Novèl
Novèl yaiku salah sawijiné karya fiksi prosa yang kang ditulis.[1] Novèl sifaté naratif utawa wujudé arupa crita. [1]Wong kang nulis novèl diarani novelis.[1] Tembung novèl asalé saka basa Italia novella kang tegesé "sebuah kisah, sepotong berita". [1]
Novèl luwih dawa lan luwih lengkap yèn dibandingake karo cerpèn utawa cerita pendek kang ing basa Jawa diarani cerkak utawa crita cekak.[1] Novèl saora-orané kasusun dèning 40.000 tembung.[1] Novèl uga ora diwatesi karo struktural lan metrikal sandiwara utawa sajak.[1] Umumé novèl nyritakaké ngenani tokoh-tokoh lan klakowané tokoh-tokoh iku sajroné nglakoni urip sadina-dinane. [1]Novel nitikaké critané ing bagéyan-bagéyan kang anéh saka naratif utawa crita iku.[1] Novèl ing basa Indonèsia uga dibedakake karo roman.[1] Roman alur critané luwih kompleks lan cacahé tokoh kang dadi paraga ing crita roman uga luwih akéh tinimbang novèl.[1] Novèl biyasané ditulis lan dicithak dadi bentuk buku.[1]
Novèl asalé saka basa Italia yaiku saka tembung novella, basa Jerman saka tembung Novelle, lan basa Yunani yaiku novellus.[1]
[sunting] Novèl sejarah
Novèl sejarah yiku genre kang penting kang akeh ditulis ing negara-negara Barat, kang duwéni katresnan tumprap sejarah. [2]Kanthi novèl iki negara-negara iku nanduraké katresnan tumprap sejarah lan nuduhaké pentingé sejarah tumprap pandhidhikan.[2] Novèl sejarah mbiyantu ngakrabaké masyarakat jaman saiki karo masyarakat jaman mbiyèn kang ngenggoni bangsané. [2]Kang dadi pelopor nulis novèl sejarah yaiku Walter Scott.[2] Dhéwéké salah sijiné pengarang Inggris saka abad kaping 19.[2] Negara Inggris ndeleng sejarah minangka unsur kang penting kanggo mbangun bangsané.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.