John Steinbeck
| John Steinbeck | |
|---|---|
John Steinbeck karo anaké lanang John (19 taun) |
|
| Lair | 27 Februari 1902 Salinas Valley, California, AS |
| Séda | 20 Desember 1968 (umur 66) New York, New York, AS |
| Pagawéan | Penulis |
John Ernst Steinbeck (Salinas, California, 27 Februari 1902 - New York City, 20 Desember 1968) iku salah siji penulis Amérika Sarékat misuwur ing abad kaping-20 sing menangaké Bebungah Nobel Sastra ing taun 1962.
Steinbeck mlebu Universitas Stanford sacara terputus-putus antara 1920 lan 1926 nanging ora ngétukaké gelar. Steinbeck nyambut gawé minangka buruh sinambi nulis, lan pangalamané agawé panggambaran kauripan buruh jroning crita-critané dadi otentik. Steinbeck ngentèkaké sebagéan gedhé uripé ing Monterey County, California.
3 buku roman pisanan—Cup of Gold (1929), The Pastures of Heaven (1932), lan To a God Unknown (1933)—ora suksès, nanging Steinbeck dadi misuwur amarga Tortilla Flat (1935; difilmaké 1942), sing sacara nrenyuhaké nyritakaké wong-wong Meksiko-Amerika. Jroning Dubious Battle (1936) digambaraké mogok massal para buruh tani. Buku roman Mice And Men (1937; difilmaké 1939 lan 1999) iku arupa crita tragis ngenani ikatan sing anèh lan komplèks antara 2 buruh migran.
Pranala njaba [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
|
||||||||
|
|||||||||||||||||