Royal Society
The Royal Society of London for the Improvement of Natural Knowledge, utawa kang luwih dikenal kanthi sesebutan Royal Society mawon, yaiku perkumpulan kang diadegake ing taun 1660 kanthi tujuan majokake ilmu pengetahuan. Organisasi iki duwe piyagam dhukungan saka raja Inggris wektu kuwi, Charles II ing taun 1662.[1] Keanggotaan (fellowship) diresmekake sawise dipilih dening anggota (fellow) kang wis ana. Anggota disyaratke duwe kewarganegaraan salah siji anggota negara-negara persemakmuran utawa Republik Irlandia. Warga negara nonpersemakmuran utawa Republik Irlandia bisa dadi anggota asing (foreign member). Tokoh-tokoh kaya Isaac Newton, Christopher Wren, Charles Darwin, Ernest Rutherford lan Dorothy Hodgkin yaiku anggota Royal Society.[2]
Catatan [sunting]
- ^ "History of the Royal Society". The Royal Society. http://royalsociety.org/page.asp?id=1058. Retrieved 2008-10-24.
- ^ "The Fellowship and Foreign Membership of the Royal Society". The Royal Society. http://royalsociety.org/page.asp?id=2210. Retrieved 2008-10-24.
Pranala luar [sunting]