Ivo Andrić
| Ivo Andrić | |
|---|---|
|
|
|
| Lair | 9 Oktober 1892 Dolac (désa cedhak Travnik), Bosnia,Kakaisaran Ottoman |
| Pati | 13 Maret 1975 (umur 82) Belgrade, Socialist Federal Republic of Yugoslavia |
| Pakaryan | Novelis |
| Bebungah award(s) | Bebungah Nobel Sastra 1961 |
Ivo Andrić (Sirilik: Иво Андрић; 9 Oktober, 1892—13 Maret, 1975) kuwi sawijining panulis novel saka Yugoslavia, panulis crita cekak, lan pemenang Bebungah Nobel taun 1961 babagan Sastra saka Yugoslavia (lair ing Bosnia-Herzegovina, kang wektu semana isih dadi pérangan saka Yugoslavia). Novel karangané en:The Bridge on the Drina lan Chronicles of Travnik / The Days of the Consuls crita ngenani kahanan kauripan ing Bosnia ing sangisoré kauwasan Kakaisaran Ottoman.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Biografi
Andrić lair 9 Oktober, 1892 saka wong tuwané kang ètnik Kroat [1] [2] ing désa Dolac cedhak Travnik, Bosnia-Herzegovina, kang dadi bagéan saka Kakaisaran Ottoman, banjur sikuwasani séning Austria-Hungaria. Jeneng asliné Ivan, nanging banjur luwih dikenal kanthi undang-undangan (mangsa cilikan) Ivo. Nalika Andrić umur rong taun, bapaké tilar donya. Amarga ibuné ora kuwawa nggedhèkaké, banjur Ivo dirumat déning seduluré ibuné kang manggon ing Bosnia wétan yakuwi ing kutha Višegrad ing pinngir Drina. Ing kutha iki Ivo ngerti kreteg Ottoman, kang banjur dadi novelé kang misuwur yakuwi The Bridge on the Drina.
[sunting] Karya
Bahan crita karangan Ivo utamané dijupuk saka sajarah, folklore, lan budaya dhaérah asalé Bosnia.
- en:The Bridge Over the Drina
- The Days of the Consuls (a.k.a. Chronicles of Travnik / Bosnian Chronicle)
- The Woman from Sarajevo
Kabèh mau dirilis ing taun 1945 lan ditulis jroning Perang Donya II sawetara Andrić manggon ing kutha Beograd. Buku-buku mau uga dikenal minangka sawijining "trilogi" amarga dirilis ing wektu kang padhaa lan ditulis amèh bebarengan. Senadyan mangkono, karya-karya mau mung kahubung déning téma, nanging sabeneré arupa karya-karya kang mandhiri.
Karya liyané kang populèr:
- The Journey of Alija Đerzelez (Put Alije Đerzeleza, 1920)
- The Vizier's Elephant (Priča o vezirovom slonu, 1948; trans. 1962)
- The Damned Yard (Prokleta avlija, 1954)
- Omer-Pasha Latas (Omerpaša Latas, released posthumously in 1977)
[sunting] Pranala njaba
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- Andric at NobelPrize.org
- The Swedish Academy secretary Anders Oesterling presentation speech
- Ivo Andrić Foundation
[sunting] Referensi
- Ivo Andric, The Bridge on the Drina - The University of Chicago Press, 1977 - two biographical notes written by William H. McNeill and Lovett F. Edwards
|
||||||||
|
|||||||||||||||||