Sukun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Sukun
Artocarpus altilis.jpg
Woh sukun
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Filum: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Rosales
Famili: Moraceae
Génus: Artocarpus
Spésies: A. altilis
Jeneng binomial
Artocarpus altilis
(Parkinson) Fosberg

Sukun iku jeneng sajinis wit uga wohé. Woh sukun ora ana wijiné lan duwé pérangan kang empuk, kang mèmper roti sawisé dimasak utawa digorèng. Mula, wong-wong Éropah nepungi minangka "woh roti" (Ingg.: breadfruit; Bld.: broodvrucht, lsp.).

Sukun sabeneré ya iku kultivar kang kaselèksi saéngga ora ana wijiné. Tembung "sukun" ing basa Jawa tegesé "tanpa wiji" lan dipigunakaké kanggo kultivar tanpa wiji ing jinis woh liyané, kaya ta jambu kluthuk lan durèn. "Leluhuré" kang ana wijiné (lan mula dianggep setengah alasan) diarani kluwih (Artocarpus camansi) utawa timbul, kulur (basa Sundha). Ing laladan Pasifik, kluwih lan sukun dadi sumber karbohidrat wigati. Ing kana ditepungi kanthi manéka jeneng, kaya ta kuru, ulu, utawa uru. Jeneng ngèlmiahé ya iku Artocarpus altilis.

Bedane sukun lan kluwih[besut | besut sumber]

Wit

Pamerian[besut | besut sumber]

Wit sukun lumrahé wité dhuwur, bisa tekan 30 m, sanadyan lumrahé ing padésan mung welasan mèter dhuwuré. Asil panangkaran kanthi klon lumrahé ora dhuwur lan cawangé cendhèk. Batang gedhé lan lurus, nganti 8 m, asring mawa oyot papan (banir) kang asor lan dawa.

Mawa tajuk renggang, cawangé ndhatar lan godhongé gedhé amba kang kasusun selang-seling; lembaran godhongé 20-40 × 20–60 cm, kapérang nyirip njero, alot rada atos kaya kulit, ijo tuwa meling-meling ing sisih nduwur, sarta kusem, kasar lan mawa wulu alus ing pérangan ngisor. Kuncup katutup déning godhong panumpu gedhé kang wangun krucut. Kabèh pérangan wit ngetokaké tlutuh putih (lateks) yèn ditatoni.

Kembang ana ing kèlèk godhong, cerak pucuk pang. Kembang lanang sajeroning bulir wangun gada dawa kang nggantung, 15–25 cm, ijo enom lan dadi kuning yèn mateng, serbuk sari kuning lan gampang diaburaké angin. Kembang majemuk wadon wangun bulet utawa rada silindris, 5-7 × 8–10 cm, ijo. Woh majemuk wujud perkembangan saka kembang wadon majemuk, kanthi dhiameter 10–30 cm. Forma wewiji (timbul) mawa eri-eri empuk lan cendhèk, ijo tuwa. Forma ora wewiji (sukun) racaké duwé kulit woh ijo semu kuning, mawa eri-eri kang karédhuksi dadi pola mata fasèt segi-4 utawa segi-6 ing kulité.

Wiji timbul wangun bulet utawa rada gèpèng tekan rada persegi, warna rada coklat, watara 2,5 cm, dislubungi déning téndha kembang. Sukun ora ngasilaké wiji, lan téndha kembangé ing pérangan ndhuwur dadi siji, saya gedhé dadi 'daging woh' sukun.

Papan urip[besut | besut sumber]

Sukun urip ana laladan tropis kang dhuwure nganti 650 mèter saka segara, sanajan uga bisa tuwuh nganti dhuwur 1550 mèter saka segara. Merlokake curah hujan 1,500–3,000 millimetres per taun. Lemahe duwé keasaman nétral (pH 6.1-7.4) Preferred soils are neutral to alkaline (pH of 6.1-7.4) and either sand, sandy loam, loam or sandy clay loam. Breadfruit is able to grow in coral sands and saline soils.[2]

Asil lan kagunaan[besut | besut sumber]

Woh sukun

Woh sukun (ora ana wijiné) wujud bahan pangan wigati sumber karbohidrat ing manéka kapuloan ing laladan tropik, mligi ing Pasifik lan Asia Kidul-Wétan. Sukun bisa dimasak wutuh utawa diiris-iris luwih ddhisik: digodhog, digorèng, disangrai utawa dibakar. Woh kang wis dimasak bisa diiris-iris lan dipépé (digaringaké mawa cahya srengéngé) utawa sajeroning tungku, saéngga awèt lan bisa disimpen suwé. Ing pulo-pulo Pasifik, kaluwihan panèn woh sukun bakal dipendhem sajeroning luwangan lemah lan dienengaké supaya dumadi fermentasi suwéné sapérangan minggu, saéngga malih dadi pasta mèmper kèju kang awèt, ngandhut gizi lan bisa digawé dadi sajinis kuwé panggang. Sukun bisa uga didadèkaké keripik kanthi cara diiris tipis lan digorèng.

Gambar wit sukun, déning John Frederick Miller

Sukun bisa ngasilaké woh nganti 200 butir per wit saben taun. Saben woh boboté watara 400-1200 g, nanging ana uga variétas kang wohé nganti 5 kg. Pangaji ènèrginé watara 470-670 kJ per 100 gram. Ora nggumunaké yèn sukun narik kawigatèn para panjlajah Kulon, kang banjur ngimpor tetuwuhan iki saka Tahiti nuju Amérika tropis (Karibia) ing watara akir 1780an kanggo ngasilaké panganan murah kanggo para batur tukon ing kana.

Timbul utawa kulur (kang ana wijiné) luwih akèh dipethik nalika isih enom, kanggo didadèkaké jangan lodhèh, jangan asem utawa ditumis karo lombok. Wiji timbul kang tuwa uga kerep digodhog, digorèng utawa disangrai, didadèkaké camilan.

Godhong-godhongé bisa didadèkaké pakan ternak. Kulit batangé ngasilaké serat kang apik, kang biyèn tau kanggo bahan klambi lokal. Tlutuhé dipigunakaké kanggo njiret manuk, nambal (makal) prau, lan minangka bahan dhasar permèn karèt. Kayu sukun utawa timbul polané apik, ènthèng lan cukup kuwat, saéngga kerep kanggo bahan piranti rumah tangga, konstruksi ringan lan kanggo gawé prau.

Panyebaran lan ékologi[besut | besut sumber]

Asal-usul sukun diprakirakaké saka kapuloan Nusantara nganti Papua. Mèlu migrasi suku-suku Austronesia watara 2000 taun sadurungé Masehi, tetuwuhan iki banjur mèlu nyebar menyang pulo-pulo ing Pasifik. Diprakirakaké nalika masa perdagangan rempah ing akir jaman Majapahit, sukun nyebar ing Jawa saka Maluku. Amarga prabawa kolonisasi bangsa-bangsa Éropah, sukun iki banjur nyebar ngulon watara taun-taun 1750-1800 nuju Malaysia, India, Srilangka, Mauritius, lan ing taun 1899 tekan ing Afrika. Saiki sukun wis nyebar wiyar ing manéka wilahan donya mligi ing lingkar tropis.

Sukun seneng iklim tropis: suhu panas (20-40˚C), akèh udan (2000–3000 mm pertaun) lan lembab (lengas nisbi 70-90%), lan luwih cocog ing dhataran asor, sangisoré 600 m dpl., sanajan ditemoni nganti watara 1500 m dpl. Anakan wit luwih apik tuwuh ing sangisoré naungan, nanging banjur mbutuhaké srengéngé penuh kanggo tuwuh gedhé. Sanajan akèh kultivaré bakal tuwuh kanthi becik ing lemah-lemah aluvial kang subur, jero lan mawa drainase becik, nanging variasi kamampuanné gedhébanget. Mula ana variétas-variétas kang tuwuh becik ing lemah rawa, lemah kapur, lemah payau lan liya-liyané.

Ana kang ngandhakaké yèn godhong sukun kang wis tuwa lan rontok, bisa dipigunakaké kanggo pangobatan tradhisional panggédhéan prostat, ngedhunaké gula getih, sarta pangobatan gagal ginjal. Nanging bab iki durung dilakokaké panlitèn luwih lanjut.

Bahan wacan[besut | besut sumber]

  • Smith, N.J.H, J.T. Williams, D.L. Plucknett, and J.P. Talbot. 1992. Tropical Forest and Their Crops. Cornell Univ., Ithaca. ISBN 0-8014-8058-2.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.

Uga delengen[besut | besut sumber]