Menyang kontèn

Ula gadhung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ula Gadhung
Ula gadhung, Ahaetulla prasina
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Colubridae
Génus: Ahaetulla
Spésies: A. prasina
Jeneng binomial
Ahaetulla prasina
(Shaw, 1802)
Sinonim
Dryophis prasinus

Ula gadhung sijining jinis ula kang duwé wisa ènthèng saka suku Colubridae. Jeneng liya antarané ular pucuk, oray pucuk (Sd.), lan ing basa Inggris karan Oriental whip-snake lan Asian vine snake.

Kasebat ula gadhung amarga ula iki duwé warna kang madarupa karo wit gadhung (Dioscorea hispida) kang wernane ijo pupus, saliyané uga tembung gadhung uga tegesé ijo.

Pemerian

[besut | besut sumber]
Ula gadhung kang kuru aking, duwé endhas lancip

Ula iki wernane ijo, kuru aking. kadhangkala ana kang rupané soklat semu kuning utawa smeu putih, mligi kanggone ula kng isih enom. Dawane bisa nganti 2 mèter, sanajan lumrahé mung 1.5 mèter, lan setelon punjul saka dawane wujud buntut kang kaya déné pecut.

Endhase dawa lan lancip, jelas bedane saka gulu kang kuru aking kaya déné pang gegodhongan.

Kebiasaan

[besut | besut sumber]

Ula iki lumrahé tinemu ing kebon, pomahan, grumbul lan alas, seneng nyaru ana ing antarané gegodhongan lan grumbul, uga kadhang mudhun ing lemah, sesuketan lan nyabrang dalan.

Ula iki sesaba ing wektu awan (diurnal), golèk pangan rupa kodhok, cecak lan bunglon, uga kadhal, manuk lan mamalia cilik.

Ula iki ovovivipar ya iku endhog ula iki netes ing jero awake lan anaké metu kaya déné lair, cacah anaké nganti 9 iji.

Ing Sumatra, ula iki ditemoni wiwit saka cedhak pasisir nganti ketinggian 1300 m dpl.

Sub spésies lan sebarane

[besut | besut sumber]

Ahaetulla prasina duwé 4 subspesies, ya iku:

Daya bisa

[besut | besut sumber]

Ular gadung kalebu gampang dicekel lan gampang dijinakake. Pas anyaran dicekel, biasane ula iki luwih agresif lan gampang keprovokasi. mipihake gulune lan ngetokake warna-warna peringatane, ula gadhung arep njajal nyokot kang nyekel. nanging karo penanganan kang lembah manah lan ati-ati, racake ula gadhung isa age-age ditenangake.

Bisa ula iki kalebu kategori menengah, lan isa mateni siji manuk pipit jroning wayah pirang-pirang menit wae. Ananging saadoh iki dingerteni ora nyilakani manungsa. Dampak cokotan pirang-pirang wiwit saka tatu cokotan cilik kang sathithik perih, utawa rada gatel, tekan menyang pembengkakan entheng diiringi sathithik raos pegel. Kanthi tradisional, tatu iki biyasane diolesi madu, utawa diwenehi antisèptik kaya larutan yodium kanggo nyegah infeksi.

Bahan bacaan

[besut | besut sumber]
  • David, P. & G. Vogel. 1997. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history notes. Edition Chimaira. Frankfurt.
  • Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu.
  • Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore

Pranala njaba

[besut | besut sumber]