Henrik Pontoppidan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Henrik Pontoppidan

Henrik Pontoppidan (24 Juli 185721 Agustus 1943) inggih punika salah satunggaling penulis realis ingkang sesarengan kaliyan Karl Gjellerup alias Epigonos pikantuk Penghargaan Nobel Bidang Sastra nalika taun 1917 kanggé "penggambaranipun ingkang karinci babagan pagesangan wekdal punika wonten ing Denmark." Novel-novel lan cerpen-cerpen Pontoppidan –wosipun pangarep saperlu kamujuan sosial ananging ing wuri kicalan pangarep saking perwujudanipun—ngrawuhaken gegambaran ingkang jangkep saking negeri lan jamanipun.[1]

Putra salah satunggaling pendeta, Pontoppidan berjuang tumrap lingkunganipun kaliyan sinau babagan teknik wonten ing kutha Kopenhagen nalika taun 1873. Wonten ing taun 1879 piyambakipun mandheg sinau lan dados guru sadangunipun pinten-pinten taun. empalan cariyos ingkang angka pisanipun dipunterbitaken rikala taun 1881, lajeng piyambakipun nyokong dhiri kaliyan nyerat, dumugi ing taun 1900 minangka salah satunggaling wartawan wonten ing sajumlah surat kabar Kopenhagen.[2]

Karya[sunting | sunting sumber]

Karya Pontoppidan—utaminipun novel lan crita ckak wonten ing "gaya dingin", tebih, lan epik–merentang sadangunipun sepalih abad lan nyariosaken sapérangan ageng segi pagesangan wonten ing Denmark.

Buku ingkang kapisanan babagan pagesangan desa-kutha. Landsbybilleder (1883; "Gambar Desa"), Fra Hytterne (1887; "Saking Gubuk"), lan Skyer (1890; "Mendhung") dipuncirikaken kaliyan kadukan sosial ananging ugi apresiasi ironis kepuasan dhiri pribadi lan sikap pasif penduduk negeri. Trilogi Det forjættede land, 3 jilid (1891, 1895; Tanah ingkang Dipunjanjikaken), nggambaraken kontroversi keagamaan wonten ing distrik-distrik negeri punika (Denmark). Wonten ing taun 1890-an Pontoppidan nyerat novel cekak babagan perkawis psikologi, estetika, lan moral--mis, Nattevagt (1894; "Pengawal Dalu"), Den gamle Adam (1895), lan Hojsang (1896; "Lagu Agung"). Sedayanipun kadhérékaken déning utama, novel Lykke-Per (1898-1904; "Per ingkang Bejo"), ing pundi tokoh utamanipun mirip sanget kaliyan Pontoppidan. Piyambakipun inggih punika putra salah satunggaling pendeta ingkang nglawan swasana puritan wonten ing dalemipun lan pados kabegjan wonten ing ibu kutha minangka salah satunggaling insinyur. Tema buku punika inggih kekiyatan lingkungan, lan kecenderungan nasional dhateng arah lamunan lan kawedén realitaas dipunkecam.[3]

Lingkaran novel paling ageng ingkang kaping 3 Pontoppidan, De dodes rige, 5 jilid (1912-1916; "Kekaisaran Kematian"), nedahaken boten puasipun saking perkembangan politik sabibaripun kamenangan kaum liberal nalika taun 1901 lan kawedén saking kemandulan jaman ingkang énggal. Novel pait Mands himmerig (1927; "Swarga Manungsa") nggambaraken Denmark ingkang netral sadangunipun kadadosan Perang DOnya I lan nyerang materialisme ingkang boten kapikiraken. Karya pungkasan ingkang wigat sanget saking Pontoppidan inggih punika 4 jilid memoar ingkang dipunterbitaken antawis taun 1933 lan 1940 lan ingkang medal wonten ing versi kempalan lan cekak ingkang dipun sukani judul Undervejs til mig selv (1943; "Jalur Dhiriku").[4]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Henrik_Pontoppidan&oldid=836583"