Tikus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tikus
Temporal range: Miosen Akir - Saiki
Mencit Mus musculus
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Mammalia
ordo: Rodentia
Superkulawarga: Muroidea
kulawarga: Muridae
Linnaeus, 1758
tikus

Tikus iku kéwan sing kalebu kulawarganing Rodentia.[1] Saka ukurané ana sing gedhé, lan ana sing cilik.[1] Tikus uripé ing ngendi-ngendi panggonan.[1] Ana sing urip ing got, alas, gladhak kapal, sawah, nganti urip ning omah-omah karo manungsa.[1]

Tikus pakanané rupa-rupa, wiwit saka pari, nganti kadhang daging uga dipangan.[1] Tikus bisa manak nganti puluhan lan angèl dituntaské déning manungsa amarga tikus iku cepet yèn ndhuwé anak. Anaké tikus diarani cindhil.[1]

Jenis-jenising tikus yaiku :[1]

Tikus saliyané dadi mungsuhing manungsa lan nyebaraké penyakit kaya sampar , ing negara-negara Walanda akèh sing ndadèkaké tikus minangka kéwan klangenan, malah disayembarakaké kaya Miss Universe, Ratu ayu tikus lan oleh hadhiah medali lan dhuwit.[1]

Mbasmi[sunting | sunting sumber]

Kanggo mbasmi tikus pancén rada angél. [2]Tikus kalebu kéwan kang pinter lan titèn yèn ngerti racun utawa jebakan. [2] Saliyané iku tikus cepet banget manak saéngga cacahé cepet banget tambah. [2] Yèn ora dibasmi tikus bisa nggawe koloni.[2] Ana cara kang jitu supaya tikus bisa lunga saka omah.[2] Sepisan bisa kanhti cara ngendhalékaké gasangan lan jebakan nganggo alat lan racun.[2] Cara kang nomer loro yaiku cara kang nggunakaké perangkap kanggo ngusir tikus.[2] Alat iki bisa nggunakaké aliran listrik utawa setrum.[2] Saben cara ana kaluwihan lan kakurangané.[2]

Gasangan lan jebakan[sunting | sunting sumber]

Ana akéh metode utawa cara kanggo mateni ama tikus, cara iku bisa nganggo gasangan utawa jebakan.[2] Kang paling umum yaiku nganggo penjepit, kurungan lan lém tikus.[2]

Jebakan kanthi model kurungan relatif luwih aman amarga ora nggunakaké bahan kimia kang ana racuné. [2]Bathang tikus uga ora angél yèn diluru amarga tikus bakal mati ing njero perangakap, némplék ing lem utawa ing njero kurungan.[2] Saben kurungan bisa dileboni kurang luwih 15-20 tikus.[2] Tikus got kang ukuran awaké 25 cm uga bisa mlebu ing kurungan iki.[2] Kurungan tikus uga nduwéni kakurangan.[2] Kurungan tikus gampang dititéni tikus.[2] Umpamané ana tikus kang mlebu lan kajebak ing njero kurungan, wayah iku uga tikus liyané bisa ucul saka kurungan.[2] Tikus kang wis bisa metu mau bakal nduwéni akal lan ora bakal liwat ing area kurungan iku manéh. [2] Racun tikus bisa maténi tikus kanthi cepet. [2]Cara iki éféktif nalika populasi tikus akéh banget cacahé. Racun tikus bentuké bubuk lan nduwéni werna ireng.[2] Racun iki bisa diwuwurna ing panganan tikus kayata keju utawa kacang-kacangan. [2]Tikus banjur mangan panganan kang ana racuné mau banjur klenger yen wis sak jam. Racun mau bakal ana reaksiné ing awak.[2] Gasangan nganggo racun tikus uga nduwéni kalemahan.[2] Tikus kadhang-kadhang ora mangan racuné yèn kancan wis mati gara-gara mangan gasangan mau.[2] Saliyané iku, tikus kang wis kena racun bakal mati saenggon-enggon saéngga bathang tikus bakal angél ditemukaké.[2] Biyasané bathang tikus ditemokaké yèn wis bosok lan wis mambu.[2] Ananging yèn ora cepet-cepet ditemokaké, bathang tikus bakal maragaké penyakit.[2]

Racun tikus uga ana sing bentuke bunder lan ana bahan campuran kang disenengi tikus.[2] Racun tikus ngandhut warfarin.[2] Cara kerjané kanthi nggawé pendarahan ing rètina mata tikus.[2] Racun iki bakal ngurangi daya pandang tikus.[2] Saya suwé tikus bakal mati keselen luru panggonan kang padhang supaya bisa ndelok.[2] Tikus mati kurang luwih patang dina sawisé mangan racun.[2]

Perangkap[sunting | sunting sumber]

Saliyané alat kanggo nyekel tikus kanthi konvénsional, ana uga alat perangkap tikus éléktrik.[2] Alat iki nggunakaké listrik AC lan uga kena nganggo batré. Prinsip kerjané padha kaya perangkap tikus biyasa.[2] Tikus dipancing nganggo umpan ln mlebu ing perangkap.[2] Sawisé iku, tikus bakal mati amarga kena setrum listrik saka alat élektrik iku.[2] Perangkap iki uga ana lampu indikatoré kang murup ijo yèn ana tikus kang mlebu.[2] Lampu indikator iki tujuwane supaya pengguna bisa gampang mangerténi lan mbuang bathang tikus.[2]

Kang dadi kaluwihané alat iki yaiku ora ana zat kimia kang ngandhut racun ing alat iki. [2]Bathang tikus uga bisa dibuak lan ora marakaké kecing ambuné.[2] Saliyané nganggo listrik, nyekel tikus uga kena nganggo karbondioksida.[2] Béda karo alat kang éléktrik, alat iki nggunakaké gelombang éléktronik.[2] Gelombang ultrasonik iki bisa nganggu saraf ing kuping tikus lan srangga liyané, anangin bisa aman kanggo manungsa lan kéwan liyané.[2] Sawisé tikus padha mati, resiki omah saéngga tikus ora teka manéh.[2] Saliyané iku tutup dalan tikus kanggo mlebu omah lan resiki panggonan kang bisa dadi sarang tikus.[2]

Racun[sunting | sunting sumber]

RatTropik yaiku racun tikus kang biyasa dianggo maténi tikus ing dhaérah tropis.[3] Racun iki ngandhut bahan aktif Bromadiolon.[3] Tikus kang wis mangan racun iki, 3-4 dina sawisé mangan racun bakal terus luru banyu ing peceren, got amarga krasa ngorong terus.[3]Tikus bakal metu luru banyu saengga tikus ora bakal mati ing njero omah, saéngga ora marai kecing ambuné.[3]

Ana uga racun tikus jinis petrokum 0,005 RB.[4] Racun iki bisa maténi tikus ing kebun klapa sawit, ing sawah, utawa tikus omah. Racun iki ora dicampur ing panganan utawa ombénan.[4] Racun iki nggawé tikus mati kanthi cara garing dadi ora mambu kecing.[4]

Penyakit[sunting | sunting sumber]

Kuman kang nyebabaké penyakit kencing tikus utawa leptospirosis bisa nular saka kéwan ning manungsa.[5]

Miturut Pakar Perunding Veterinar, Dr. Intan Suriati Abdul Manaf, leptospirosis disebabaké bakteria Leptospira sp.[5] Bakteri iki bentuké tipis, lilit-lilitan kaya mata gerudi.[5] Bakteria Leptospira uga bisa urip ing banyu kang tawa nganti sesasi.[5] Bakteri iki uga bisa manak ing banyu masin.[5] Kéwan kang nggawa bakteri Leptospira akéh-akéhé kéwan ingon kayata kucing, arnab, sapi, babi, jaran, kirik.[5] Saliyané iki bakteri iki uga bisa ditularaké kewan liar kayata rakun lan srigala.[5] Penyakit kencing tikus iki uga diarani penyakit Weil, Demam Icterohemorrhage, Penyakit Swineherd's, Demam pesawah (Rice-field fever), Demam Pemotong tebu (Cane-cutter fever), Demam Swamp, Demam Lumpur, Jaundis berdarah, Penyakit Stuttgart, Demam Canicola.[6] Penyakit iki nular kanthi banyu kang wis tercemar karo kuping, kulit, iler irung, cangkem lan mata tikus.[6]

Dr Christopher Lee nerangaké yèn penyakit iki bisa nyerang ing kabéh tlatah donya khususé ing negara kang iklimé tropis.[6] Bakteri leptospirosis bakal akeh populasiné nalika wayah udan utawa banjir.[6] Wong kang kerep kerja lan nduwéni kagiyatan ing jaba luwih gampang kaserang leptospirosis.[6]

Rekod WHO nuduhake kes wabak leptospirosis kang paling akeh maténi wong yaiku nalika jaman Taufan Mitch pada 1995.[6]

Penyakit iki bisa nyerang otak utawa diarani meningitis, kegagalan fungsi hati lan buah pinggang, pendarahan kang ora mandheg-mandheg.[6]

Chatetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h (id)litbang.deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au (id)ideaonline.co.id(dipunundhuh tanggal 24 Mei 2011)
  3. ^ a b c d (id)racuntikus.com(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
  4. ^ a b c (id)kaskus.us(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
  5. ^ a b c d e f g (id)kosmo.com.my(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
  6. ^ a b c d e f g (id)bharian.com.my(dipunundhuh tanggal 25 Mei 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tikus&oldid=803522"