Luzon
Geography | |
---|---|
Location | Asia Kidul-wétan |
Archipelago | Pilipina |
Adjacent to | |
Major islands | Pratélan
|
Area rank | 15th |
Administration | |
Pilipina | |
Demographics | |
Demonym | Luzonian (modern), Luzonese (contemporary), Luções (archaic) |
Population | 53,336,134[a] |
Luzon (i/luːˈzɒn/; Pangucapan cara Tagalog: [luˈson]) iku pulo gedhé dhéwé lan akèh dhéwé padunungé ing Pilipina. Pulo iki klebu 15 pulo gedhé dhéwé ing donya. Kapernah ing sisih lor kapuloan Pilipina, Pulo iki dadi punjering ékonomi lan pulitik negara. Ing pulo iki kapernah kutha krajan Pilipina, Manila,kang duwé pérangan kutha, Quezon City kang duwé akèh dhéwé padunung ing negara iki. Pulo iki didunungi 53 yuta jiwa ing taun 2015,[2] lan kalebu papat pulo kang akèh dhéwé padunungé ing donya (sawisé Jawa, Honshu, lan Britainia Gedhé). Udakara 53% saka gunggung padunung negara manggon ing negara iki.
Luzon iku bisa nuduhaké salah siji saka telung golongan pulo baku ing negara iki. Pulo gedhé Luzon dumadi saka Pulo Luzon, kapuloan Batanes lan Babuyan kang kapernah ing sisih Lor, Pulo Polillo kapernah ing sisih wétan, lan pulo-pulo kang adoh saka Pulo Luzon kaya ta Catanduanes, Marinduque, Masbate, Romblon, Mindoro, Palawan, lan liyané kang kapernah ing sisih kidul.[3]
Etimologi
[besut | besut sumber]Jeneng Luzon iku ngrujuk saka tembung Tagalog lusong, yaiku lesung kayu kang gedhé kanggo nutu beras.[4][5]
Sajarah
[besut | besut sumber]Luzon sadurungé kapèrang dumadi krajan Hindu-Buddha, pamaréntahan Muslim, lan kapracayan ing sawenèh suku-suku, kang duwé gegayutan dagang karo Kalimantan, Malaya, Jawa, Indocina, India, Okinawa, Korea, Jepang lan Cina, sadurungé Spanyol njajah laladan iki. Wong Tagalog lan Kapampangan sing manggon ing Luzon kidul lan tengah ngyasa sistèm pulitik nalika sadurungé taun ka-sèwuné bangsa iki. Sistem pulitik kang misuwur kaya ta Maynila, Tondo, lan Namayan. Ing Prasasti Keping Tembaga Laguna (prasasti kapisan Pilipina) kang ditulis ing taun 900 M, nyebutaké panggonan ing Manila Bay lan sakupené, kaya ta Medan ing Indonesia.[6] Krajan iki duwé sistem yaiku menehaké upeti lan pajeg marang panguwasa désa (Datu) lan tuan tanah (Lakan) utawa Rajahs. Krajan-krajan iki kalebu désa pasisir amarga kalebu golongan pulitik Asiah. Sawenèh pérangan Luzon dadi islam nalika Sultan Brunei jembaraké kakuwasané saka Kalimantan menyang Pilipina lan ngyasa Krajan Maynila minangka negarané bonéka.[7] Éwadéne, krajan liyané kaya ta Wangdom Pangasinan kang dadi pérangan laladan saka Cina lan sakèhé laladan Luzon yaiku krajan Sinified.[8]
Geografi
[besut | besut sumber]Pulo Luzon iku wiyaré 109,964.9 square kilometres (42,457.7 sq mi),[1] lan pulo ka-15 gedhé dhéwé ing donya. Pulo iki diwatesi Sagara Cina Kidul ing sisih kulon (Ing Pilipina jejuluk Sagara Luzon), ing sisih wétan diwatesi déning Sagara Pilipina, lan ing sisih lor déning Selat Luzon kang ngemot laladan banyu Babuyan lan Balintang. Ing dharatan iku kira-kira wujudé persegi dawa lan duwé semenanjung Bikol kang mendawa menyang kidul-wétan.
Luzon iku dipérang dumadi papat: Luzon Lor, Tengah lan Kidul, lan Laladan Kutha Krajan Nasional
Wilayah | Tataran VI | Tataran IV | Tataran III | Tataran II |
---|---|---|---|---|
Laladan Ilokos | Ilokandia | Luzon Lor | Luzon Lor lan Tengah | Luzon Lor lan Tengah |
Éréngan Cagayan | ||||
Laladan Administrasi Cordillera | Cordilleras | |||
Luzon Tengah | Luzon Tengah | |||
Laladan Kutha Krajan Nasional | Metro Manila | Luzon Kidul | ||
Calabarzon | Tagalog Kidul | Luzon Kidul | Luzon Kidul | |
Mimaropa | ||||
Laladan Bikol | Bikolandia |
Wujudé laladan
[besut | besut sumber]Luzon Lor
[besut | besut sumber]Ing laladan sisih lor-kulon pulo iki, kapernah laladan Ilokos, kang wujudé lebak ing sadawané pasisir wétan nganti gunung Cordillera Tengah.
Pagunungan Cordillera kang kapernah ing pérangan lor-tengah pulo iki, dithukuli wit-witan alas pinus tropis lan wit-witan laladan tropis. Gunung dhuwur dhéwé ing laladan iki,Gunung Pulag, kang dhuwuré 2.922 mèter. Ing pagunungan iki ana hulu Kali Agno, ing sadawané éréngan Gunung Data lan ing énggok-énggokan kali ing sadawané Pagunungan Cordillera Kidul sadurungé laladan Pangasinan.
Ing Luzon lor-wétan lumrahé awujud pagunungan, kang pagunungan paling dawa ing negara iki yaiku Sierra Madre. Ing antarané Sierra Madre lan Gunung Cordillera Tengah kapernah Cagayan Valley. Laladan iki, misuwur kanthi akehé ngasilaké beras kaloro lan akèh dhéwé ngasilaké jagung ing negara iki. Ing laladan iki kapernah kali Cagayan, kang kali dawa dhéwé ing Pilipina.
Ing sadawané sisih kidul Cordillera Tengah kapernah Pagunungan Caraballo kang kurang misuwur. Pagunungan iki nggayutaké antara Cordillera Tengah lan Sierra Madre, kang misahaké éréngan Cagayan lan Luzon Tengah.[9]
Luzon Tengah
[besut | besut sumber]Ing Luzon sisih tengah katitik lebak kang dikenal minangka Lebak LuzonTengah, yaiku lebak gedhé dhéwé ing pulo. Wiyaré lebak iki kira-kira 11.000 kilomèter persegi, lan dadi papan kang ngasilaké beras akèh dhèwè, kang diilèni banyu saka rong kali, yaiku ing sisihnegara kang paling gedhé produser saka beras, lan irrigated déning loro kali utama; Kali Cagayan ing sisih lor, lan Kali Pampanga ing sisih kidul. Ing tengah lebak iki ngadeg sawijining Gunung Arayat.
Ing sisih kulon Luzon Tengah lumrahé awujud lebak kang mendawa menyang wétan saka pasisir nganti Pagunungan Zambales (Pagunungan kang dipanggoni Gunung Pinatubo, kang misuwur amarga gedhené jeblugan ing 1991). Pagunungan iku mendawa ing sisih lor menyang sagara, lan kadhapur Teluk Lingayen, lan ing sisih kidul, kadhapur Semenanjung Bataan. Semenanjung Bataan cedhak marang Teluk Manila, yaiku palabuhan alami kang dianggep dadi salah siji palabuhan alami ing Asia Wétan, amarga ukuran lan kapernah kanthi strategis.
agunungan Sierra Madre mendawa menyang sisih kulon Luzon Tengah, lan mengidul menyang Semenanjung Bikol.
Luzon Kidul
[besut | besut sumber]Sisih lor Luzon Kidul arep kabèh awujud danau kang diarani Laguna de Bay (Basa Spanyol Lawas, "Lake of Bay Town"), yaiku danau gedhé dhéwé ing negara iki. Danau iki jembaré 949-square-kilometre (366 sq mi) lan banyuné mili menyang Teluk Manila lumantar Kali Pasig, salah siji kali kang wigati ing negara iki amarga ngemu sujarah lan mili ing satengahé Metro Manila.
Danau Taal kapernah 20 kilometres (12 mi) ing sisih kidul-kulon saka Laguna de Bay, danau kawah kang isiné Gunung Taal. Ing sakiwa tengené danau iki kadhapur gumuk Tagaytay, yaiku salah siji pérangan gunung geni kang gedhé nalika jaman prasujarah kang manggon ing sisih kidul provinsi Cavite, Kutha Tagaytay, lan kabèh laladan ing provinsi Batangas.
Kidulé Danau Laguna dumadi rong gunung, yaiku Gunung Makiling ing provinsi Laguna, lan Gunung Banahaw, gunung kang dhuwur dhéwé ing laladan Calabarzon.
Luzon sisih kidul-wétan sakèhé dumadi saka Semenanjung Bikol kang awujud pagunungan kang sempit kang mendawa kira-kira 150 kilometres (93 mi) nuju sisih kidul-wétan ing sadawané pasisir Sorsogon. Pagunungan iki mendawa saka Lemah Sempit Tayabas ing provinsi Quezon menyang Selat San Bernardino. Laladan iki ngemu manéka gunung geni, kaya ta Gunung Mayon kang dhuwuré 2,460-metre (8,070 ft) ing provinsi Albay. Pagunungan Sierra Madre duwé wates ing sisih kidul yaiku provinsi Quezon., kang kalebu Gunung Isarog lan Gunung Iriga ing Camarines Sur, lan Gunung Bulusan ing Sorsogon.
Garis pasisir semenanjung Bikol dumadi saka semenanjung, teluk, lan teluk cilik, antaranéu Teluk Lamon, Teluk San Miguel, Teluk Lagonoy, Teluk Ragay, lan Teluk Sorsogon.
Pulo-pulo sakupengé Pulo Luzon
[besut | besut sumber]Pulo-pulo sakupengé pulo Luzon kalebu pérangan saka golongan Pulo Luzon. Pulo-pulo gedhé kang klebu golongan Pulo Luzon yaiku Palawan, Mindoro, Masbate, Catanduanes, Marinduque, Romblon lan Polillo.
Pamérangan administratif
[besut | besut sumber]Pulo iki dumadi saka 7 laladan administratif, 30 provinsi, lan 68 kutha (8 laladan, 38 provinsi, lan 71 kutha, yèn pulo sakiwa tengené dilebokaké).
Kapernah | Laladan (designation) |
Cacah Jiwa (2015)[2] |
Wiyaré[i][10][11] | Akéhé padunung | Punjering Laladan | |
---|---|---|---|---|---|---|
Ilocos Region (Region I) |
5,026,128 (7000500000000000000♠ 5,0%) |
7010130126000000000♠13,012.60 km2 (5,024.19 sq mi) |
7001390000000000000♠39/km2 (100/sq mi) |
San Fernando (La Union) |
||
Cagayan Valley (Region II) |
3,451,410 (7000340000000000000♠ 3,4%) |
7010282288300000000♠28,228.83 km2 (10,899.21 sq mi) |
7001120000000000000♠12/km2 (31/sq mi) |
Tuguegarao | ||
Central Luzon (Region III) |
11,218,177 (7001111000000000000♠ 11,1%) |
7010220146300000000♠22,014.63 km2 (8,499.90 sq mi) |
7001510000000000000♠51/km2 (130/sq mi) |
San Fernando (Pampanga) |
||
Calabarzon (Region IV-A) |
14,414,774 (7001143000000000000♠ 14,3%) |
7010168733100000000♠16,873.31 km2 (6,514.82 sq mi) |
7001850000000000000♠85/km2 (220/sq mi) |
Calamba | ||
Mimaropa[./Luzon#cite_note-Islands-30 [lower-roman 2]][ii] (Region IV-B) |
2,963,360 (7000290000000000000♠ 2,9%) |
7010296209000000000♠29,620.90 km2 (11,436.69 sq mi) |
7001100000000000000♠10/km2 (26/sq mi) |
Calapan | ||
Bicol Region (Region V) |
5,796,989 (7000570000000000000♠ 5,7%) |
7010181558200000000♠18,155.82 km2 (7,010.00 sq mi) |
7001320000000000000♠32/km2 (83/sq mi) |
Legazpi | ||
Cordillera Administrative |
1,722,006 (7000170000000000000♠ 1,7%) |
7010194220300000000♠19,422.03 km2 (7,498.89 sq mi) |
7001890000000000000♠089/km2 (230/sq mi) |
Baguio | ||
National Capital Region |
12,877,253 (7001128000000000000♠ 12,8%) |
7008611390000000000♠611.39 km2 (236.06 sq mi) |
7002210000000000000♠210/km2 (540/sq mi) |
Manila | ||
Region | 2015 census | Area | Density | Regional center | Component LGUs | |
Masalah sitiran: Tenger <ref> kanthi jeneng "huc" sing diwedharaké ing <references> ora kanggo ing tèks sadurungé. |
Waca uga
[besut | besut sumber]- Wilayah saka Filipina
- Propinsi Filipina
- Perang Luzon
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c "Islands of Philippines". Island Directory Tables. United Nations Environment Programme. Diarsip saka sing asli ing 28 April 2019. Dibukak ing 18 April 2016.
- ↑ a b c d
Census of Population (2015). Highlights of the Philippine Population 2015 Census of Population. PSA. Dibukak ing 20 Juni 2016.
{{cite encyclopedia}}
: Cite has empty unknown parameter:|chapterurl=
(pitulung) - ↑ Zaide, Sonia M. The Philippines, a Unique Nation. kc. 50.
- ↑ Keat Gin Ooi (2004). Southeast Asia: A Historical Encyclopedia, from Angkor Wat to East Timor. ABC-CLIO. kc. 798. ISBN 978-1-57607-770-2.
- ↑ Roberts, Edmund (1837). Embassy to the Eastern Courts of Cochin-China, Siam, and Muscat. New York: Harper & Brothers. kc. 59.
- ↑ Laguna Copperplate Inscription – Article in English Archived 2008-02-05 at the Wayback Machine.. Mts.net (2006-07-14). Retrieved on 2010-12-19.
- ↑ Frans Welman (1 Agustus 2013). Borneo Trilogy Brunei: Vol 1. Booksmango. kc. 8–. ISBN 978-616-222-235-1.
- ↑ Scott, William Henry (1989). "Filipinos in China in 1500" (PDF). China Studies Program. De la Salle University. kc. 8.
- ↑ Smith, Robert Ross (1993). Triumph in the Philippines (Transcribed and formatted by Jerry Holden for the HyperWar Foundation). Honolulu, HI: University Press of the Pacific. kc. 450. ISBN 1410224953. Dibukak ing 25 Dhésèmber 2014.
- ↑ "PSGC Interactive; List of Provinces". Philippine Statistics Authority. Diarsip saka sing asli ing 21 Januari 2013. Dibukak ing 3 April 2016.
- ↑ "PSGC Interactive; List of Cities". Philippine Statistics Authority. Diarsip saka sing asli ing 29 April 2011. Dibukak ing 7 April 2016.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Médhia magepokan Luzon ing Wikimedia Commons
- Dhéfinisi bausastra saka Luzon ing Wikisastra
- Panuntun plesiran Luzon saka Wikiwisata
- Data géografis magepokan Luzon ing OpenStreetMap
- . The American Cyclopædia. 1879.
Masalah sitiran: Tenger <ref>
ana tumrap golongan aran "lower-alpha", nanging tenger <references group="lower-alpha"/>
sing magepokan ora ana, utawa </ref>
panutup ora ana
- Pages using infobox islands with unknown parameters
- Artikel kalebu pangucapan sing direkam
- Wikipedia articles incorporating a citation from The American Cyclopaedia
- Wikipedia articles incorporating a citation from The American Cyclopaedia with a Wikisource reference
- Pages with reference errors that trigger visual diffs