Dretarastra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Drestarastra)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Dretarastra
Drestarastra sajeroning pawayangan Jawa
Drestarastra sajeroning pawayangan Jawa
Déwanagari: धृतराष्ट्र
Éjaan Sanskerta: Dhṛtarāṣṭra
Asal: Hastinapura, Karajan Kuru
Sisihan: Gandari

Prabu Dretarastra utawa Dhestharastra iya Dhestharata iku putra pambayuné Prabu Kresna Dwipayana ing Ngastina patut kalayan Dèwi Dèwi Ambika (yèn ing Mahabharata karan Ambalika), kang nalika wis yuswa banjur lereh keprabon seperlu madeg Pendhita ing Pertapan Wukir Retawu kanthi peparab Begawan Begawan Abiyasa. Nalika isih timure Radèn Dhestharata sesilih Radèn Kuru, kang tegesé ora bisa ndhulu alias wuta. Mula anak-turuné Radèn Dhestharata uga banjur kinaran Kurawa kang asalé saka linggane tembung “Kuru” lan “Hawa” kang tegesé tedhak turuné/dharah Kuru. Semana uga “Pandhawa”, iku asal saka linggané tembung “Pandhu” lan Hawa", kang tegesé tedhak turune Pandhu.

Ing padhalangan, wutané Radèn Dhestharata iku ana pirang –pirang versi. Versi kang sapisan ngandhakaké yèn cacadé Radèn Kuru amarga ibuné, Dewi Ambika, nalika saresmi karo Prabu Kresna Dwipayana tansah ngeremake netrané, saking anggoné wedhi ndulu pasuryane sang Prabu kang ireng tuntheng. Déné versi kang kapindho, ya iku bisa tinemu ing lakon Sentanu Banjut. Ing carita mau, Prabu Sentanu (Santanu) ora netepi janjiné marang Prabu Dipakiswara (Begawan Palasara). Sing kuduné jumeneng ratu ing Ngastina Abiyasa, nanging Prabu Sentanu nedya njumenengake Raden Asthabrata, putrané Sentanu patut karo Dewi Durgandhini (tilas garwane Palasara). Satemah dadi pasulayan ing antarané Prabu Sentanu karo sukmané Begawan Palasara. Kang mangkono gawé gègèr ing Kahyangan. Bathara Narada lan Bathara Wisnu tumurun ing marcapada saperlu nyapih kang nembé pancakara. Bathara Narada paring pangandhika yèn titi wanci iki, Sentanu wis enthek tulise, tegesé wis tumakaning janji. Sentanu kudu lunga saka jagad marcapada bali ing alam kelanggengan. Sajeroning diajak wawan pangandhikan, Prabu sentanu ngraga sukma, sukmane oncat saka ragane manjing ing guwa garbane Dewi Ambika (garwane Raden Asthabratha) kang pinuju nggarbini patang wulan, saperlu mejangake Aji Lebursekethi marang ponang jabang bayi.

Bathara Naradha priksa, nuli paring dhawuh marang Bathara wisnu supaya ngrajah netrane ponang jabang bayi kang ana guwa garba, jalaran yèn si jabang bayi darbe sipat genep, bakal mbebayani, bakal ngumbar angkara murka. Mula kanggo nyudha angkara murka, kudu bayi m,au digawé wuta. Lan klakon bayi dirajah netrane nganggo senjata Cakra déning Bathara Wisnu. Wekasan bayi lair, kahanane cacat netra (wutha) lan banjur kaparingan pusaka asma Raden Kuru iya Raden Dhestharata. Dadi yèn mirutu versi iki, Raden Kuru iya Dhestarata iku tata gelare dadi putrane Abiyasa nanging sejatine utawa putrane Raden Asthbratha. Jalaran nalika Dewi Ambika kagarwa déning Prabu Kresna Dwipayana kahane wis dadi randha.

Sayembara[besut | besut sumber]

Nalika wis ngancik jaka tumaruna, Radèn Dhestharastra bisa palakrama anthuk Dewi Gendari, putriné Prabu Gendhara iya Prabu Suwala saka nagara Gendhara Désa amarga saka lelabuhané Pandhu (adine Dhestharata nunggal rama seje ibu). Déné caritané mangkéné: Nalika Pandhu wus klakon mupu sayembara saka nagara Mandhura, dhèwèké banjur kasil mboyong putri sekarkedhaton Dewi Kunthi iya Dèwi Prita. Ora mung iku baé, Pandhu uga olèh boyongan putri loro manèh, ya iku Dèwi Dèwi Madrim, putriné Prabu Mandrapati saka Mandaraka lan Dèwi Gendari saka Gendhara Désa. Pandhu olehe kaleksanan mboyong putri telu direwangi ngetokahe tètèsing ludira. Ewadéné, putri telu iku ora digarwa kabèh nanging salah sijiné malah nedya dicaosake marang ingkang raka, Raden Dhestharata. Putri tetelune iku banjur disowanake marang ingkang raka supaya milih salah sijiné minangka garwané. Radèn Dhestharata kang wuta iya banjur milih kanthi ngrayangi padharane putri telu mau mbaka siji. Wusanane tibaning pamilih ana Dewi Gendari.

Dewi Gendari rumangsa karuna penggalihe amarga dipilih dadi garwane Raden Dhestharata. Kamangka Dewi Gendari péngin banget dadi garwane Pandhu. Mula Dewi Gendhari gething banjur gething banget marang Pandhu kang dianggep wis ngloropake dhèwèké ana jurang kasangsaran. Mula Dewi Gendari banjur prasapa manawa yèn dhak turune Pandhu ora bakal bisa akur lan tansah memungsuhan karo anak-anaké. Sawisé sawetara anggoné bebrayan, wusanané Dewi Gendari nggarbini, lan banjur nglairaké ponang jabang cacah satus kang banjur diarani Sata Kurawa iku. Ing tembe, putrane Dhestharata iku kabèh padha palastra ing perang Baratayudha mungsuh karo para Pandhawa, putrane Prabu Pandhu Dewanata kang cacahé mung lima iku

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa