Pablo Neruda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pablo Neruda minangka kandidat Présidhèn nalika taun 1970.

Pablo Neruda (lair ing Parral, sawijining kutha sakitar 300 km ing sisih kidul Santiago, Chili, 12 Juli 1904 – pati 23 Sèptèmber 1973 ing umur 69 taun) inggih punika sesinglon penulis Chili, Ricardo Eliecer Neftalí Reyes Basoalto.

Neruda ingkang dipunanggep minangka salah satunggaling penyair kanthi basa Spanyol paling ageng wonten ing abad 20, inggih punika salah satunggaling penulis ingkang paling produktif. Seratan-seratanipun merentang saking puisi-puisi katresnan ingkang erotik, puisi-puisi ingkang surealis, epos sajarah, lan puisi-puisi pulitik, dumugi puisi-puisi babagab hal-hal ingkang biyasa, kados alam, laut. Juru roman Kolombia, Gabriel García Márquez nyebut piyambakipun minangka "penyair paling ageng abad 20 wonten ing basa punapa kemawon". Nalika taun 1971, Neruda dipunanugrahi Penghargaan Nobel babagan Sastra.[1]

Nalika gesangipun, Neruda misuwur amargi kayakinan-kayakinan pulitikipun. Minangka salah satunggaling tiyang kuminis ingkang vokal, piyambakipun naté sakedhap dados sénator kanggé Parté Kuminis Chili wonten ing Konggrès Chili sadéréngipun kapeksa ngasingaken dhiri.

Nama samaran Neruda kapendhet saking nama penulis lan penyair Ceko, Jan Neruda; ing wuri nama punika dados nama resminipun.

Pagesangan[besut | besut sumber]

Taun-taun awal[besut | besut sumber]

Neruda miyos wonten ing Parral, satunggaling kutha alit sakitar 300 km sisih kidul Santiago, Chili. Bapakipun, José del Carmen Reyes Morales, satuggaling pagawé kereta api; ibunipun, Rosa Neftalí Basoalto Opazo, satunggaling guru sekolah ingkang tilar donya 2 wulan sabibaripun nglairaken Neruda. Neruda lan bapakipun lajeng pindhah dhateng Temuco, lan ing mrika bapakipun palakrama kaliyan Trinidad Candhia Malverde, satunggalin wanita ingkang 9 taun sadérnégipun maringi putra, Rodolfo. Neruda ugi gesang sesarengan kaliyan sadhérékipun, Laura, salah satunggaling putsi saking garwa ingkang sanès.

Neruda timur ajejuluk "Neftalí", nama almarhumah ibunipun. Minatipun kaliyan babagan nyerat lan sastra katentang bapakipun, nanging piyambakipun pikantuk panyengkuyung saking tiyang sanès, kalebet Gabriela Mistral ingkang samangk péikantuk Bebungah Nobel, nalika punika minangka kepala sekolah putri ing mrika. Karyanipun ingkang kapisanan dipunterbitaken wonten ing ariwarti sakitaripun, La Mañana, nalika umur 13 taun: Entusiasmo y perseverancia ("Antusiasme lan Kagigihan"). Nalika taun 1920, nalika piyambakipun mendhat sesinglon Pablo Neruda, piyambakipun sampun nerbitaken kathah puisi, prosa, lan jurnalisme.[2]

Soneta II[besut | besut sumber]

Soneta II kapendhet saking kempalan Cien sonetos de amor ("100 Soneta Katresnan") ingkang terbit taun 1959.

Amor, cuántos caminos hasta llegar a un beso,
qué soledad errante hasta tu compañía!
Siguen los trenes solos rodando con la lluvia.
En Taltal no amanece aún la primavera.

Pero tú y yo, amor mío, estamos juntos,
juntos desde la ropa a las raíces,
juntos de otoño, de agua, de caderas,
hasta ser sólo tú, sólo yo juntos.

Pensar que costó tantas piedras que lleva el río,
la desembocadura del agua de Boroa,
pensar que separados por trenes y naciones

tú y yo teníamos que simplemente amarnos,
con todos confundidos, con hombres y mujeres,
con la tierra que implanta y educa los claveles.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Adam Feinstein, Pablo Neruda: A Passion for Life, Bloomsbury, 2004. (ISBN 1-58234-410-8)
  • Pablo Neruda, Confieso que he vivido: Memorias, terj. Hardie St. Martin, Farrar, Straus, dan Giroux, 1977. (ISBN 9374206600)

Pranala njaba[besut | besut sumber]