Kaliningrad

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kaliningrad
Калининград
Kgd gerb.png
Info dhasar:
Negara: Rusia
Oblast: Kaliningrad
Jembar: 215,7 km²
Pedunung: 430.003 (2002)
Wali kutha: Yury Savenko
Situs wèb resmi: www.klgd.ru/
Péta
Kaliningrad map.PNG

Kaliningrad utawa sadurungé taun 1946 Königsberg (Rusia Калининград; Lituania Karaliaučius; Jerman Königsberg, Polski: Królewiec; Rusia uga Кёнигсберг Kyonigsberg), iku sawijining palabuhan lan ibu kutha Kaliningrad Oblast, èksklave Rusia antara Polandia lan Lituania ing tepining Segara Baltik. Tlatah iki diubengi karo anggota NATO lan Uni Éropah Polandia lan Lituania lan ora kasambung karo tlatah Rusia liyané. Konèksi tanpa wates namung bisa karo montor mabur utawa kapal. Miturut cacah jiwa taun 2002, pedunungé 430.003 jiwa sing wis munggah saka 401.280 jiwa miturut cacah jiwa ing taun 1989. Komposisi ètnisé yaiku: wong Rusia 77,9%, Belarus 8,0%, Ukraina 7.3%. Mawa jeneng Jerman Königsberg, kutha iki ibu kuthané provinsi Jerman Prusia Wétan, Kadipatèn Prusia sadurungé, lan sadurungé manèh negara monastik (kawiharan) Ksatriya Teutonik.

Kutha Königsberg misuwur amerga salah satunggaling filsuf Jerman sing paling gedhé; Immanuel Kant miyos ing kéné.

Géografi[sunting | sunting sumber]

Kaliningrad iku lokasiné ing muara Kali Pregolya sing bisa dilayari. Kali iki mili menyang Segara Baltik. Kapal-kapal segara bisa ngaksès Teluk Gdańsk lan Segara Baltik ngliwati Laguna Vistula lan Selat Baltiysk.

Nganti kurang luwih taun 1900, kapal-kapal sing jeroné luwih saka 2 mèter ora bisa mlebu kutha, dadi kapal-kapal sing rada gedhé kudu nglabuh ing Pillau (saiki Baltiysk), saka ngendi barang-barang dagangané dipindhahak;e ing kapal-kapal sing luwih cilik.

Ing taun 1901, sawijining kanal kapal antara Königsberg lan Pillau bubar mawa béya 13 yuta Mark. Pambangunan iki mungkinaké kapal-kapal sing jeroné 6,5 mèter bisa nglabih ing kutha Königsberg dhéwé.

Lapangan Udara Khrabrovo lokasiné 24 kilomèter saloring Kaliningrad, lan uga nduw;e sawetara dines pamaburan menyang sawetara tujuan ing Eropah. Banjur uga ana lapangan udara Kaliningrad Devau sing luwih cilik kanggo kaprelon umum. Ing Kaliningrad uga ana markas udhara angkatan segara Kaliningrad Chkalovsk.

Sajarah Königsberg/Kaliningrad[sunting | sunting sumber]

Ordho Teutonik[sunting | sunting sumber]

Sakiwa-tengené taun 300 SM ana sawijining dhukuh Prusia Kuna sing diarani Tvanksta (utawa uga Tvangste, Tvangeste) sing diadegaké cedhak papané Kaliningrad modhèrn. Dhukuh iki banjur dibedhah lan dicaplok nalika Panaklukan Prusia déning Ordo Teutonik. Sabanjuré ing papané dhukuh iki diadegaké kutha anyar ing taun 1254 sing diarani Königsberg ("Gunung Raja") déning Ordo Teutonik. Jeneng kutha iki kanggo mulèni Raja Ottakar II saka Bohemia sing mbéyani pambangunan bèntèng ing kono [1] Ing wektu suwé, para Ksatriya Teutonik naklukaké wong-wong pribumi sing kagolong wong Prusia Kuna Baltik. Prekara iki nandhani purwané pamusnahan budaya Baltik pagan lan kolonisasi Jerman ing tlatah iki. Wong-wong Prusia Kuna sing turah wusanané dadi wong Jerman. Senadyan mengkono, basa Prusia Kuna ora punah nganti abad kaping 18.

Königsberg iku asliné ibu kutha Sambia, utawa Samland, salah sijining saka papat kauskupan Prusia nalika iku. Prusia iku dipérang dadi papat kauskupan ing taun 1243 déning kaputusan paus William saka Modena. Santo Adalbertus saka Praha dadi santo pangreksa utama Katedral Köningsberg, salah sijining landmark kutha iki. Königsberg wusanané dadi anggota liga Hansa lan palabuhan wigati kanggo tlatah kidul-wétan Baltik, lan banjur dagang karo Prusia, Polandia lan Lituania.

Banjur mawa kasilé kalah Perang Telulas Taun déning Pasamakmuran Lituania-Polandia, negara monastik Ksatriya Teutonik banjur wilayahé dikurangi adhedhasar prajanjéyan Damai Toruń ing taun 1466. Jembaré dadi sagedhéné wilayah Kadipatèn Prusia sing banjur dikuwasani Ordho Teutonik sangisoring sistém féodhal tahta Polandia. Ordho iki bareng nggagas yèn tindhakan Polandia iki ora sarujuk karo misi serta kuwajiban asliné, Adipati Masovia Polandia, Konrad, pisanané nyeluk para Ksatriya Salib iki kanggo musnahaké kaum Prusia Kuna sing isih kafir lan tansah ngrampok lan matèni wong ing wilayah Polandia. Kaum Prusia Kuna iki nganti semana bisa nglawan wong-wong Polandia sing arep naklukaké lan nyebaraké agamané. Konrad janjèkaké marang para Ksatriya Teutonik tanah-tanah Prusia sing bakal ditaklukaké (kamangka Konrad ora nduwé hak kanggo njanjèni amarga iki dudu tanah-tanahé).[2]

Kadipatèn Prusia[sunting | sunting sumber]

Ing taun 1525 nalika Reformasi Protèstan, Albert saka Brandenburg saka wangsa Hohenzollern nggawé Ordho Ksatriya Teutonik dadi organisasi sékulèr. Wilayahé uga dicaplok. Minangka mbayar upeti marang Raja Sigismund I saka Polandia, Albert dadi adipati kapisan Kadipatèn Prusia, vasal saka Polandia. Ibu kuthané yaiku Königsberg (basa Polski Królewiec). Kutha iki dadi kutha utawa palabuhan paling wigati ing tlatah Prusia lan nduwé otonomi sing cukup gedhé, parlemèn dhéwé lan dhuwit dhéwé. Basa Jerman dadi basa sing paling akèh digunakaké.

Anna, putri Adipati Albert Friedrich, krama karo Kurfürst[3] John Sigismund saka Brandenburg, sing diparingi hak suksèsi Prusia sawisé sédané Albert Friedrich ing taun 1618. Wiwit jaman iki Kadipatèn Prusia lan Königsberg dipréntah déning Kurfürst Brandenburg, panguwasa Brandenburg-Prusia.

Karajan Prusia lan Kakaisaran Jerman[sunting | sunting sumber]

Ing nalika jaman iki, sang filsuf Immanuel Kant (17241804) miyos lan séda ing kutha iki.

Republik Weimar[sunting | sunting sumber]

Sawisé Kakaisaran Jerman lebur, sawetara wilayahé diserahaké Polandia. Sing paling wigati iku apa sing diarani "Koridor Polandia", sing mènèhi Polandia aksès marang segara. Kasilé negara Jerman dadi dipara loro wilayahé. Königsberg lan Prusia Wétan dadi sawijining eksklave ing wétan.

Jerman Nazi[sunting | sunting sumber]

Nalika jaman Nazi, Erich Koch dadi pamimpin kutha iki.

Uni Sovyèt[sunting | sunting sumber]

Nalika Jerman kalah Perang Donya II, negarané dicacah-cacah dipara dari patang "Zona Pendhudhukan". Saliyané iku sapratelon wilayahé diwènèhaké Polandia lan Uni Sovyèt. Königsberg lan saubengé dicaplok Uni Sovyèt lan diserahaké marang negara bagéan Rusia. Para pedunung Jerman sing isih manggon padha dipatèni utawa diusiri kabèh. Banjur tlatah iki didadèkaké dhaérah militèr sing katutup nganti leburé Uni Sovyèt ing taun 1991.

Fédherasi Rusia[sunting | sunting sumber]

Sawisé Uni Sovyèt pecah ing taun 1991, Kaliningrad minangka ibu kuthané Kaliningrad Oblast dadi sawijining eksklave ing Eropah Wétan sing diubengi karo Polandia lan Lituania. Bab iki nggawé tantangan anyar, nanging uga kasempatan anyar.

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Christiansen, Professor Eric, The Northern Crusades, London, (1980:102). ISBN 0-333-26243-3
  2. ^ Christiansen, Professor Eric, The Northern Crusades, London, 1980: 100-101. ISBN 0-333-26243-3
  3. ^ Pangéran sing nduwé hak milih Kaisar ing Kakaisaran Suci Romawi.

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kaliningrad&oldid=812629"