Loro Bonyo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
gambar Loro Blonyo

Loro Blonyo ya iku patung utawa bonéka kang wujudé mantèn sakpasang.[1][2] Patung temantén Jawa kang lungguh simpuh lan nggunakaké busana basahan, ya iku busana mantén kraton.[3] Mantén jaler nggunakaké kain dawa kang diwastani dodot lan makutha, tanpa ngginakaké klambi.[3] Mantén èstri nggunakaké busana kang padha nanging tanpa makutha lan pérangan dhuwuré digubet kemben lan mantén kaloron nggunakaké perhiasan.[3]

Miturut dhosèn arkéologi Universitas Gadjah Mada Djoko Dwiyanto, Loro Blonyo iku pralambang saka pengarep-arep.[1][2] Wong wadon ana ing kono ya iku Dewi Sri, Dewi Kesuburan lan kemakmuran.[1][2]

Ana ing prosès inkulturasi, patung dewi Sri nemu pacangané.[1][2] Pasisirsé kang dadi mantèn jaler ya iku Déwa Wisnu.[1] Nanging, ana ing njaba agama Hindhu mau, dhèwèké kaloron namung diwastani pacangan temantèn.[1][2] Dadi patung temantèn loro amarga saka kaloron ngasilaké kasuburan utawa katurunan.[1][2]

Miturut sujarahé, loro bonyo wis ana wiwit jaman Sultan Agung mimpin ing Karajan Mataram taun 1476.[1] Pawujudan Hinduisme iku banjur dimodifikasi supaya luwih universal, saka Dewi Sri menyang patung temantèn loro.[1]

Wujud lan Simbolisme[besut | besut sumber]

Wujud patung bisa dijelasake ing struktur telung pérangan.[4] Pérangan kapisan ana sisih dhuwur ya iku sirah, pérangan tengah ya iku awak kelebu tangan, déné pérangan ngisor ya iku sikil loro.[4] Patung loro blonyo jaler pérangan dhuwur nggunakaké asesoris wujud tutup sirah, kang diwastani kuluk kanigara wernane ireng kombinasi garis kuning.[4] Kuluk sing dianggo pancen asli kuluk sing padha karo asline, dudu pérangan saka kayu kang direka karo warna cat.[4]

Loro Blonyo Jaler[besut | besut sumber]

Wujud cambang rapi lan rambut warna ireng lurus nggelung lan nganggo konde warna kaya mas kang kagawe saka tembaga.[4] Mripat sayu lan mandeng lurus mengarep sirah tegak.[4] Alis katon kandel warna ireng melengkung manut wujud mripat.[4] Irunge mbongkok sumendhe, ora mancung nanging ya ora pesek, déné lambene tipis nganggo gincu abang.[4] Gulune nggunakaké kalung asli kaya rantai cilik wernane arep padha mas lan dijangkepi mendalion kang dhawaa tekan weteng.[4]

Pérangan tengah katon ana ing wujud tangan karo sikep ngapurancang, ing ugel-ugel tangan ana gelang warna mas.[4] Pérangan tengah awak katon jangkepe busana kaya setagen kang dianggo, pucuke wernane warna-warna ada abang tuwa, jambon, ijo lan putih.[4] Kanggo ngencengake lan nambah endahe stagen dianggokake sabuk kang wernane kuning mas-masan, kombinasi soklat nom lan putih kang motife geometris cilik-cilik. Ing bangkekan ana keris werane soklat, cekelan utawa wadhah kerise digawé saka kayu jati.[4] Keris warangkanya dudu saka bahan kayu kang padha karo patung nanging asli keris kang disisipake ing jerone.[4]

Pérangan ngisor patung katon ing wujud lan sikep sikil.[4] posisi lungguh sila telapak lan driji-driji katon.[4] Kebaya kang dianggo motif bathik kawung (parang rusak) wernane soklat nom kang dijangkepi warna mas-masan.[4]

Loro Blonyo Estri[besut | besut sumber]

Wujud patung loro blonyo wadon pérangan dhuwur katon ing mripat sayu lan posisiné rada ndingkluk.[4] Alis ireng kandel semono uga karo garis mripat pérangan dhuwur wernane ireng.[4] Ing bathuk ana rerenggan paes warna ijo.[4] Rambute gelungan dijangkepi makutha ing pérangan dhuwure, nganggo cundhuk mentul wernane mas-masan kang kagawe saka kuningan utawa-tembaga.[4] Ana ing kuping nganggo subang bunder kang diteplekake karo warna mas-masan lan putih (permata).[4] Gulu nganggo kalung rante dominan warna mas lan bandule gedhé mundhak kang hiasane cilik-cilik, katon éndah lan mewah.[4]

Struktur wujud pérangan tengah katon sikep telapak tangan kang nemplek pupu, salah sijiné sikep kurmat kang dilakokake wong wadon Jawa racaké.[4] Tangan kaloron nganggo gelang asli warna mas. Bagiyan dhadha nganggo kemben kang wernane ijo, kuning, abang lan mas-masan kanggo nyengkkuyung motif pecahan kawung.[4] Bagiyan weteng nganggo stagen kang wernane ijo lan kontur ornamen warna mas-asan.[4] Wetenge dijangkepi sabuk warna mas ing tengahe ana asesoris kang wujudé bunder ser karo ornamen wernane putih pérak.[4]

Bagiyan ngisor katon sikil sikepe timpuh lan katon telapak lan driji sikil tengen lan sikil kiwa.[4] Kebaya kang dianggo motife kawung kang wernane soklat nom kombinasi warna mas-masan.[4]

Fungsi[besut | besut sumber]

Pisanane loro blonyo mung dianggo mawi pramlambang saka dewi pari lan pralambang kasuburan. Kasuburan tegesé kasuburan ing pertanian lan uga kasuburan ing rumah tangga.[5]

Masarakat Jawa precaya patung loro blonyo nggawa kasuburan, kaharmonisan rumah tangga kanggo omah sing duwé patung mau.[5] makna pralambang kang dikandut déning patung temanten mau jero sanget kanggo wong Jawa.[5]

Anggoné ndelehake patung loro blonyo ya iku ing sentong tengah omah joglo.[5] Patung manten èstri ana ing sisih kiwa, lan patung manten jaler ng sisih tengen.[5] Nanging kanggo pralambang temanten kang luwih dhuwur kedudukane manten èstri luwih dhuwur derajate, anak raja contoné anggoné nyelehake diwalik.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i Harmoni Loro Blonyo (dipunundhuh tanggal 3 November 2012)
  2. a b c d e f Pernikahan Adat Jawa Tetap Diminati[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 3 November 2012)
  3. a b c Meniti Jejak Makna Kesuburan dalam Simbolis Loro Bonyo (dipunundhuh tanggal 3 November 2012)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab KAJIAN BENTUK, FUNGSI DAN MAKNA PATUNG LORO BLONYO DENGAN PENDEKATAN ESTETIKA SENI NUSANTARA[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 5 November 2012)
  5. a b c d e f Simbolisme mitos Dewi Sri-Sadono dalam patung Loro Blonyo (dipunundhuh tanggal 5 November 2012)