Sandhangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Bocah cilik sing nganggo sandhangan mangsa adhem.

Sandhangan (basa krama: rasukan) iku kabutuhan pokok manungsa saliyané panganan lan papan padunungan (omah). Manungsa mbutuhaké sandhangan kanggo nglindhungi lan nutupi awaké. Nanging sairing karo perkembangan kauripan manungsa, sandhangan uga minangka simbul status, kalungguhan, utawa kalungguhan sing nganggo. Perkembangan lan jinis-jinis sandhangan gumantung marang adat-istiadat, kabiasaan, lan budaya sing duwé ciri kas dhéwé-dhéwé. Sandhangan uga ningkataké kaamanan sajeroning ngayahi kagiatan mbebayani kaya ta hiking lan masak, amarga mènèhi penghalang antara kulit lan lingkungan. Sandhangan uga mènèhi penghalang higienis, njaga toksin saka badan lan mbatesi panularan kuman.

Sandhangan iku umum dipadhakaké karo busana utawa ing basa Indonésia: pakaian. Sejatiné sandhangan iku maknané klambi, utawa makna sing luwih wiyar ya iku kabèh sing dianggo ing pérangan tengah raga, dadi yèn ing sandhangan adat Jawa uga kalebu sabuk, epek, timang, benik lan wiron.

Sandhangan utawa busana dadi salah sijining kabutuhan utama manungsa. Manungsa merlokake busana kanggo nutupi ragané, mligi pérangan raga sing wajib ditutup.

Sajarah[besut | besut sumber]

Rasukan sajeroning sajarah parkembangan

Sandhangan sing digawé lan dianggo manungsa iku, miturut perkembangané pancèn suwé banget, awit digawé miturut kabutuhan lan kabudayan manungsa dhéwé. Awaké dhéwé banget ngerti dhéwé yèn manungsa sing kapisanan iku, ya iku bapa Adam lan ibu Hawa diandapaké ana ing alam donya iku ora nganggo sandhangan siji waé, mula saka iku bapa Adam lan ibu Kawa banjur gawé sandhangan amarga dicocokaké karo kahanan alam ing jaman semana, mung gawé sandhangan nganggo kulit kayu lan kulit kéwan sing ana. Banjur jaman tamsaya maju lan manungsa uga duwé kabudayan, mula saka iku banjur padha gawé sandhangan miturut kahanan alam lan kahanan budaya saben laladan lan nagarané.

Fungsi[besut | besut sumber]

Salah siji ancas sing utama sandhangan ya iku kanggo njaga supaya ngrasa nyaman. Ing iklim panas busana nyadiakaké tutupan saka cahya srengéngé utawa dhampak liyané, déné ing iklim adhem sipat insulasi termal lumrahé luwih wigati.

Sandhangan nglindhungi bagéan awak sing ora katon. Sandhangan minangka perlindungan saka unsur-unsur sing ngrusak, kalebu udan, salju lan angin utawa kondhisi cuaca liyané, sarta saka srengéngé. Sandhangan uga ngurangi tingkat risiko sajeroning kagiatan, kaya nalika nyambut gawé utawa ulah raga. Sandhangan kadhang-kadhang dianggo minangka perlindungan saka bebaya lingkungan tinamtu, kaya srangga, bahan kimia mbebayani, sanjata, lan kontak karo zat abrasif. Suwaliké, sandhangan bisa nglindhungi lingkungan saka panganggo sandhangan, kaya ta nganggo masker. Sandhangan iku akèh pingunané, kaya ta wis disebautake ing dhuwur mau. Mila wong jaman saiki duwéni werna-werna sandhangan lan kabilang unik-unik.

Aspek budaya[besut | besut sumber]

Prabédan jinis kelamin[besut | besut sumber]

Ing sawetara budaya, prabédan sandhangan antara kaloro jinis kelamin dianggep pasisirs kanggo lanang lan wadon. Prabédan sajeroning gaya, werna lan kain.

Ing masarakat kulon, rok, gaun lan sepatu hak dhuwur biyasané dianggep minangka sandhangan wong wadon, déné dasi biyasané dianggep sandhangan pria. Celana tau dianggep mung sandhangan mligi lanang, ananging wektu iki dianggo déning lanang lan wadon.

Jinis sandhangan[besut | besut sumber]

Klambi[besut | besut sumber]

Klambi iku kain kanggo nutupi awak pérangan ndhuwur. Klambi akèh jinisé, ana klambi tradhisional lan modhèrn. Jinising klambi tradhisional kaya ta ulos (Sumatra Lor), suri-suri (Sumatra Lor), anak daro lan marapulé (Sumatra Lor), Tapis (Lampung), èwèr (Papua Kulon), manawou (Papua Wétan) lan liya-liyané.

Klambi sing diarani klambi modhèrn iku ana sing saka klambi tradhisional kang wis diowahi, lan uga ana klambi saka budaya liyan, kaya saka Éropah, Jepang uga Cina.

Pranala njaba[besut | besut sumber]