Eropah Lor

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Eropah Lor

Eropah Lor minangka sebutan kanggo bagéan lor Eropah, senadyan tapel watesé ora tetep lan nduwèni werna-werna vèrsi. Minangka sebutan sing nglompokaké negara Nordik:

bebarengan karo pilihan ing ngisor (béda saka vèrsi siji lan sijiné):

Bagéan Statistik Perserikatan Bangsa-Bangsa ngartèkaké Eropah Lor yaiku:

Peta Walanda ngenani Eropah lor, dicithak taun 1601.

Sadurungé abad kaping-19, sebutan 'Nordik' utawa 'Lor' kerep dipigunakaké kanggo nyebut Eropah Lor amarga nyakup negara-negara Nordik, Rusia Eropah, negara Baltik (wektu kuwi Livonia lan Courland) lan Greenland.

Ing jaman-jaman wiwitan, nalika Eropah dikuwasani déning wilayah Mediterania (kaya Imperium Romawi), kabèh sing ora dumunung cedhak segara diarani Eropah Lor, klebu Jerman, Negara Hilir, lan Austria. Sebutan iki kerep dipigunakaké nganti dina iki kanggo sawetara kontèks, kaya bab Renaisans Lor. Ing abad tengahan, sebutan (Ultima) Thule dipigunakaké kanggo nyebut panggonan semi-mistik ing pucuk lor bawana kuwi.

Eropah Lor:
Negara Jembar
(km²)
Cacahing pedunung
(1 Juli, perkiraan 2002)
Kapadhetan pedunung
(per km²)
Ibukutha
Åland (Finlandia) 1,552 26,008 16.8 Mariehamn
Britania Raya 244,820 61,100,835 244.2 London
Denmark 43,094 5,368,854 124.6 Kopenhagen
Estonia 45,226 1,415,681 31.3 Tallinn
Kapuloan Faroe (Denmark) 1,399 46,011 32.9 Tórshavn
Finlandia 336,593 5,157,537 15.3 Helsinki
Guernsey 78 64,587 828.0 St Peter Port
Republik Irlandia 70,280 4,234,925 60.3 Dublin
Islandia 103,000 307,261 2.7 Reykjavík
Pulo Man 572 73,873 129.1 Douglas
Jersey 116 89,775 773.9 Saint Helier
Latvia 64,589 2,366,515 36.6 Riga
Lituania 65,200 3,601,138 55.2 Vilnius
Norwegia 324,220 4,525,116 14.0 Oslo
Kapuloan Svalbard lan Jan Mayen (Norwegia) 62,049 2,868 0.046 Longyearbyen
Swedia 449,964 9,090,113 19.7 Stockholm
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Eropah_Lor"