Alexander Fleming
| Alexander Fleming | |
|---|---|
| Miyos | 06 Agustus 1881 Lochfield, Ayrshire, Scotland |
| Tilar donya | 11 Maret 1955 (umur 73) London, England |
| Warga negara | United Kingdom |
| Kabangsan | Scottish |
| Bidhang | Bacteriology, immunology |
| Lulusan saking | Royal Polytechnic Institution; St Mary's Hospital Medical School |
| Kaahlian | Discovery of penicillin |
| Notable awards | Nobel Prize in Physiology or Medicine (1945) |
| Tapak asma |
|
Alexander Fleming yaiku penemu penisilin. [1]Dheweke lair ing kutha Lochfield, Skotlandia, nalika tanggal 6 Agustus 1881. [1]Fleming sekolah ing Louden Moor School, Darvel School, lan akademik Klimarnock sadurunge pungkasane ngalih kanggo nerusake kuliahe ing politeknik. [1]Sawise ngrampungake sekolahe, Fleming nyambut gawe ana ing ing perusahaan pelayaran nanging dheweke ora seneng marang gawean sji kuwi. [1]Iku sebabe, nalika deweke entuk warisan saka salah siji sedulure, dheweke metu saka pegawean mau lan sinau kedhokeran ing Sekolah Kedhokteran Rumah Sakit St. Mary ing London. [1] Sawise lulus, dheweke nyambut gawe ing panggonane Almroth Wrigh kang percaya yen vaksinansi bisa nyegah lelara. [1]Nanging Fleming duweni panyaruwe yen ana cara liyane kango nambani infeksi. [1] Nalika taun 1922, Fleming kasil nemokake gagasan menawa awake manungsa ngandhut enzim kang ana ing luh lan lendir irung kang bisa mateni bakteri-bakteri. [2]Taun 1928, Fleming nemokake pinisilin. [2]Nalika kuwi dheweke preinan nganti rong minggu, lan ninggalake piring kang ana bakteri Staphylococcus’ ing bangku laboratoriume. [2]Nalika kuwi dheweke lagi mbuktekake teori kesenengane yaiku lendir irung duweni efek antibakteri. [2]Sawise dheweke bali, sawijining bunderan bening ana ing thukulan jamur werna kuning radha ijo mau. [2] Fleming tinggal dunya nalika tanggal 11 Maret 1955 amarga lara Jantung.[2]