Anatole France
| Anatole France | |
|---|---|
![]() |
|
|
|
|
| Lair | 16 April 1844 Paris, France |
| Pati | 12 Oktober 1924 (umur 80) Tours, France |
| Pakaryan | Novelist |
| Bangsa | French |
| Bebungah award(s) | Nobel Prize in Literature 1921 |
| Tapak asma | |
Anatole France (lair ing Paris, 16 April 1844 – tilar donya ing Tours, 12 Oktober 1924 kanthi yuswa 80 taun) yaiku penulis, kritikus urban, salah siji tuladha tokoh utama ana ing sastra Perancis pungkasan abad ka-19 lan wiwitan abad ka-20, kang oleh kanugrahan Penghargaan Nobel Sastra taun 1921.[1] Skeptisisme France wis ana ing karya-karya pisanane, nanging masalah mungsuhan karo kaum borjuis nyebabake dheweke ndukung Partai Komunis Perancis.[2] Nalika taun 1920 tulisan-tulisane didaftarake ana ing Indeks Buku kang dilarang dening Gereja Katolik Roma. Jeneng asline yaiku Jacques Anatole François Thibault.[2] Bapake France yaiku sawijining bakul buku lan njenengi tokone 'Librarie de France' – saka kene iki dheweke njupuk jeneng kanggo jeneng margane.[2] Wiwit cilik France wis kepencut kanggo maca buku.[1] France sekolah ana ing Collége Stanislas, ana ing sekolahane dheweke duwe sikap kanggo anti-pendeta[1]. Sakwise gagal ana ing ujian sarjana muda, France banjur bisa lulus nalika umure 20 taun. Nalika taun 1860-an dheweke dadi asisten kanggo bapake, sakwise kuwi dheweke banjur dadi kataloger lan asisten penerbit ana ing Bacheline-Deflorenne lan ing Lemerre, dheweke uga makarya dadi guru. Nalika bapake pensiun, France banjur makarya dadi asisten editor.[2] Dheweke dadi anggota kelompok penyair Parnassian, Gautier, Catulle, Mendes, lsp, lan mbangun reputasi dhuwur ana ing babagan sastra.[1] Sakdawane ana ing Perang Perancis-Prusia, France duwe tugas ana ing pasukan kuwi, lan kaget karo perang kang ana ing Komune Paris taun 1871.[2]
