Komune Paris

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Persiapan perang

Komune Paris (basa Prancis: La Commune de Paris) yaiku sejarah singkat pertama pamberontakan sosialis kelas buruh kang ana ing dunya.[1] Komune Paris arupa salah sijine tuladha pamerintahan pertama kang dikuwasai déning kelas buruh.[1] Sakwéné 72 dina kelas buruh nguwasani pamerintahan kota Paris.[1] Senajan ora suwi, Komune Paris dadi salah sijiné perkembangan kang potensial banget kanggo perjuangan para buruh, kang mènèhi tuladha positif utawa négatif babagan kepriyé awaké déwé mbangun salah sijiné masarakat sosialis.[1]

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Komune mbuktèkaké dayaning para pekerja kanggo jikuk alih kekuwasan pamerintahan sacara demokratis lan kolektif guna kepentingan rakyat arupa masarakat kang ora nduwé, masarakat buruh utawa masarakat kang kaaniyaya.[2] Komune dadi salah sijiné tuladha ing ngendi kaum buruh ngatonaké kekendelané, akal lan kréativitasé.[2]

Sakdurungé tahun 1870 Prancis dikuwasai sak wéné 20 tahun déning Louis Napoleon, pawongan tiran badut kang duwéni panggayuh nguripaké manéh kejayaan pakliké, Napoleon Buonaparte.[3] Si badut kang jenengi awaké dhéwé Napoleon III iku, ngetuai salah sijiné rèzim kang korup lan represif kanti jeneng Kekaisaran kaloro.[2]

Kaisar iki nglakokakè pira-pira perang, ananging nalika ngadepi negara Jerman kang dipimpin Otto von Bismark, dèwèké ngalami kekalahan.[2] Tentara Prancis digawé kocar-kacir amung nganggo itungan dina lan si Napoleon III dicekel.[2] Banjur dibentuk “Pemerintah Pambéla Bangsa” kang dipimpin Adolphe Thiers kanti tujuan ngrampungaké perang sakcepeté sarta njaga ketentreman ing ngisoré kekuwasaan borjuis.[2]

Ananging kaum buruh Paris nduwéni rencana liya.[2] Wektu iku Paris dikepung déning tentara Jerman lan dibélani déning Garda Nasional kang isiné para buruh kang diwènèhi sanjata.[2] Rakyat buruh Paris wis marisi tradisi perjuangan lan radikalisme kang kuwat saka Révolusi Prancis tahun 1789.[2] Tradisi iku nuladhani perjuangan dèwèké nalika tahun 1870.[2]

Pamerintah Thiers kang markasé ana ing Versailles, rodok adoh saka Paris supaya slamet saka kaum buruh, nyerah marang Jerman ing wulan Januari tahun 1871.[2] Ora amung merga tentara Prancis kentèkan tenaga, ananging uga amerga Thiers sak balané ngrasa wedi karo semangaté kaum buruh ing Paris.[2] Kanggo dèwèké, tugas utama yaiku ngalahaké kaum buruh.[2]

Nalika tanggal 18 Maret, Thiers ngirimaké pasukan marang Paris kang dipimpinan Jendral Lecomte kanggo ngrebut meriam-meriam Garda Nasional, minangka langkah pertama sajroné upaya njaluk sekabèhané senjata rakyat pekerja.[2] Pasukan iku uga didhukung déning polisi.[2]

Nanging rencana iku ora kasil.[2] Para buruh kang dipimpim déning para wadon, cepet-cepet mbéla meriam-meriam iku sinambi kekancan karo tentara cilik, nganti tentara iku ora manut manèh déning perintah komandané.[2] Kerep Lecomte ngakon tentara iku supaya nembak ananging para tentara iku nolak lan akhiré ngguwak senjatané.[2] Sebagiyan malah mbéla para buruh, sebagiyan liya ngunduraké awaké déwé minangka dai tentara.[2] Diana iku uga, Komité Pusat saka Garda Nasional deklarasikaké salah sijiné republik.[2]

Dèwèké nerapaké reformasi ing bidhang perburuhan, politik lan urusan sosial, kayata pemisahan antarané agama lan negara, perturan jam-jam kerja, administrasi dmokratis déning para karyawan ing kampung-kampung, hak-hak sipil kanggo para wong jaba, demokratisasi pendhidhikan lan papan panggonan kanggo pengasuhan anak.[2] Sekabèhané iki dilakokaké sajroné kahanan kang darurat nalika Paris dikepung lan ngalami paceklik.[2]

Prastawa Penting[sunting | sunting sumber]

Taun 1870[sunting | sunting sumber]

  • 19 Juli: Sakwisé nglakokaké perjuangan diplomatik tumprap usaha Prusia kanggo nguwasai kerajaan Spanyol, Louis Bonaparte ngumumaké perang tumprap Prusia.[4]
  • 4-6 Agustus: Putra Mahkota Frederick, kang mimpin salah siji saka 3 angkatan kanti senjata Prusia kanggo nguwasai Prancis, ngalahaké Marsékal Prancis Mac Mahon ing Worth lan Weissenburg, dipeksa mentu saka Alsace (wétan laut Prancis), ngepung Strasbourg, lan mlaku maju tumuju Nancy.[4] 2 angkatan perang Prusia liyané nyegat pasukan Marsékal Bazaine ing Métz.[4]
  • 19 September: 2 angkatan perang Jerman mulai ngepung kota Paris.[4] Bismarck nyangka yèn buruh-buruh Prancis kang “ringkéh” bakal langsung nyerah.[4] GND ngirimaké utusan marang Tours, kang seterusé disusul Gambetta (kang mlayu saka Paris kanti nggunakaké balon), kanggo musawarahaké perlawanan ing pira-pira provinsi.[4]
  • 27 Oktober: Tentara Prancis kang dipimpin Bazaine sarta 140.000 nganti 180.000 wong nyerah ing Métz.[4]
  • 30 Oktober: Garda Nasional Prancis dikalahaké ing Le Bourget.[4]
  • 31 Oktober: Nalika krungu yèn Pamerintahan Pertahanan Nasional (GND) nglakokaké négosiasi karo Prusia, kaum buruh Paris lan sèksi-sèksi révolusionèr sajroné Garda Nasional, nglakokaké pamberontakan kang dipimpin Blanqui.[4] Dèwèké nguwasai Hotèl de Ville (Balaikota) lan ngedegaké Pamerintahan reévolusionèr.[4]
  • 1 November: Kanti anané tekanan kaum buruh, GND ngucap janji kanggo mundur lan njadwalaké pamilihan umum nasional kanggo Komune (janji kang ora diniyati kanggo dibuktikaké).[4]

Taun 1871[sunting | sunting sumber]

  • 22 Januari: Kaum proletariat Paris lan Garda Nasional nganakaké salah sijiné Démonstrasi Rèvolusionèr, kang dipimpin déning kaum Blanquis.[4] Dhèwèké nuntut panggulingan pamerintah lan didegaké Komune.[4]
  • 28 Januari: Sakwisé perjuangan buruh sakwéné 4 wulan kang dawa iku, Paris nyerah marang Prusia.[4] Nalika serdadu regulèr dirampas senjatanè, Garda Nasional isih diijinakè kanggo nyekel senjata.[4]
  • 8 Februari: Pamilihan kang ora dingertèni sebagiyan gedhé pendhudhuk, dianakaké ing Paris.[4]
  • 12 Januari: Majelis Nasional kang anyar nganakaké sidhang ing Bordeaux; sepertelu saka anggota-anggotané yaiku golongan konservatif kang kepingin perang diendeg.[4]
  • 16 Januari: Majelis milih Adolphe Thiers minangka Ketua Èksekutif.[4]
  • 26 Februari: Traktak (perjanjèn) perdamaian awal antarané Prancis lan Jerman ditandatangi ing Versailles déning Adolphe Thiers lan Jules Favre.[4] Prancis nyerahaké Alsace lan Lorraine wétan marang Jerman lan mbayar ganti rugi 5 milyard francs.[4] Tentara Jerman bakal ditarik sakwisé pembayaran dilakokaké.[4] Perjanjèn perdamaian sacara final ditandatangani ing Frankfurt nalika tanggal 10 Mei 1871.[4]
  • 10 Maret: Majelis Nasional ngetokaké peraturan kang ngundur anggoné mbayar utang kang wis ngliwati jadwal (overdue bills); kanti anané peraturan iki pambayaran debit obligasi kang dilakokaké antarané tanggal 13 Agustus lan 12 November 1870 kudu diundur.[4] Hukum kasebut nyebabapké bangkruté kaum borjuis.[4]
  • 11 Maret: Majelis Nasional diundur.[4] Kanti anané keributan ing Paris, dhèwèké ngedegaké Pamerintahané ing Versailles nalika tanggal 20 Maret.[4]
  • 18 Maret: Adolphe Thiers ngupadaya njaluki sanjata-sanjata ing Paris kanti ngirimaké serdadu Prancis (tentara reguler), ananging kekancanané karo kaum buruh Paris, dhèwèké nolak perintah Thiers kasebut.[4][5] Jenderal Claude Martin Lecomte lan Jacques Leonard Clement Thomas dipatèni déning pasukané dhéwé.[4] Akèh tentara kang sacara damai metu saka Paris, lan liyané tetep manggon ana ing Paris.[4] Amerga kejemé Thiers, Perang Sipil kedadéyan.[4]
  • 26 Maret 1871: Salaha sijiné Dhéwan Kotapraja—Komune Paris—dipilih déning pendhudhuk Paris.[4] Komune kasusun saka para buruh, kang ing antarané dhèwèké arupa anggota Internasional I sarta para anak buahé Proudhon lan Blanqui.[4]
  • 30 Maret: Komune ngilangaké wajib militèr lan darurat.[4] Komune mbatalaké pambayaran séwa omah saka Oktober 1870 nganti wulan April 1871.[4] Ing dina kang padha, wong asing kang kapilih dadi anggota Komune sacara penuh disahake, amerga “gendéra Komune yaiku gendéra Républik Dunya”.[4]
  • 1 April: Komune mretélakaké yèn bayaran paling dhuwur kang ditampa anggota Komune ora olèh ngluwihi 6000 francs.[4]
  • 6 April: Guillotine ditokaké déning Batalion 137 Garda Nasional, lan diobong sacara ramé-ramé déning rakyat.[4]
  • 7 April: Nalika 7 April, tentara Prancis ngrebut Seine nyebrang liwat Neuilly, ing bagiyan ngarep sebelah kulon Paris.[4] Minangka balesan saka Pemerintah Prancis kang némbak mati para Komunard kang dicekel, Komune ngetokaké pratélan “an eye for an eye (utang getih dibayar getih)”, lan ngancem bales-dendam.[4]
  • 12 April: Komune netepaké yèn Tugu Kemenangan kang ana ing Istana Vendome, kang direbut sacara peksa déning Napoleon sakwisé perang tahun 1809, kudu dibrukaké minangka simbol chauvinisme.[4]
  • 16 April: Komune netepaké nglur anggoné mbayar sekabèhané utang sakwéné 3 tahun.[4]
  • 21-28 Mei: Tentara Prancis mbutuhaké wektu 8 dina kanggo ngentèki kaum buruh, sarta némbaki kaum sipil.[4] Operasi iki dipimpin déning Marshall MacMahon, kang ahiré dadi Presidhèn Prancis.[4] Puluhan èwu kaum Komunard lan kaum buruh kanti cepet dipatni (kurang luwih 30.000 wong); 38.000 liyané dikunjara, lan 7.000 didèportasi sacara peksa.[4]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d (en)1871: The Paris Commune, (Kaunduh 26 Maret 2013).
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v (id)Komune Paris, (Kaunduh 5/April/2013).
  3. ^ (en)the paris commune, (Kaundhuh 6 April 2013).
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar (id)KILASAN SEJARAH PERANG SIPIL DI PRANCIS, (Kaunduh 9/April/2013).
  5. ^ (id)Pelajaran-pelajaran Komune Paris , (Kaundhuh 24 April 2013).

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Komune_Paris&oldid=883743"