David Baltimore
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 64 dinten 1086 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| David Baltimore | |
|---|---|
Baltimore in 2008
|
|
| Miyos | 07 Maret 1938 New York City, New York, USA |
| Kabangsan | United States |
| Bidhang | Biology |
| Lembaga | Massachusetts Institute of Technology Rockefeller University California Institute of Technology |
| Lulusan saking | Swarthmore College Rockefeller University |
| Kaahlian | Reverse transcriptase Baltimore classification |
| Notable awards | Penghargaan Nobel dalam Fisiologi atau Kedokteran (1975) |
David Baltimore (lair ing New York City, Amerika Serikat, 7 Maret 1938; umur 75 taun) inggih punika salah satunggaling ahli biologi saking Amerika Serikat. [1]
Piyambakipun minangka lulusan Swarthmore College (sarjana, 1960) punika pikantuk gelar Ph.D. saking Rockefeller University nalika taun 1964. Saking taun 1965 dumugi taun 1968, Baltimore makarya wonten ing Salk Institute for Biological Studies wonten ing La Jolla, California. Nalika taun 1968, Baltimore nampi kedudukan ing MIT minangka profesor kolega mikrobiologi; piyambakipun minggah pangkat dados Profesor Biologi wonten ing Massachusetts Institute of Technology nalika taun 1972. Wiwit taun 1973, piyambakipun dados Profesor Mikrobiologi American Cancer.[2]
Nalika taun 1975, ing yuswa kaping 37, nalika wonten ing Institut Teknologi Massachusetts, piyambakipun pikantuk Hadhiah Nobel ing bidang Kedokteran, sesarengan kaliyan Howard Temin lan Renato Dulbecco, kanggé "penemuan" babagan transkriptase berkebalikan, ingkang ngubah RNA ing salebeting DNA. Karya punika ngasoraken dogma ingkang wonten dumugi awal 1970-an: bilih DNA éwah ing RNA, ingkang wonten ing giliranipun ngasilaken protein. Transkriptase berkebalikan inggih punika faktor wigati wonten ing reproduksi retrovirus kadosta HIV.[3]
Sadangunipun ing MIT, Baltimore madegaken Whitehead Institute for Biomedical Research. Piyambakipun minangka organizer konferensi Asilomar babagan DNA rekombinan wonten ing taun 1975.
Kanggé sapérangan ageng tokoh nonsains, Baltimore misuwur wonten ing prastawa kejahatan ilmiah. Nalika taun 1986, Baltimore dados salah satunggaling pengarang karya ilmiah babagan kekebalan kaliyan Thereza Imanishi-Kari lan sanés-sanésipun. Sabibaripun Imanishi-Kari dipundakwa malsukaken data, awalipun Baltimore nolak narik malih kertas punika (éwadéné ing pungkasan dipuntindakaken ugi). Amargi panalitén punika dipun paringi bééa déning pamarétah federal Amerika Serikat lumantar National Institutes of Health, perkawis punika dipun pendhet alih déning Kongres AS, ing pundi kanthi agresif dipundhéréki déning anggota perwakilan John Dingell antawis sanésipun. Amargi "kontroversi" ingkang lumampah terus, lajeng ing taun 1991 Baltimore dipunpaksa mandhap saking jabatan pimpinan Universitas Rockefeller, ingkang piyambakipun dipunangkat namung setunggal taun langkung awal. Ing taun 1996, satunggaling tiyang panel ahli ingkang dipuntunjuk déning pamaréntah federal ngresikaken nama Imanishi-Kari saking kanisthan.
Baltimore kagungan pengaruh ingkang ageng wonten ing kawicaksanan nasional wonten ing perkawis ingkang gegayutan kaliyan DNA rekombinan lan wabah AIDS. Baltimore dipunangkat mingangka pimpinan California Institute of Technology ing taun 1997. Piyambakipun minangka anggota dewan editor Encyclopædia Britannica.[4]