Karl Landsteiner
| Karl Landsteiner | |
|---|---|
Patung Karl Landsteiner
|
|
| Lair | 14 Juni 1868 Baden bei Wien, near Vienna (Austria) |
| Pati | 26 Juni 1943 (umur 75) New York City |
| Padunungan | United States |
| Kabangsan | United States |
| Babagan | Medicine, Virology, |
| Institusi |
Rockefeller Institute for Medical Research in New York |
| Alma mater | University of Vienna |
| Misuwur amarga |
development of blood group system discovery of Rh factor discovery of poliovirus |
| Notable awards | Nobel Prize in Physiology or Medicine (1930) |
Karl Landsteiner yaiku penemu golongan getih. [1]Landsteiner lair ing Wina, Austria tanggal 14 Juni 1868.[1] Jenenge bapake yaiku Leopold Landsteiner yaiku sawijining jurnalis kang misuwur. [1] Bapake tinggal donya nalika Landsteiner umur enem taun. [1] Banjur dheweke mung urip karo ibune yaiku Fanny Hes.[1] Nalika isih dadi mahasiswa, Landsteiner nganakake pirang-pirang panaliten biokimia.[1] ing taun 1891, dheweke ngumumake paperngenani pengaruh diet tumrap komposisi getih.[1] Landsteiner sinau ilmu kedhokteran ing Universitas Wina lan lulus ing taun 1891.[1] Dheweke banjur sinau bab kimia ing Laboratorium Hantzsch ing Zunich, Laboratorium Emil Fischer ing Wurzburg, lan Laboratorium E Bambebger ing Munich.[1] Sawise dheweke sinau ing telung laboratorium mau, dheweke bali ing Wina lan nyambut gawe ing Rumah Sakit Umum Wina.[1]
Ing taun 1896, dheweke dadi asisten Max von Gruber ing Institut Higiene ing Wina. [2]Nalika kuwi, dheweke kepengin sinau babagan mekanisme kekebalan lan sifat antibody. [2] Ing penemuane kang ngrembag babagan anatomi patologi, histologi, lan imunologi dipamerake ing taun 1919.[2] Ing karyane, dheweke njlentrehake asil observasi lan deskripsi ngenani biologi kanthi teliti.[2] Nanging panemone kang misuwur ing taun 1901 yaiku ngenani golongan getih.[2]Karl Lansteiner tinggal donya nalika tanggal 24 Juni 1943 akibat kena serangan jantung.[2]