Martin Evans
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 1032 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Martin Evans | |
|---|---|
| Lair | 1 Januari 1941 (umur 72) Stroud, Gloucestershire, Inggris. |
| Kabangsan | Britania Raya |
| Babagan | Biologi perkembangan |
| Institusi | University College London University of Cambridge Universitas Cardiff |
| Alma mater | Christ's College, Universitas Cambridge. |
| Misuwur amarga | Penemuan sel punca embrionik, dan pertumbuhan pukulan tikus dan pengarahan gen. |
| Pengaruh | Jacques Lucien Monod Sydney Brenner |
| Notable awards | Albert Lasker Award for Basic Medical Research (2001) 20px Nobel Kedokteran (2007) |
Sir Martin John Evans FRS (lair ing Stroud, 1 Januari 1941; umur 72 taun) inggih punika salah satunggaling genetikawan Inggris, ingkang dipunhurmati kanthi panemon kados pundi ngkulturaken sel punca wonten ing taun 1981, lan karyanipun babagan pertumbuhan tikus ingkang sampun dipunlumpuhaken lan teknologi gegayutan penargetan gen]. Wonten ing taun 2007, piyambakipun menangaken Hadhiah Nobel Kedokteran sesarengan kaliyan Oliver Smithies lan Mario Capecchi kanggé pengakuan karya penargetan genipun.[1]
Piyambakipun pikantuk gelar B.A. wonten ing bidang biokimia saking Christ's College, University of Cambridge wonten ing taun 1963. Piyambakipun nampi gelar M.A. nalika taun 1966 lan DSc wonten ing taun 1996. Nalika taun 1969 piyambakipun dipunanugrahi gelar PhD saking University College London.
Sabibaripun lulus saking Universitas Cambridge, piyambakipun remen babagan kontrol genetika saking pertumbuhan vertebrata. Panaliténi PhD-nipun ingkang awal nyebabaken piyambakipun njajahi panggonan kultur sel induk teratokarsinoma tikus wonten ing sistem kultur jaringan. Piyambkipun minangka tiyang ingkang kapisanan ingkang "memelihara" sel kasebut wonten ing kultur jaringan ing kahanan ing pundi kasanggupanipun "berdiferensiasi" dipunpertahanaken kanthi boten winates.[2]
Boten dumugi taun 1981 sabibaripun kondur dhateng Cambridge, piyambakipun saged ngisolasi sel ingkang sami saking embrio tikus normal. Lajeng piyambakipun kaliyan kancanipun nedahaken bilih sel-sel kasebut, ingkang dipunkenal minangka sel induk embrionik saged sedayanipun dipunanggé "meregenerasikan" tikus campuran ingkang fertil saking sel kultur jaringan lan salajengipun saged nyebabaken mutasi ingkang dipukenalaken, dipunpilih, lan dipuntapis wonten ing kultur punika. Sakmenika punika dados dhasar tumrap sedaya "pukulan" tikus lan nuju manipulasi genetik.
Perkembangan ingkang dhasar kasebut nyiptakaken jalur énggal kanggé genetika mamalia eksperimental lan lajeng genomik fungsional. Wiwit wekdal punika Sir Martin, ingkang dhateng wonten ing Fakultas Bioteknologi Cardiff University nalika taun 1999, sampun ngeksploitasi pukulan gen lan metode perangkap gen kanggé panemon énggal lan nyiptakaken mode hewani saking penyakit manungsa. Saking laboratoriumipun dumugi demonstrasi ingkang kapisanan saking terapi gen kanggé nambal kekirangan wonten ing fibrosis kistik wonten ing kéwan lan sakmenika, lan model tikus ingkan dipunmutasi, wonten salebeting fungsi BRCA2, gen kanker payudara.
Sir Martin sampun nerbitaken langkung saking 120 karya ilmiah. Piyambakipun kapilih minangka Fellow of the Royal Society wonten ing aun 1993 lan pendiri Fellow of the Academy of Medical Sciences. Nalika taun 1993 piyambakipun dipunanugrahi Walter Cottman Fellowship lan William Bate Hardy Prizes. Piyambakipun dipunanugrahi penghargaan bergengsi Albert Lasker Award for Basic Medical Research wonten ing Amerika Serikat nalika taun 2001. Wonten ing taun 2002 piyambakipun dipunanugrahi gelar doktor kehormatan saking Mount Sinai School of Medicine, New York City, ingkang dipunanggep minangka salah satunggaling pusat donya kanggé gladhén medis lan ilmiah.
Sir Martin ugi minangka anggota Wales Gene Park, ingkang sampun mbekta genetika, ilmu pengetahuan kehidupan, lan pengalaman klinik saking Wales kanggé nyiptakaken pusat énggal kanggé panalitén skala nasional lan internasional ingkang nawakaken fasilitas panalitén, pendidikan, lan eksploitasi komersial.
Piyambakipun dipunanugrahi gelar kebangsawanan wonten ing taun 2004 kanggé pelayananipun wonten ing bidang ilmu kedokteran. Piyambakipun palakrama lan kagungan 3 putra lan 5 wayah.[3]