Jean-Marie Gustave Le Clézio
| Jean-Marie Gustave Le Clézio | |
|---|---|
| Jeneng samaran | J.M.G. Le Clézio |
| Lair | {{{birth_date}}} |
| Pagawéan | Pengarang dan penerjemah |
| Kabangsan | Perancis |
Jean-Marie Gustave Le Clézio, utawa J.M.G. Le Clézio (lair ing Nice, Perancis, 13 April 1940; umur 73 taun) yaiku pawongan novelis Perancis. Deweke wis ngasilake luwih saka 30 karya sastra lan entuk Prix Renaudot nalika 1963 sarta Penghargaan Nobel sajrone Sastra 2008.[1]
Bab lan Paragraf |
Biografi[sunting]
Le Clézio dilahirake ing kota Nice ing pante Riviera, Perancis saka bapak kang kebangsaan Britania lan ibu kanti kebangsaan Perancis.[2] Nenek moyange pindah saka Britagne marang île Maurice— kang saiki dikenal minangka Mauritius — nalika abad ke-18. Ing jaman Perang Dunia II, kulawarga iki kapisah, amerga bapake ora isa gabung karo ibu lan sedulur-sedulure di ing Nice.[3] Le Clézio pindah bebarengan kulawargane nalika umur 8 tahun marang Nigeria[4] panggonan bapakne dinas minangka pawongan ahli bedah ing militer Britania.[5]
Sakwise sinau ing Universitas Bristol saka 1958 nganti 1959, Le Clézio ngrampugake pendhidhikan sarjanane ing Institut d’etudes Litteraires ingNice.[4] Sakwise pirang-pirang tahun manggon ing London lan Bristol, deweke pindah marang Amerika Serikat kanggo kerja minangka guru. Deweke dipanggonake ing Thailand nalika 1967 kanggo dinas militere, nanging langsung diendeg amerga deweke protes praktek pelacuran anak-anak lan banjur dikirim marang Meksiko kanggo ngrampungake kewajiban militere. Saka 1970 nganti 1974, deweke manggon bebarengan wong-wong Indian Embera-Wounaan ing Panama.
Le Clézio entuk gelar magister kanti tesis babagan Henri Michaux saka Universitas Aix-en-Provence nalika 1964,[6] lan nulis disertasine nalika 1983 babagan sejarah awal Meksiko ing Universitas Perpignan (deweke spesialis Michoacán).[4] Sejak 1975 ia nikah karo Jémia, wedokan Maroko. Awit 1990-an deweke mbagi omahe antarane Albuquerque, New Mexico, Mauritius, lan Nice.[7]
Deweke pernah mulang ing pira-pira universitas ing sekabehane dunya. deweke kerep teka marang Korea Selatan lan mulang basa lan sastra Pearncis ing Universitas Perempuan Ewha ing Seoul sakwene 2 semester saka 2007 nganti 2008.[8][9]
Bibliografi[sunting]
- Le procès-verbal (Prix Renaudot 1963; diterbitkaké sajroné basa Inggris minangka The Interrogation)
- La fièvre (diterbitaké dalam bahasa Inggris minangka Fever)
- Le déluge (1966, diterbitake sajrone basa Inggris minangka The Flood)
- L'extase matérielle (Material Ecstasy, 1967)
- Terra amata (Beloved Earth, 1967, diterbitake sajrone basa Inggris minangka Terra Amata)
- Le livre des fuites (The Book of Escapes, 1969, diterbitake sajrone basa Inggris minangka The Book of Flights: An Adventure Story)
- La guerre (1970, diterbitake sajrone basa Inggris minangka War)
- Haï (1971)
- Mydriase (1973)
- Les géants (1973, diterbitake sajrone basa Inggris minangka The Giants)
- Voyages de l'autre côté (Journeys Beyond, 1975)
- Les prophéties du Chilam Balam (Chilam Balam Prophecies, 1976, terjemahan teks-teks Chilam Balam.)
- Vers les icebergs (Essai sur Henri Michaux) (To the Icebergs, 1978; esai babagan Henri Michaux)
- Mondo et autres histoires (Mondo and other stories, 1978)
- L'inconnu sur la terre (The Stranger on the Earth, 1978)
- Trois villes saintes (Three Holy Cities)
- Désert (novel) (Desert, 1980)
- La ronde et autres faits divers (1982, diterbitake sajrone basa Inggris minangka The Round & Other Cold Hard Facts)
- Relation de Michoacan (terjemahan)
- Le chercheur d'or (1985, diterbitake sajrone basa Inggris minangka The Prospector)
- Diego et Frida (biografi Diego Rivera lan Frida Kahlo)
- Voyage à Rodrigues (Journey to Rodrigues)
- Le rêve mexicain ou la pensée interrompue (1988, diterbitake sajrone basa Inggris minangka The Mexican Dream, or, The Interrupted Thought of Amerindian Civilizations)
- Printemps et autres saisons (Spring and other Seasons)
- Onitsha (1991, rujukan kepada kota Onitsha di Afrika, diterbitake sajrone basa Inggris kanti judul kang pada)
- Étoile errante (1992, diterbitake sajrone basa Inggris minangka Wandering Star : a Novel)
- Pawana
- La quarantaine (Quarantine)
- Poisson d'or (The Golden Fish)
- Gens des nuages (The Cloud People, kanti Jémia Le Clézio)
- La fête chantée (Sung Celebration)
- Hasard (suivi d'Angoli Mala) (Serendipity)
- Cœur brûle et autres romances (Burnt Heart and other romances)
- Révolutions
- L'Africain (2004) (The African)
- Ourania (2006)
Penghargaan[sunting]
- 1963: prix Théophraste-Renaudot
- 1972: prix littéraire Valery-Larbaud
- 1980: grand prix de littérature Paul-Morand, dianugerahaké déning Académie française
- 1997: grand prix Jean-Giono
- 1998: prix Prince-de-Monaco
- 2008: Stig Dagermanpriset
- 2008: Penghargaan Nobel sajrone Sastra
Cathetan Sikil[sunting]
- ^ "The Nobel Prize in Literature 2008". Nobelprize.org. http://nobelprize.org/nobel_prizes/literature/laureates/2008/.Kaundu 28/1/13
- ^ "Jean-Marie Gustave Le Clezio wins the 2008 Nobel Literature Prize", Times Online, 2008-10-09. Kaunduh 28/1/13
- ^ "Le Clézio-Maalouf: un air de famille" (in French). L'Express Livres. http://livres.lexpress.fr/entretien.asp/idC=8178/idR=5/idTC=4/idG=0.Kaunduh 28/1/13
- ^ a b c "France’s Le Clezio wins Nobel literature prize", Boston Herald, 2008-10-09. Kaunduh 28/1/13
- ^ Lihat L'Africain (2004)
- ^ Marshall, Bill; Cristina Johnston. France and the Americas. ABC-CLIO, 2005. ISBN 1-85109-411-3. h. 697
- ^ Pollard, Niklas; Estelle Shirbon. ""Nomadic" writer wins Nobel prize", International Herald Tribune, 2008-10-09. diaksès tanggal 2008-10-09.
- ^ Lee Esther. "Acclaimed French author praises Korean literature", JoongAng Daily, 2008-01-02.
- ^ Yonhap News. "한국과 각별한 인연 가진 르클레지오", Dong-a Ilbo, 2008-10-09. (Korean)
Pranala jaba[sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- Karya déning utawi ngenani Jean-Marie Gustave Le Clézio ing perpustakaan (katalog WorldCat)
- J.M.G. Le Clézio (1940-), Biografi, dari `Books and Writers`.
- Wawancara bersama Jean-Marie Gustave Le Clézio, dalam Label France No. 45
- French Writer Wins Nobel Prize, New York Times
- "J. M. G. Le Clézio, Nobel laureate": Kumpulan tulisan tentang Le Clézio, dari TLS, 9 Oktober 2008.