Santiago Ramón y Cajal

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Santiago Ramón y Cajal

Lair 1 Mei 1852
Petilla de Aragón, Spanyol
Pati 17 Oktober 1934 (umur 82)
Madrid, Spanyol
Kabangsan Spanyol
Babagan Neurosains
Notable awards Hadiah Nobel bidang Fisiologi utawi Kedokteran (1906)

Santiago Ramón y Cajal (1 Mei 185217 Oktober 1934) inggih punika satunggaling tiyang ahli histologi, dokter, lan pamenang bebungah Nobel ingkang asalipun saking Spanyol. Piyambakipun ugi minangka salah satunggaling tiyang ingkang ndhirikaken ilmu saraf modern.[1]

Biografi[sunting | sunting sumber]

Piyambakipun inggih punika putra saking Justo Ramón lan Antonia Cajal, lair ing Petilla de Aragón, Spanyol. Nalika jaman alitanipun, piyambakipun asring pindhah-pindhah sekolah amargi tingkah lakunipun ingkang kirang saé lan sikap ingkang anti otoritas. Salah satunggaling tuladha ekstrem tindakan pemberontakanipun inggih punika piyambakipun naté dipuntahan nalika yuswanipun taksih 11 taun amargi ngrisak pager kutha kanthi meriam damelanipun piyambak. [2]

Ramón y Cajal naté pikantuk pendidikan kedokteran ing Zaragoza, lan lulus nalika taun 1873. Sabibaripun lulus, piyambakipun kerja minangka petugas médis kanggé para tentara Spanyol. Salah satunggal tugasipun, piyambakipun dipunkirim ing Kuba. Sabibaripun kondur ing Spanyol, piymbakipun nikah kaliyan Silveria Fañanás García nalika taun 1879 ingkang maringi sekawan putri lan tigang putra.[2]

Piyambakipun dados profesor universitas ing Universitas Valencia nalika taun 1881, lan nalika taun 1883 piyambakipun pikantuk gelar doktor kedokteran ing Madrid. Piyambakipun njabat dados direktur Museum Zaragoza (1879), direktur Institut Nasional Ilmu Kesehatan (1899), pendiri Laboratorio de Investigaciones Biológicas (1922) (samangké gantos nama dados Instituto Cajal utawi Institut Cajal). Piyambakipun séda ing Madrid nalika taun 1934.[2]

Karya lan Téori[sunting | sunting sumber]

Karya Ramón y Cajal ingkang paling misuwur inggih punika babagan struktur sistem saraf pusat. Cajal migunakaken téknik histologis ingkang dipunkembangaken déning Camillo Golgi. Golgi manggihaken bilih kanthi maringi larutan perak kromat wonten ing jaringan otak, saged ndadosaken relatif sekedhik neuron (sel saraf) ingkang reged. Cara mekaten nggampilaken Golgi ngamati langkung detail saking struktur neuron lan maringi sawijining dudutan bilih jaringan saraf inggih punika sawijining retikulum (jaringan) ingkang "berkesinambungan" saking sel-sel ingkang sami gegayutan.[3]

Kanthi migunakaken metode Golgi. Ramón y Cajal manggihaken dudutan ingkang benten kaliyan Golgi. Piyambakipun [[[mempostulataken|postulat]] bilih sistem saraf dipunbangun saking milyaran neuron ingkang kapisah lan sel-sel kasebut terpolarisasi. Boten kados pamanggihipun Golgio ingkang ngandharaken neuron mbentuk jaringan ingkang "berkesinambungan", Ramón y Cajal ngandharaken neuron-neuron kasebut sami "berkomunikasi" antawis setunggal kaliyan ingkang sanésipun kanthi hubungan khusus ingkang dipunsebut sinapsis. Tembung "sinapsis" dipunparingaken samangké déning Sherrington nalika 1897. Hipotesis punika dados dhasar doktrin neuron, ingkang ngandharaken satuan individual saking sistem saraf inggih punika sawijining neuron tunggal. Wonten ing masa salajengipun, mikroskop elektron nedahaken membran sel neuron kanthi jangkep lan kasilpun ndhukung téori Ramón y Cajal, lan ngasoraken téori retikuler Golgi.

Kados pundi kémawon, kanthi panemon sinapsis, sapérangan pamanggih ngandharaken téori Golgi paling boten taksih saged katampi sapérangan. Kanggé karya punika, Ramón y Cajal lan Golgi sami-sami pikantuk hadhiah Nobel kedokteran ing taun 1906.[3]

Ramón y Cajal ugi kagungan pamanggih bilih akson tuwuh saking konus pertumbuhan wonten ing pucukipun. Piyambakipun mangertosi bilih sel saraf saged nangkep sinyal kimiawi ingkang nedahaken arah pertumbuhan. Proses punika dipunkenal kanthi sebutan kemotaksis.


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ [1]
  2. ^ a b c [2]
  3. ^ a b [3]


Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]