Winston Churchill
Sir Winston Leonard Spencer Churchill (lair ing Oxfordshire, Inggris, 30 November 1874 – tilar donya 24 Januari 1965 kanthi yuswa 90 taun) punika tokoh pulitik lan pangarang saking Inggris ingkang paling dipuntepangi mianangka Perdhana Mentri Britania Raya nalika Perang Donya II. Peranipun minangka ahli strategi, orator, diplomat lan pulitisi misuwur ndadosaken Churchill salah satunggal saking tokoh paling kagungan pengaruh ing sajarah donya. Nalika taun 1953, Churchil dipunanugrahi bebungah Nobel ing bidang literarur amargi sumbangan ingkang panjenenganipun paringaken salebetipun buku-buku karanganipun perkawis basa inggris lan sajarah donya.
Mangsa timur [sunting]
Nami kuluwarga Churchill ingkang sabeneripun inggih punika Spencer-Churchill (amargi panjenenganipun kagungan hubungan getih kaliyan kuluwarga Spencer), nanging dipunmilai kaliyan bapanipun, Lord Randolph Churchill, sedaya kuluwarganipun wiwit ngginaaken nami kuluwarga Churchill.
Winston Churchill punika keturunan saking kuluwarga Churchill sepindhah ingkang dipuntepangi sacara wiyar, John Churchill, Duke Marlborough sepindhah. Bapanipun Winston, Lord Randolph Churchill, punika tokoh pulitik ingkang ugi arupi putra angka tiga saking John Spencer-Churchill, Duke Marlborough kaping 7. Ibu Winston punika Lady Randolph Churchill (Jennie Jerome), putrinipun jutawan Amérika Leonard Jerome.
Winston Churchill dipunwiyosaken ing Blenheim Palace ing Woodstock, Oxfordshire; panjenenganipun dipunwiyosaken tanpa persiapan nalika ibunipun milai ngalami kontraksi nalika saweg lelampahan kanthi kréta jaran.
Kadosdéné anak jaler sanèsipun ingkang asalipun saking kelas ingggil ing wekdal puniku, mangsa alitipun kathahipun dipuntelasaken ing asrama sekolah. Salah satunggil anekdot ingkang kasebar wiyar inggih punika cariyos nalika Churchill nyerat ujian mlebet dhumateng Sekolah Harrow. Nalika ujian basa Latin, panjenenganipun namung nyerat titel, naminipun, nomor 1 lan titik. Senadyan panjenenganipun dipuntampi mlebet, panjenenganipun dipunparingaken ing kelas kanggé murid ingkang boten kagungan prestasi, pelajaran dipunkonsentrasikaken dhumateng basa Inggris, bidang pelajaran ingkang dipunkuwaosi kanthi becil sanget déning Churchill. Sapuniki, saben taun, sekolah Harrow maringi bebungah Churchill (Churchill essay-prize) kanggé karangan ingkang membahas topik ingkang sampun dipuntemtokaken sadèrèngipun déning kepala bagéyan basa Inggris.
Ibunda Churchill (dipuntepangi ing wekdal puniku minangka Lady Randolph) arang ngunjungi putranipun, senadyan mekaten Churchill tresna sanget lan kagum dhumateng ibunipun. Churchill asring nyerat layang, nyuwun dhumateng ibunnipun supados rawuh tilik utawi nyuwun dhumateng bapanipun supados ngidinaken panjenenganipun wangsul dhumateng griya. Sasampunipun Winston diwasa, hubungan antawisipun Winston lan ibunnipun dados langkung caket, saéngga hubungan kekalihipun langkung mèmper hubungan mbakyu kaliyan rayinipun lan rerèncangan ingkang kenceng.
Hubungan antawisipun Churchill lan bapanipun mboten caket, senadyan mekaten panjenenganipun mesthi nggatosaken karir bapanipun. Nalika taun 1816, panjenenganipun mroklamiraken, "Bapa kula punika kanselir kauangan (Chancellor of the Exchequer) lan satunggal dinten samangké, kula ugi bakal nglampahaken perkawis ingkang sami." Panjenenganipun mboten kagungan kathah rèncang nalika timur lan perkawis puniki tansal dipunéling-éling. Churchill caket sanget kaliyan pangasuhipun, Elizabeth Anne Everest, lan sedhih sanget nalika Elisabeth tilar donya tanggal 3 Juli, 1895. Churchill mbayar biaya panguburanipun ing City of London Cemetery and Crematorium.
Prestasinipun ing Harrow mboten saé, Churchill asring dipunukum amargi bijinipun ingkang ala lan dipunanggep mboten ngupados sinau langkung becik. Prilakunipun ingkang indhepèndhen lan sipatipun ingkang asring mbaléla dados alangan kanggé nyinaoni mata pelajaran klasik kadosdéné basa Latin lan sajarah Yunani kuna. Senadyan mekaten panjenenganipun nedahaken bakat agengipun ing mata pelajaran sanès, kadosdéné sajarah, ing pundi panjenenganipun asring pikantuk biji paling saé. Churchill asring dipunanggep, utamaminipun amargi panjenenganipun piyambak kagungan anggepan mekaten, gagal kanggé pikantuk prestasi ing sekolah. Nanging panjenenganipun naté kagungan prestasi kanthi dados jawara pertandhingan anggar ing sekolah.
Churchill naté dados anggota freemason watawis taun 1895, sapérangan wekdal sasampunipun bapanipun tilar donya dumugi watawis taun 1912.
Dinas Militèr [sunting]
Churchill tumut akadhemi militèr ing Sandhurst. Sasampunipun lulus nalika yuswa 20 taun, Churchill nggabung kaliyan tentara minangka Subaltern (mèmper kaliyan pangkat letnan) ing regimen kavaleri Hussar IV (kanthi nami regimen Queen's Own). Regimen puniki dipuntugasaken ing Bengaluru, India. Sasampunipun panjenenganipun dugi ing India, Churchill ngalami cidra ing pundhakipun.
Ing India, Churchill nelasaken sebagéyan ageng wekdalipun dolanan polo. Situasi puniki mboten damel remen Churchill ingkang tasih anèm lan ngelak pangalaman militèr. Panjenenganipun wiwit pados kesempatan kanggé saged nggabung salebeting perang. Taun 1895, Churchill lan Reggie Barnes pikantuk idin tindak dhumateng Kuba kanggé dados pangamat perang antawisipun prajurit Spanyol lan gerilyawan Kuba. Churchill ugi pikantuk komisi kanggé dados korèspondhèn koran Daily Graphic. Churchill gambira sanget nalika panjenenganipun kalibat salebeting baku témbak sepindhahipun nalika ambal warsanipun ingkang kaping 21. Nalika salebeting lelampahan dhumateng Kuba, panjenenganipun sempat ngunjungi Amérika Sarékat sepindhahipun lan dipuntepangaken dhumateng komunitas New York déning rèncang caket ibunipun, Bourke Cockran.
Pranala njaba [sunting]
| Didhisiki déning: Arthur Neville Chamberlain |
Perdhana Mentri Britania Raya 1940–1945 |
Diganti déning: Clement Attlee |
| Didhisiki déning: Clement Attlee |
Perdhana Mentri Britania Raya 1951–1955 |
Diganti déning: Sir Anthony Eden |
|
||||||||
|
|||||||||||||||||