèn wong Walanda diwènèhi pangertèn Kapitan Cina (pemimpin ètnis Tionghoa kang ditemtokaké Walanda) kanggo Batavia, Ni Hoe Kong, supaya ndhéportasèkaké kabèh wong Tionghoa kang nganggo klambi ireng utawa biru, sebab kang nganggo klambi kaya mangkono kang wong ora nduwé. [11] Ana uga désas-desus yèn wong sng dirim menyang Zeylan ora tekan Zeylan nanging dibuwang ing segara, [3][9] utawa wong-wong iku mati nalika nggawé ontran-ontran ing kapal.[11] Anceman dhéportasi iki ndadèkaké wong Tionghoa bingung, lan akèh buruh kang malih ora nyambut gawé. [3][9]

Sawetara iku wong Batavia (Batawi) asli dadi mèlu sujana marang wong Tionghoa. Sing ndadèkaké tambah sujana ya iku masalah ékonomi, wong pribumi mlarat déné wong Tionghoa sugih-sugih. [12][13] Sejarwan Walanda A.N. Paasman ngandaraké manawa wong Tionghoa iku kaya wong Yahudiné Asia.,[7] Sejatiné ora kabèh wong Tionghoa iku sugih, ana uga kang mlarat ya iku kang dadi buruh pabrik gula.[14] Wong Tionghoa kang sugih duwé pabrik lan dadi tambah sugih amarga dol tinuku, uga dhistribusi arak, ombenan saka molase lan beras. [14][15] Nanging panguwasa Walanda nemtokaké rega gula kang ndadèkaké resah.[16] Akibaté rega gula ing donya mudhun, disebabaké ekspor gula menyang Éropah mundhak [17] indhustri gula ing Indhiya Nèderlan banjur rugi. Tekan taun 1740, rega gula ing pasar global tikel loro saka rega taun 1720 nganti taun 1740. Amarga gula dadi salah sawijining èkspor Indhiya Nèderlan, nagara jajahan iku ngalami krisis finansial.[18] Awité anggota Dhéwan Hindhia (Raad van Indië) nganggep yèn wong Tionghoa ora bakal nyerang Batavia,[9] lan kawicaksanan kang luwih tegas bab ngatur wong Tionghoa, ditentang fraksi kang kapimpin déning mantan gubernur Zeylan Gustaaf Willem baron van Imhoff, kang bali menyang Batavia taun 1738.[19][20][21] Nanging, katurunan wong Tionghoa tekan ing piggiran Batavia, lan tanggal 28 September Valckenier lan anggota dhéwan rapat darurat. Ing rapat iku, Valckenier mréntah supaya ontran-ontran kang asalé saka wong Tionghoa bisa diaké kanthi kakerasan. [5] Nanging kaputusan iku ditentang déning fraksi van Imhoff; Vermeulen (1938)[lower-alpha 1] kang duwé panemu kategangan rong fraksi iku duwé peranan ing pambantéan.[6]

Tanggal 1 Oktober wengi wong-wong Tionghoa wis padha kumpul ing ngarep gedhong Batavia, wong-wong Tionghoa ngamuk amarga omongané Valckenier limang dina kapungkur.[22] Nanging sawisé matèni sersan keturunan Bali ing wates kutha, dhéwan mutusaké kanggo nambah prajurit kang njaga kutha.[6][23] Rong golongan saka wong Éropah lan kuli pribumi dikirim menyang pos penjagaan sisih kidul lan wétan Batavia [24] banjur rencana perang digawé.[6][23]

Prastawa[besut | besut sumber]

Pambantéan[besut | besut sumber]

Omah-omah wong Tionghoa padha diobong

Sawisé golongan buruh pabrik gula katurunan Tionghoa brontak gawa gaman kang digawé dhéwé kanggo njarah lan mbakar pabrik,[14][lower-alpha 2]kang jaréné kapimpin déning Kapitan Cina Ni Hoe Kong,[lower-alpha 3] matèni 50 prajurit Walanda ing Meester Cornelis (saiki Jatinegara) lan Tanah Abang tanggal 7 Oktober.[5][10] Kanggo nanggepi serangan iki, pemimpin Walanda ngirim 1.800 prajurit kang dikancani schutterij (milisi) lan sewelas batalyon wajib militèr kanggo nglèrèni pambrontakan. Pasukan mau uga nindakaké jam malam lan mbatalaké pengetan Tionghoa kang wis dijadwalaké.[5] Amarga wedi marang wong Tionghoa arep gawé prakara ing wengi iku, kang manggon ana ing pinggiran ora kena nyumet lilin lan nyerahaké kabèh gaman uga péso kang paling cilik.[28] Ésuké, prajurit Walanda bisa nangkis serangan saka 10.000 wong Tionghoa, kang kapimpin déning golongan saka Tangerang lan Bekasi, ing témbok kutha; [6][29] Raffles nyathet 1.789 wong keturunan Tionghoa mati ing serangan iki. [30] Kanggo nanggepi serangan iki, Valckenier nganakaké rembugan Dhéwan Hindhia manèh tanggal 9 Oktober.[6][29] Sawetara iku kabar ngenani wong Tionghoa kang arep matèni lan mrawasa wong pribumi wiwit nyebar ing ètnis liya, uga batur tukon saka Bali lan Sulawesi sarta prajurit Bugis lan Bali.[4][31] Kanggo nyegah kadadéan iku, golongan-golongan ètnis liya wiwit ngobong omah-omahé wong Tionghoa ing Kali Besar. Banjur serangan saka Walanda marang wong Tionghoa ing Batavia. Pulitikus Walanda kang anti-kolonis W.R. van Hoëvell nulis yèn "wong wadon kang lagi ngandhut lan nyusoni, bocah cilik, lan priya gaek mèlu ing serangan. Tahanan dibanté kaya domba."[lower-alpha 4]

Wadyabala pimpinané Letnan Hermanus van Suchtelen lan Kaptèn Jan van Oosten, serdhadhu Walanda kang slamet saka serangan ing serangan di Tanah Abang, mara menyang pacinan: Suchtelen lan widyabalané mara menyang pasar manuk, déné widyabalané van Oosten ing pos cedhak kanal.[33] Jam lima sore, serdadu Walanda wiwit nembak meriem ing omah-omahé wong Tionghoa, saéngga omah-omah padha kobong.[34][8] Wong Tionghoa padha mati nalika metu saka ngomah la nana uga kang bunuh diri. Sing bisa tekan kanal dipateni widyabala Walanda kang ngenteni ing prau cilik. [34] sawetara prajurit Walanda kang liya mondar-mandir ing omah-omah kang kobong, nggoleki lan matèni wong Tionghoa kang isih urip. [32] Kadadean iku banjur nyebar ing kabèh wewengkon Batavia. [34]

Ésuké kakerasan mau nyebar, lan pasièn Tionghoa ing salah sawijining Rumah Sakit digawa metu lan dipateni.[35] Usaha kanggo nglereni kobongan ing Kali Besar during kasil, kobongan iku malah tambah ndadra, lan lagi mati tanggal 12 Oktober. [36] Sawetara iku, golongan kang jumlahe 800 widyabala Walanda lan 2.000 wong pribumi nyerbu Kampung Gading Melati, ana ing kana ana wong Tionghoa kang umpetan, pimpinané ya iku Khe Pandjang.[lower-alpha 5] Nanging sanajan warga Tionghoa ngungsi ing wewengkon Paninggaran, warag Tionghoa uga diusir déning widyabala Walanda. Sekitar 450 wong Walanda lan 800 wong Tionghoa kang dadi kurban ing ontran-ontran iku.[30]

Prastawa manèh[besut | besut sumber]

Tahanan Tionghoa dipateni wadyabala Walanda tanggal 10 Oktober 1740.

Tanggal 11Oktober, Valckenier ngakon opsir-opsir Walanda kanggo nglèrènaké jarah rayah, nanging ora kasil. [39] Ngesuké Dhéwan Hindhia nemtokaké yèn saben wong kang nggawa ndas wong Tionghoa arep diregani rong dukat; iku mau gawé mancing wong suku liya supaya mèlu mbantai wong Tionghoa.[39] Akibaté, wong Tionghoa kang slamet saka serangan kapisan wiwit digoleki “bandit” kang kepengen marang hadiahé.[35] Panguwasa Walanda lan golongan pribumi bareng-bareng ing Batavia; grenadir Bugis lan Bali kang dikirim kanggo nguwataké prajurit Walanda tanggal 14 Oktober.[39] Tanggal 22 Oktober, Valckenier mrentahke supaya pambantéan dilereni. [35] Ing surat kang isiné kesalahan kabèh saka wong Tionghoa nalika ontran-ontran ing Batavia, dhèwèké ngajak wong Tionghoa damai, kajaba pamimpin pamberontakan, dhèwèke ngajokaké pangaji 500 rijksdaalder kanggo saben pemimpin kang dipatèni.[40] Ing pinggiran kutha ontran-ontran cilik isih ana antarané wong Tiongha lan widyabala Walanda. Tanggal 28 Oktober, sawisé rong minggu, ontran-ontran cilik mau kadadéan, 500 wong Tionghoa mangkat ing Cadouwang (saiki Angke), nanging diusir déning kavaleri kang pimpinané Ridmeester Christoffel Moll sarta Kornet Daniel Chits lan Pieter Donker. Ngesuké kavaleri iku, kang anggotané 1.594 widyabala Walanda lan pribumi iku nyedhaki markasé wong Tionghoa ing Pabrik Gula Salapadjang. Ana ing kana widyabala Walnda iku ngumpul ing alas, banjur ngobong Pabrik kang isiné wong Tionghoa; salah sawijiné pabrik liya ing Boedjong Renje diobong déning widyabala Walanda liyané. [41] Amarga wedi karo widyabala Walanda wong-wong Tionghoa ngungsi ing pabrik gula ing Kampung Malayu, kang kira-kira patang jam saka Salapadjang; nanging markas iki banjur diobong Walanda kanthi pimpinan Kapten Jan George Crummel. Sawisé ngalahaké wong Tionghoa, wadyabala Walanda bali menyang Batavia.[42]Sauntara iku, wong Tionghoa dikurung, 3.000 prajurit saka Kasultanan Banten, mlayu ngétan nuruti pasisir lor tanah Jawa;[43] 30 Oktober ana lapuran manawa wong Tionghoa wis ngliwati Tangerang. [42]

Préntah kanggo gencatan senjata tekan marang Crummel tanggal 2 November. Dhèwèké lan widyabalané bali menyang Batavia sawisé 50 wong kang njaga ing Cadouwang. Nalika Crummel teka ing Batavia, wis ora ana manèèh pamberontak Tionghoa kang ana ing njaba témbok.[44] Penjarahan banjur kadadéan tekan tangga; 28 November lan widyabala pribumi bébas tugas akir November[39]

Asil[besut | besut sumber]

Van Imhoff lan anggota Dhéwan Hindhia liya ditangkap sawisé nentang Valckenier.

Akèh Sejarawan kang nyathet yèn 10.000 wong Cina kang ana ing kutha Batavia dipatèni. Watara 600 nganti 700 omah diobong lan dijarah. [45][46] Vermeulen nyatet yèn 600 wong Tionghoa slamet,[39] déné sejarawan Indonésia A.R.T. Kemasang nyathet 3.000 jiwa kang slamet.[47] Déné Sejarawan Tionghoa-Indonésia Benny G. Setiono nyathet yèn 500 tahanan lan pasin rumah sakit dipatèni,[45] déné jumlah wong kang slamet 3.431. [48] Sawisé ontran-ontran iki banjur ana kalamangsa kang rawan ana ing pulo Jawa, ya iku pambantéan marang warga Cina. Ing Semarang taun 1741, ing Surabaya lan Gresik.[49]Minangka dadi salah sawijining syarat kanggo nglereni ontran-ontran, kabèh wong Batavia keturunan Tionghoa dipindhahaké menyang pacinan ing cedhak wates kutha Batavia, kang saiki dadi Glodok. Iki maraaké wong Walanda gampang ngawasi wong Tionghoa. [50] Kanggo lunga saka pacinan, wong Cina mbutuhake tikèt mirunggan. [51] Nanging taun 1743, wis ana atusan bakul Tionghoa kang bakulan ana ing Batavia. [3] Wong Tionghoa liya dipanggedhèni déning Khe Pandjang[37] ngungsi menyang Jawa Tengah, wong-wong Tionghoa nggabung mèlu widyabala kang dipanggedhèni déning Sultan Mataram, Pakubuwana II. Sanajan perang wis rampung taun 1743, [52] nanging sasuwéné 17 taun isih ana konflik ing Jawa. [2]Tanggal 6 Dhésèmber 1740 van Imhoff lan 2 anggota Dhéwan Hindhia ditangkep amarga dituding mbangkang karo Valckenier lan tanggal 13 Januari 1741, wong-wong mau dikirim menyang Walanda nganggo kapal kang béda;[53][54] tekan Walanda tanggal 19 September 1741. Ing Walanda, van Imhoff ngyakinaké Heeren XVII, kang nyekel saham utama VOC, yèn Valckenier kang marakaké ana ontran-ontran ing Batavia, uga sesorah kang judhulé "Consideratiën over den tegenwoordigen staat van de Ned. O.I. Comp." ("Pertimbangan amarga Kaanan Mutakhir ing Indhiya Nèderlan") tanggal 24 November.[55][56] Akibat saka sesorah mau, van Imhoff lan anggota dhéwan liya dibébasaké ska tuntutan.[57] Tanggal 27 Oktober 1742, van Imhoff dikirim manèh menyang Batavia nganggo kapal Hersteller dadi Gubernur Jenderal Indhiya Nèderlan kang anyar. Dhèwèké tekan Batavia tanggal 26 Mèi 1743.[55][58][59]

Valckenier olèh layang yèèn dhèwèké arep digantèkaké déning van Imhoff dadi gubernur Jendral taun 1741;[60] versi liya ya iku Heeren XVII ngganti Valckenier minangka ukuman akibat kakean ngekspor gula ora kopi taun 1739, kang ndadèkaké VOC rugi.[61][62] Nalika Valckenier olèh surat iku, van Imhoff isih ing dalan arep menyang Wakanda. Valckenier lunga saka Indhiya Nèderlan tanggal 6 November 1741, sawisé milih Johannes Thedens dadi gantiné tekan van Imhoff bali menyang Batavia. Tanggal 25 Januari 1742 dhèwèké tekan Cape Town nanging ditangkep lan diselidiki déning Gubernur Hendrik Swellengrebel saka prentahé Heeren XVII. Valckenier dikirim manèh menyang Batavia Agustus 1742, dhèwèké ditahan ing Benteng Batavia, telung sasi banjur digugat marang pirang-pirang tuntutan kalebu tuntutan Gègèr Pacinan. [63] Maret 1744, dhèwèké disalahké lan dituntut ukuman mati lan bandhané disita. [64] Dhésèmber 1744, Valckenier gawé tetélan kanggo mbela awake dhéwé. [59][65][66] Valckenier njaluk luwih akèh bukti marang Walanda, nanging séda ing Tahanan tanggal 20 Juni 1751, sadurungé penyelidikané rampung. Ukuman mati dibatalaké taun 1755.[58][66] Vermeulen ngomong yèn ukuman Valckenier ora adil amarga mung saka amarahé wong Walanda. [67] Kuwi mau banjur diakoni kanthi resmi, sebab taun 1760, anaké Valckenier, Adriaan Isaäk Valckenier, olèh ganti rugi 725.000 gulden.[68]

Produksi gula ing Batavia mudhun akèh sawisé ontran-ontran, amarga wong Tionghoa kang biyèn ngurusi wis padha mati utawa ilang. Industri iku wiwit turun kanthi drastis setelah pambantéan, sebab banyak orang Tionghoa yang dulu mengurus indhustri tersebut wis terbunuh atau hilang. Industri tersebut wiwit maju manèh sawisé Gubernur Jenderal van Imhoff "mengkolonisasi" Tangerang. Awalé dhèwèké nduwé maksud supaya wong kang asalé saka Walanda tetanèn ana kana; dhèwèké duwé panemu yèn wong Walanda kang ana ing Batavia iku males-males. Nanging dhèwèké ora bisa narik wong anyar amarga pajeg Indhiya Nèderlan dhuwur banget, banjur dhèwèké kapeksa adol lemah karo wong Walanda kang ana ing Batavia. Sing duwé lemah mau ora olèh ngerjakaké lemahé, banjur lemahé disewakaké marang wong Tionghoa. [69] Produksi gula mundhak manèh sakwisv iku, nanging lagi taun 1760-an produksi gula padha karo taun 1740-an, sakwisv iku produksinv wiwit kurang manèh. [69][70] Jumlah pabrik gula uga saya sithik. Taun 1710 ana 131 pabrik, nanging taun 1750 mung 66 pabrik. [15]

Prabawa[besut | besut sumber]

Vermeulen kandha yèn ontran-ontran iki salah sawijining prastawa kang misuwur ing kolonialisme Walanda abad 18. [lower-alpha 6][71] Ing disertasiné, W. W. Dharmowijono ngadhakaké yèn pogrom iki duwé peran kang gedhé ing sastra Walanda. Dharmowijono nyathet ana gurit déning Willem van Haren kang ngritik ontran-ontran iki (saka taun 1742) lan gurit anonim, saka périodhe kang padha, kang ngritik wong Tionghoané.[72] Raffles nulis taun 1830 yèn cathetan historis Walanda luwih pepak lan mirunggan.[lower-alpha 7][73]

Sejarawan asal Walanda Leonard Blussé nulis yèn Gègèr Pacinan ndadèkaké kutha Batavia tuwuh ngrembaka, nanging agawé dikotomi antarané ètnis Tionghoa lan pribumi isih krasa nganti tekan pungkasan abad angka 20.[74] Ontran-ontran iki uga ndadèkaké asal jeneng-jeneng sawetara laladan ing Jakarta. Kayata Tanah Abangm ya iku amarga akèh wong Tionghoa kang dipatèni ana ing kana; van Hoëvell duwé panemu yèn jeneng iku dianggo supaya wong Tionghoa slamet saka pogrom lan luwih rikat nrima amnèsti.[75][76] Jeneng Rawa Bangke dijupuk saka tembung bangkai utaea jisim, amarga wong Tionghoa akèh kang dipatèni ana ing panggonan iku. [75]

Katrangan[besut | besut sumber]

  1. Dalam Vermeulen, Johannes Theodorus (1938). De Chineezen te Batavia en de troebelen van 1740 [Warga Tionghoa di Batavia dan Masaalah Pada Tahun 1740] (ing basa Nèderlan). Leiden: Proefschrift. [6]
  2. Atusan wong, tuladhané, pos penjagaan cilik ing Qual, cedhak Kali Tangerang lan dijaga 15 prajurit.[25]
  3. Miturut cathetan sajarah, Kong slamet saka serbuan lan pambantéan. Carané ora pati dingertèni, ana kang ngomong yèn dhèwèké umpetan ing ruwang bawah tanah kang ana ing omahé utawa nyamar dadi wadon banjur ing pura gubernur.[26] Miturut W.R. van Hoëvell, Kong ngumpulaké atusan wong sawisé minggat saka istanana lan umpetan ana ing gréja Portugis cedhak pacinan.[27] Dhèwèké akhiré ditangkep lan dituntut kanthidakwan mimpin prajurit pembrontak. Dheweé dipeksa nanging ora ngaku.[26]
  4. Asli: "... Zwangere vrouwen, zoogende moeders, argelooze kinderen, bevende grijsaards worden door het zwaard geveld. Den weerloozen gevangenen wordt als schapen de keel afgesneden").[32]
  5. Jenengé dieja béda-béda ing manéka warna sumber, ya iku Khe Pandjang, Que Pandjang, Si Pandjang, atau Sie Pan Djiang.[30][37][38] Setiono nyebutaké jeneng asliné Oie Panko.[38]
  6. Asli: "... markante feiten uit onze 18e-eeuwse koloniale geschiedenis tot onderwerp genomen".
  7. Asli: "... far from complete or satisfactory."

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan sikil
  1. Tan 2005, k. 796.
  2. a b Ricklefs 2001, k. 121.
  3. a b c d Armstrong, Armstrong & Mulliner 2001, k. 32.
  4. a b c Dharmowijono 2009, k. 297.
  5. a b c d e f g Setiono 2008, kk. 111–113.
  6. a b c d e f g Dharmowijono 2009, k. 298.
  7. a b Paasman 1999, kk. 325–326.
  8. a b Hall 1981, k. 357.
  9. a b c d Pan 1994, kk. 35–36.
  10. a b Dharmowijono 2009, k. 302.
  11. a b Raffles 1830, k. 234.
  12. Raffles 1830, kk. 233–235.
  13. van Hoëvell 1840, kk. 461–462.
  14. a b c Kumar 1997, k. 32.
  15. a b Dobbin 1996, kk. 53–55.
  16. Mazumdar 1998, k. 89.
  17. Ward 2009, k. 98.
  18. von Wachtel 1911, k. 200.
  19. Dharmowijono 2009, kk. 297–298.
  20. van Hoëvell 1840, k. 460.
  21. Encyclopædia Britannica 2011, Gustaaf Willem.
  22. van Hoëvell 1840, kk. 465–466.
  23. a b van Hoëvell 1840, kk. 466–467.
  24. van Hoëvell 1840, k. 468.
  25. van Hoëvell 1840, k. 473.
  26. a b Dharmowijono 2009, kk. 302–303.
  27. van Hoëvell 1840, k. 585.
  28. Pan 1994, k. 36.
  29. a b Setiono 2008, k. 114.
  30. a b c Raffles 1830, k. 235.
  31. Setiono 2008, kk. 114–116.
  32. a b van Hoëvell 1840, k. 485.
  33. van Hoëvell 1840, k. 486.
  34. a b c Setiono 2008, k. 117.
  35. a b c Setiono 2008, kk. 118–119.
  36. van Hoëvell 1840, kk. 489–491.
  37. a b Dharmowijono 2009, k. 301.
  38. a b Setiono 2008, k. 135.
  39. a b c d e Dharmowijono 2009, k. 300.
  40. van Hoëvell 1840, kk. 493–496.
  41. van Hoëvell 1840, kk. 503–506.
  42. a b van Hoëvell 1840, kk. 506–507.
  43. Ricklefs 1983, k. 270.
  44. van Hoëvell 1840, kk. 506–508.
  45. a b Setiono 2008, k. 119.
  46. van Hoëvell 1840, kk. 491–492.
  47. Kemasang 1982, k. 68.
  48. Setiono 2008, k. 121.
  49. Kemasang 1981, k. 137.
  50. Setiono 2008, kk. 120–121.
  51. Setiono 2008, k. 130.
  52. Setiono 2008, kk. 135–137.
  53. Geyl 1962, k. 339.
  54. van Eck 1899, k. 160.
  55. a b Blok & Molhuysen 1927, kk. 632–633.
  56. Raat 2010, k. 81.
  57. van Eck 1899, k. 161.
  58. a b Setiono 2008, kk. 125–126.
  59. a b Geyl 1962, k. 341.
  60. Vanvugt 1985, k. 106.
  61. Ricklefs 2001, k. 124.
  62. Raat 2010, k. 82.
  63. Stellwagen 1895, k. 227.
  64. Blok & Molhuysen 1927, kk. 1220–1221.
  65. Vanvugt 1985, kk. 92–95, 106–107.
  66. a b Blok & Molhuysen 1927, k. 1220.
  67. Terpstra 1939, k. 246.
  68. Blok & Molhuysen 1927, k. 1221.
  69. a b Ota 2006, k. 133.
  70. Bulbeck et al. 1998, k. 113.
  71. Terpstra 1939, k. 245.
  72. Dharmowijono 2009, k. 304.
  73. Raffles 1830, k. 231.
  74. Blussé 1981, k. 96.
  75. a b Setiono 2008, k. 115.
  76. van Hoëvell 1840, k. 510.
Bibliografi
Rujukan internet