Wong Sumba

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Griya adat Suku Sumba

Pulo Sumba dados papan dunungipun suku Sumba lan kapérang dados kalih kabupatèn, Sumba Barat lan Sumba Timur. Masarakat Sumba saged njagi lan nguri-uri kabudayan aslinipun ing sadengahing arus prabawa asing ingkang sampun dumunung ing kepulauan Nusa Tenggara Timur wiwit jaman rumiyin.[1] Kapitadosan khas laladan Marapu, sepalih leluhur, sepalih déwa, taksih katingal gesang sanget ing sadengahing masarakat Sumba. Marapu dados falsafah dhasar tumrap manéka ungkapan budaya Sumba wiwit saking upacara-upacara adat, griya-griya ibadat (umaratu) griya-griya adat lan tata cara rancang bangunanipun, jinis-jinis hias ukiran-ukiran lan tekstil dumugi caranipun damel perangkat busana kados ta kain-kain hinggi lan lau sarta perlengkapan perhiasan lan senjata (gaman).

Kabudayan Pulo Sumba[besut | besut sumber]

Ing Sumba Timur strata sosial antawis kaum bangsawan (maramba), pemuka agama (kabisu) lan rakyat jelata (ata) taksih dipuntindakaken, éwadéné boten kados jaman rumiyin lan ugi jelas, botan namung katingal malih ing tata rias lan busananipun.[2] Ing wekdal punika bedanipun wonten ing busana langkung dipuntedahaken déning tingkat kepentingan prastawa-prastawanipun kados ta wonten ing pista-pista adat, upacara-upacara palakrama lan lelayu ing pundi komponèn-komponèn busana ingkang dipun-ginakaken minangka damelan énggal. Déné busana ingkang dangu utawi usang limrahipun dipunagem ing griya utawi saperlu makarya saben dintenipun.

Pérangan ingkang paling wigati saking perangkat ageman adat Sumba dumunung wonten ing penutup badan wujud lembar-lembar ageng kain hinggi kanggé kakung lan lau kanggé putri. Saking kain-kain hinggi lan lau mau, ingkang kadamel kanthi tèhnik tenun ikat lan pahikung sarta aplikasi muti lan hada kaungka manéka pralambang wonten ing konteks sosial, ékonomi.[3]

Busana Adat Wanita[besut | besut sumber]

Ageman pista lan upacara wanita Sumba Timur pesthi nggayutaken pilihan manéka kain ingkang dipunsukani nama sami kaliyan tèhnik anggènipun damel kados ta lau kaworu, lau pahudu, lau mutikau lan lau pahudu kiku. Kain-kain mau dipunagem minangka sarung seinggil dhadha (lau pahudu kiku) kanthi pérangan pundhak katutup taba huku ingkang werninipun sami kaliyan werni sarung.[4]

Ing Mustaka kaiket tiara awerni polos ingkang dipunjangkepi kaliyan hiduhai utawi hai kara. Wonten ing bathuk dipunsemataken perhiasan logam (emas utawi sepuhan) inggih punika maraga, déné wonten ing talingan kagantung mamuli perhiasan wujud kalung-kalung keemasan ugi dipun-ginakaken wonten ing sakitar gulu, ingkang mandhap dumugi ing dhadha.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]