Menyang kontèn

Aèdès aégypty

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aèdès aégypty
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Ordho: Diptera
Famili: Culicidae
Génus: Aedes
Subgénus: Stegomyia
Spésies: Ae. aegypti
Jeneng binomial
Aedes aegypti
(Linnaeus, 1762)

Aèdès aégypty ya iku salah sawijiné jinis lemut kang bisa nggawa virus dengue, ya iku virus kang njalari lara demam berdarah dengue (DBD). Lemut iki uga nggawa virus demam kuning (yellow fever) lan chikungunya. Lemut Aèdès aégypty asalé saka Afrika Wétan, banjur nyebar menyang wétan lan kulon, ing laladan tropis lan subtropis ing garis lintang 40¬o LU lan 40¬o LS.[1] Lemut iki kasebar amba ing laladan tropis lan subtropis ing Asia Tenggara, mligi ing laladan kutha.[1] Nyebaré lemut ing lingkungan désa disebabaké anané perbaikan sarana transportasi lan pangembangan sarana suplai nganti dhaéra désa.[1] Kadhuwuran sawijiné laladan saka lumah sagara dadi faktor kang paling wigati kanggo nyebaré lemut Aèdès aégypty.[1] Ing India, lemut Aèdès aégypty ana ing laladan kang duwé kadhuwuran 0-100 mèter saka lumah sagara.[1] Ing nagara Asia Tenggara panyebarané mung nganti kadhuwuran 1500 mèter.[1]

Ciri-ciri

[besut | besut sumber]

Ciri-ciri fisik lemut kang nularaké lelara DBD kanthi jeneng Aèdès aégypty ya iku:

  1. Wernané ireng kanthi lorèng-lorèng putih ing sakojur awaké[2]
  2. Bisa mabur nganti radius 100 mèter saka papan netes[2]
  3. Lemut wadon mbutuhaké getih saben rong dina pisan[2]
  4. Lemut wadon ngisep getih ing wayah ésuk lan soré[2]
  5. Seneng ménclok ing papan kang peteng lan barang kang pating crantèl ing jero omah[2]
  6. Urip ing lingkungan omah, gedhong, lan yasan[2]
  7. Bisa urip nganti 2-3 sasi kanthi rata-rata 2 minggu[2]

Morfologi

[besut | besut sumber]

Lemut Aèdès aégypty diwasa ukurané luwih cilik tinimbang lemut jinis liya, warna dhasaré ireng kanthi tlenik-tlenik putih ing pérangan awak, sikil, lan suwiwi. Déné lemut lanang luwih cilik tinimbang lemut wadon lan ana rambut kandel ing anténané. Ing pérangan toraks buri ana garis-garis putih rada kaya pérak. Ing pérangan toraks iki ana sapasang sikil ngarep, sapasang sikil tengah, lan sapasang sikil buri. Sisik-sisik ing awak lemut padatan gampang gogrog utawa ucul, saéngga ngangèlaké kanggo ngidentidikasi lemut-lemut tuwa.

Siklus Urip

[besut | besut sumber]

Aedes aegypty ngalami metamorfosis sampurna, ya iku endhog - jentik - pompong (larva) - lemut.[3] Lemut Aedes aegypti nyèlèhaké endhog ing lumah banyu kang resik kanthi cara dhéwé-dhéwé (individu).[4] Saben dina lemut Aedes aegypti wadon bisa ngendhog kurang luwih 100.[4] Sawisé rong dina, endhog netes dadi larva banjur nglungsungi nganti ping papat, tuwuh dadi pupa lan pungkasané dadi diwasa.[4] Prosès iki merlokaké wektu kira-kira 9 dina.

Faktor biotik kaya predator, kompetitior, lan panganan mrabawani banget kanggo kasilé dadi imago. Kajaba iku, kandhutan banyu, komunitas mikroba, gegremet banyu kang ana ing habitaté uga mrabawani banget kanggo siklus urip Aedes aegypti.[4] Umur lemut wadon bisa nganti 2-3 sasi.[3] Papan kang gawé ngendhog ya iku papan-papan tandhon banyu ing wadhah utawa ing sakupeng omah, padatan ora ngluwihi jarak 500 m saka omah. Lemut iki ora bisa ngrembaka ing tandhon banyu kang ora nggathuk karo lemah..[3]

Pengendalian vektor

[besut | besut sumber]

Cara kang nganti saiki isih dianggep paling trep kanggo ngedhalèkaké panyebaran lelara demam berdarah dengue ya iku kanthi cara ngendhalèkaké populasi lan panyebaran vektor. Program kang asring ditindakaké ing Indonésia ya iku 3M (menguras, menutup, lan mengubur)

  1. Nguras bak kolah, kanggo mesthèkaké ora ana larva kang ngrembaka ing jero banyu lan ora ana endhog kang nèmpèl ing témbok bak.
  2. Nutup papan kanggo nampung banyu, saéngga ora ana lemut ora bisa lumebu lan ngendhog.
  3. Ngubur barang-barang tilas, saéngga ora bisa nampung banyu udan lan ora didadèkaké papan kanggo ngendhog lemut.

Ana patang cara kanggo ngendhalèkaké vektor DBD, ya iku:

  • Sepisan, ngendhalèkaké lingkungan. Langkahé ya iku ngendhalèkaké lemut diwasa lan lemut pradewasa. Prinsipé ya iku kanggo ngupayakaké supaya kaanan lingkungan ora utawa kurang diremeni lemut, saéngga umur lemut kélong lan ora duwé kalodhangan kanggo nularaké DBD. Usaha iki ditindakaké kanthi cara nambah panerangan ruwangan ing jero omah, ventilasi, ngurangi tetuwuhan perdu, lan ora nyantèlaké klambi ing senthong sarta masang kawat kasa supaya lemut ora lumebu omah.[5]
  • Kapindho, ngendhalèkaké kanthi cara bologis. Ya iku wujud intervensi kang ditindakaké kanthi nggunakaké mungsuh-mungsuh (predator) lemut kang ana, kaya ta iwak lan goppy.[5]
  • Katelu, ngendhalèkaké kanthi cara kimia. Ya iku nggunakaké bahan kimia minangka racun, ngrendhetaké ngrembakané lemut, utawa minangka hormon. Panggunaan bahan kimia kanggo ngendhalèkaké vektor kudu mratimbangaké kerentanan tumrap pestisida kang digunakaké bisa ditampa masarakat, aman tumrap manungsa lan organisme liya, stabilitas lan kagiyatan pestisida , sarta keahlian punggawa nalika nggunakaké pestisida.[5]
  • Kepapat, pengendalian terpadu. Langkah iki minangka aplikasi saka telung cara kang ditindakake kanthi trep (terpadu) lan makarya bareng lintas program sektoral lan peran saka masarakat.[5]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f Nyamuk Aedes aegypti Archived 2012-01-23 at the Wayback Machine.(diundhuh 21 September 2012)
  2. a b c d e f g Ciri-ciri nyamuk Aedes Aegypti Archived 2011-05-20 at the Wayback Machine.(diundhuh 21 September 2012)
  3. a b c "Tahap Telur, Jentik, Kepompong, dan Tahap Dewasa Nyamuk Aedes Aegypti". Diarsip saka sing asli ing 2012-12-15. Dibukak ing 2012-09-26.
  4. a b c d Siklus Hidup Aedes Aegypti Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(diundhuh 26 September 2012)
  5. a b c d Pengendalian Terpadu Nyamuk Demam Berdarah[pranala mati permanèn](diundhuh 30 Januari 2013)