Dhokter
Dhokter (saka basa Latin sing tegesé "guru") iku pawongan sing amarga kaèlmuané ngupaya ngobati wong-wong sing lara. Ora kabèh wong sing ngobati panyakit bisa disebut dhokter. Amarga, supaya bisa dadi dhokter biasané kudu ngayahi pendhidhikan lan pelatihan khusus saengga nduwèni gelar ing babagan kedhokteran.
Supaya dadi dhokter, wong kudu ngrampungaké pendhidhikan ing Fakultas Kedhokteran jroning sawetara taun gumantung sistem sing dianggo déning Universitas papan Fakultas Kedhokteran mau.
Ing Indonesia Pendhidhikan Dhokter ngacu marang sawijining Kurikulum Inti Pendhidhikan Dhokter Indonesia (KIPDI). Wektu iki dipigunakaké KIPDI III sing migunakaké sistem Problem Based Learning
Pendhidhikan dhokter ing Indonesia mbutuhaké 10 semester supaya dadi dhokter, 7 semester kanggo ngéntukaké gelar sarjana (Sarjana Kedhokteran/S.Ked) ditambah 3 semester koskap (clerkship) ing Rumah Sakit.
Dhokter sawisé mèlu pendhidhikan lanjut (spesialisasi) umumé dibedakaké dadi:
- dhokter kulawarga - mriksa panyakit sacara umum
- dhokter spesialis - nduwèni keahlian jroning sawijining bidang (organ, golongan lll) medhis sacara spesifik
- dhokter untu - nduwèni keahlian khusus ing bidhang untu
Deleng uga[sunting]
- Sekolah kedhokteran
- Sumpah Dhokter Indonesia
- Etika kedhokteran
- Peradilan Dhokter
- Resep dhokter
- Dhoktor
- Panyakit
- Ikatan Dhokter Indonesia
- Pasièn
Pranala jaba[sunting]
- Ikatan Dokter Indonesia (IDI)
- Pengurus Besar Ikatan Dokter Indonesia (PB-IDI)
- Ikatan Ahli Bedah Indonesia
- Perhimpunan Dokter Spesialis THT-KL Indonesia (PERHATI-KL)