Paul Ehrlich
| Paul Ehrlich | |
|---|---|
Paul Ehrlich
|
|
| Miyos | Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "{" ora ditepungi, 14 March 1854 Strehlen, Lower Silesia, German Kingdom of Prussia |
| Tilar donya | 20 August 1915 (aged 61) Bad Homburg, Hesse, Germany |
| Warga negara | Germany |
| Bidhang | Immunology |
| Kaahlian | Autoimmunity |
| Notable awards | Nobel Prize in Physiology or Medicine (1908) |
Paul Ehrlich yaiku penemu kemoterapi. [1]Dheweke lair ing Strehlen, Jerman ing tanggal 14 Maret 1854. [1] Bapake yaiku Ismar Ehrlich lan ibune yaiku Rosa Weigert.[1] Nalika isih sekolah, dheweke ora patiya pinter.[1] Nanging biji basa Latin lan Matematikane rada apik. [1] Nalika kuliyah, bijine uga biyasa-biyasa. [1] Nanging kabeh mau ora amarga bodho nanging amarga wektu kanggo sinau kang mung sitik. [1] Dheweke kerep nggunakake wektune kanggo nyoba pirang-pirang zat warna kanggo ngelir jaringan awak kang isih urip. [1] Dheweke tansah kepengin nemokake sawijining barang kang bisa mateni bibit-bibit penyakit ing jero awak manungsa tanpa ngrusak jaringan awak. [1] Paul yakin menawa bibit penyakit mung bisa nyerap zat warna (kimia) tertemtu, kang yen bibit penyakit mau nyerap zat kimia tertemtu liyane, bibit penyakit mau bisa mati.[1]
Tetamban kanthi nggunakake zat kimia diarani kemoterapi. [2]Nalika umur 24 taun, Paul Ehrlich kasil anggone entuk gelar doktor nalika umur 24 taun. [2] Orang mung kuwi, ing taun 1908, dheweke entuk Bebungah Nobel ing bidhang Kedhokteran lan Fisiologi.[2] Paul Ehrlich pancen ilmuwan limpad. [2] Ehrlich tinggal donya nalika umur 61 taun yaiku tanggal 20 Agustus 1915 ing Hamburg, Jerman.[2]