Theodor Mommsen
| Theodor Mommsen | |
|---|---|
Christian Matthias Theodor Mommsen
|
|
| Miyos | [[{{{3}}} ]] 30 November 1817 Garding, Schleswig |
| Tilar donya | 1 November 1903 (umur 85) Charlottenburg, German Empire |
| Kabangsan | German |
| Bidhang | Classical scholar, jurist, historian |
| Lembaga | University of Leipzig University of Zurich University of Breslau University of Berlin |
| Lulusan saking | University of Kiel |
| Notable awards | Pour le Mérite (civil class) Nobel Prize in Literature 1902 |
Christian Matthias Theodor Mommsen (lair 30 November 1817 – tilar donya 1 November 1903 kanthi yuswa 85 taun) yaiku sarjana klasik, politikus, lan sejarawan Jerman.[1] Karyane ing sejarah Romawi tetep penting ing panaliten mangsa saiki.[1]
Mommsen yaiku anake menteri, nanging ora sugih.[1] Dheweke lair ing Garding, Schleswig, gedhene ing Oldesloe lan sekolah ing Altona.[1] sateruse dheweke sinau ilmu hukum ana ing Kiel ing taun 1838-1843.[1]
Mommsen dibantu dening pemerintah Denmark, saengga bisa mara ing Perancis lan Italia, ana ing kono dheweke sinau sejarah kuno.[1] Wektu Revolusi 1848 Mommsen dadi wartawan ing Rendsburg kanggo Schleswig-Holsteinische Zeitung, lan uga ing taun kuwi, dheweke uga dadi profesor hukum ing Universitas Leipzig.[1]
Mommsen politike Liberal, saengga dheweke dadi profesor ing taun 1851, nanging ing taun 1852 dheweke dadi profesor hukum Romawi ing Universitas Zürich ldan ing taun 1854 ana ing Universitas Breslau.[2]
Ana ing taun 1858 Mommsen dadi anggota Preußische Akademie der Wissenschaften (Akademi Ilmiah Prusia) ing Berlin, lan ing taun 1861 Mommsen dadi profesor sejarah Romawi uga ing Berlin, panggonan dheweke awal mulang mulai taun 1887.[2]
Ing taun 1868 Mommsen dianugrahi Pour le Mérite, lan ing taun 1902 dheweke uga dianugrahi Penghargaan Nobel Sastra kanggo karya-karya kang paling utama Römische Geschichte antarane taun 1854-1856.[2] Mommsen dadi salah sijine penulis karya non-fiksi kang nampa penghargaan kuwi.[2]
Cathetan Suku [sunting]
|
|||||||||||||||||