Willem Einthoven
| Willem Einthoven | |
|---|---|
Willem Einthoven in 1906
|
|
| Miyos | May 21, 1860 Semarang |
| Tilar donya | September 29, 1927 Leiden, Netherlands |
| Kabangsan | Netherlands |
| Bidhang | Physiology |
| Lembaga | Universitas Leiden |
| Lulusan saking | Universitas Utrecht |
| Kaahlian | Electrocardiogram |
| Notable awards | Nobel Prize in Medicine in 1924 |
Willem Einthoven yaiku penemu Electrocardiogra (ECG). [1]ECG yaiku piranti kanggo ngukur perubahan listrik.[1] Wiiem Einthove yaiku sawijining wong Belanda kang lair ing Indonesia, yaiku ing kutha Semarang, Jawa Tengah, taun 1860.[1] Sepuluh taun candhake dheweke ngalih ana ing Belanda lan manggon ana ing Utrech.[1] Dheweke sekolah ana ing Leiden University nganti entuk Ph.D lan gelar professor ing almamatere mau.[1] Dheweke uga mulang ana ing universitas mau kang nganthi saiki isih tetep misuwur. [1]Einthoven yaiku sawijining ahli medis kang seneng babagan fisika.[1] Akeh piranti kang wis digawe, utamane kang ana gegayuhane karo fisiologis.[1] Taun 1903, dheweke nemokake string galvanometer, sawijining piranti kang bisa obah amarga perubahan arus listrik ing jero awak. [1]Piranti iki sensitif banget mula nganti bisa deteksi getaran listrik kang cilik. [1]Kanthi ngerteni getaran listrik kang ana ing jantung, kabeh penyakit bisa dideteksi mula bisa ditambani.[1] Kerusakan jantung bisa dimonitor dening para dhokter.[1]
Sadurunge ana alat utawa piranti iki, dhokter nggunakake piranti arupa kolom merkuri kang bisa munggah mudun miturut perubahan arus listrik. [2]Nanging, para dhokter kangelan ngukur perubahan listrik kanthi pas.[2] Apa maneh wektu kang diunakake kanggo ngitung relative kang suwe mula kurang efektif.[2] Ing taun 1927 dheweke tinggal donya nalika umur 67 taun.[2]