Penisilin
Penisilin (Inggris:Penicillin utawa PCN) yaiku salah sawijiné kalompok antibiotika β-laktam kang digunakaké kanggo nambani penyakit infeksi kang disebabaké amarga bakteri, biyasané nduwéni jinis Gram positif.[1]
Jeneng Penisilin uga kena kanggo nerangaké anggota kalompok penisilin kang luwih spesifik.[1] Kabéh penisilin nduwé dhasar rangka kang diarani Penam kang nduwéni rumus molekul R-C9H11N2O4S, ing ngendi R yaiku rangka samping kang werna-werna.[1]
Nalika Perang Dunia II, penisilin diwénéhaké kanggo amputasi pasukan sekutu, lan bisa nylametake 12-15% nyawa.[2] Nalika iku, penisilin isih winates cacahé awit angel kanggo digawé kanthi cara masal.[2]Nalika semana penisilin diklumpukaké saka banyu uyuh pasien lan dianggo manéh.[2]
Struktur kimiawi penisilin dingerteni karo Dorothy Crowfoot Hodgkin nalika wiwitan taun 1940an.[2] Penemuan iki ndadekaké penisilin kena digawé kanthi cara sintetik.[2] Salah sijiné tim saka Oxford nemokaké metode produksi massal penisilin.[2] Tim kang dipimpin Howard Walter Florey iki entuk Hadiah Nobel ing bidhang Kedokteran utawa Fisiologi nalika taun 1945.[2] Nalika iku penisilin dadi antibiotika kang akéh dianggo kanggo infeksi bakteri Gram positif.[2]
Penisilin banjur dikembangaké dadi ampisilin, kang nduweni kagunan kang luwih tinimbang penisilin asli.[2] Sawisé iku banjur diasilaké penisilin kang bisa nahan enzim beta-laktamase kalebu flukloksasilin, dikloksasilin, lan metisilin. [2]Penemuan iki penting banget amarga bisa mateni spesies bakteria kang nduweni beta-laktamase, ananging ora bisa maténi strain Staphylococcus aureus kang tahan metisilin.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.