Cempedhak
Praèn
| Cempedhak | |
|---|---|
| Woh cempedhak | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Dhivisi: | Magnoliophyta |
| Klas: | Magnoliopsida |
| Ordho: | Morales |
| Famili: | Moraceae |
| Génus: | Artocarpus |
| Spésies: | A. integer |
| Jeneng binomial | |
| Artocarpus integer (Thunb.) Merr. | |
Cempedhak iku tetuwuhan woh-wohan saka famili Moraceae. Wangun woh, rasa lan wanginé kaya nangka, sanajan gandané sing tajem banget mèmper woh durén.
Tetuwuhan iki asalé saka Asia Kidul-Wétan, lan nyebar wiyar wiwit saka wewengkon Tenasserim ing Burma, Ujung Malaya kalebu Thailand, lan sapérangan Kapuloan Nuswantara: Sumatra, Borneo, Sulawesi, Maluku tekan Papua. Uga akèh ana ing Jawa pérangan kulon.
Dikenal kanthi wiyar mawa jeneng cempedhak utawa campedhak (Ingg.: chempedak), woh iki uga duwé sapérangan jeneng lokal kaya bangkong (wangun alasan, Malaysia), baroh (Kep. Lingga lan Johor), nangka beurit (Sunda), nangka cina (Jawa) lan liya-liyané.



























