Benik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
gambar benik

Benik utawa kancing klambi ya iku barang sing wujudé cilik, gèpèng, lan bunder sing dipasang kanthi bolongan benik supaya bisa ndadèkakè 2 lembar kain kang tumpukkan utawa mung kanggo rerenggan.[1] Saliyané bunder, benik uga bisa digawé sing wujudé warna-warna kaya bundér, wajik, kotak, lan uga bisa bonékah.[1]

Cara nggawé bolongan benik ya iku mbolongi kain lan njait pinggirané karo dom utawa mésin jahit.[1] Bolongané dipadhakake karo jinisé bukaané. Celah bolongan benik bisa digawé horizontal utawa vertikal.[1] Benik nyantol sawisé dilebokake ing jero bolongan benik amarga jaitane nyanthol ing pinggirane bolongan benik.[1]

Bahan sing kerep digawé kanggo benik ya iku plastik atos.[1] Saliyané iku, benik uga digawé saka bahan-bahan sintesis liyané kaya seluloid, gelas, logam, lan bakelit utawa bahan-bahan alami kaya sungu, balung, gadhing, kerang, kayu, lan liyané.[1]

Panggonane benik miturut model klambi. Benik bisa dipasangana ngarep tengah (klambi, jas, kebaya), pérangan mburi dress, pucuk lengen klambi lan jas, utawa pundak.[1] Klambi siji racaké dipasangi benik sing wujud, ukuran, warna, lan motif sing padha.[1]

Sajarah Benik[besut | besut sumber]

Biyèn pancen susunan benik klambi lanan lan wadon padha baé ya iku disebelah kiwa klambi.[2] Banjur ing jaman abad pertengahan, modhel klambi mèlu-mèlu klambi perang lan modhel adu senjata ya iku isih nganggo pertarungan jarak cedhak karo nganggo pedhang.[2] Amerga modhel kaya iki, wong lanang kerep ngrasa kangelan kanggo nancepake pedhange sing nggantung ana bangkekan kiwane.[2] Kedadeya kaya ngono amarga tangan tengen kudu mbukak benik klambi disik, amarga iku yèn arep nyabut pedhang dadi rada kangelan.[2] Supaya luwih rikat, benik klambi dipindah ing pérangan tengen lan karo tangan kiwa bisa mbuka klambi, dadi tangan tengen bisa rikat nyekel hulu pedhang.[2]

Miturut panalitene arkeolog nemu benik wis dianggo suwé banget, dhèwèké kabèh mengklaim benik wis dianggo sadurunge manungsa ngerti tulisan.[2] Nanging benik nembé moncer udakara taun 1200-an rikala jubah wiwit longgar.[2] Kaya sing racaké, jubah wis ora perlu benik, cukup disabuki utawa dicemiteni.[2]

Jaman saiki, benik klambi digawé saka bahan plastik utawa logam, manawa jaman biyèn wong nganggo benik sing digawé saka kerang, beling, kulit, mutiara malah ana sing digawé saka emas kaya sing tau dilakoni karo wong-wong Yunani, 4000-an taun kapungkur.[2]

Yèn dimatake, ana ing pérangan pergelangan tangan jas dipasang kancing sing berderet.[2] Yèn dipikir-pikir benik ing pérangan kono ora ana gunané saliyané kanggo rerenggan.[2] Nanging, ana sujarahe.[2]

Kira-kira taun 1700-an rikala Prusia diperintah déning Raja FriderichAgung, dhèwèké mesthi duwé bala tentara kang asring diperintah kanggo perang.[2] Raja iki jarene disiplin banget lan resikan, amarga kerep mudun kanggo mriksa tentarane.[2] Dhèwèké taudigawé jengkel déning tentarane amarga dhèwèké nemu lengen seragam tentarane kotor banget lan dekil, luwih reget saka pérangan liyané.[2] Sawisé diselidiki, akhire ngerti manawa lengen pucuk kang luwih reged amarga kereb dinggo lap keringet wajah.[2]

Akhrire raja kepiran, ya iku merintahake wong-wong kaggo masang benik ing pucuk lengen iku.[2] Para Prajurit kang isih bandel pengen ngelap keringer bakal wajahe tau-tau amarga kena benik.[2]

Saiki, modhel benik ing pucuk lengen klambi dianggo ing jas sipil, naning fungsine mung rerenggan lan ora kanggo ngelap keringet.[2]

Wiwit taun 1200, benik klambi lan bolongan benik dikenal ing Éropah.[3] Budaya benik klambi sing teka ing Éropah iki digawa déning para pedagang Turki lan Mongolia.[3] Ana ing Basa Inggris benik diarani button, tembung iku dipercaya asalé saka tembung Prancis, bouton sing tegese tunas, utawa bouter sing tegese neken.[3] Prancis pancen dadi nagara sing paling rikat manfaatke peluang ing burine benik klambi.[3] Ing taun 1250 pabrik benik sing pisanan ing donya ngadeg, sing arane Guild.[3] Pabrik iki nggawé benik kang béntuke apik kanggo kalangan ningrat.[3] Kawit iku metu simbol-simbol sing dimanfaatake kanggo benik.[3] Para bangsawan rikala iku nggawé aturan manawa kanggo padha-padha kaume, klambine kudu duwé benik sing jumlahe wis ditemtokake.[3] Sawisé digawé nyeni, benik banjur dadi simbol status sosial.[3] Benik banjur dadi barang kang laris ing pasaran.[3] Ana ing tengah-tengah taun 1300-an, benik dadi bisnis gedhé.[3] Prancis rikala iku dadi pusate benik klambi ing Éropah.[3] Guild bisa éntuk untung gedhé mawa ajeg nggawé benik klambi kanggo jas, klambi, sarta busana liyané.[3]

Jinise Benik[besut | besut sumber]

  • Benik Kait

Benik kait ya iku benik sing nggawéne saka wesi sing duwé rong pérangan ya iku hook utawa cantolan sing wujudé mlengkung lan eye utawa panggonan kanggo nyantolake ing wujudé mbunder.[4] Benik kait sing ukurane cilk racaké kanggo cantolan ing kutang, cawet utawa kebaya konvensional.[4] Benik Kait kang ukurane luwih gedhé asring dianggo ing ban pinggang rok utawa clana.[4]

  • Benik Jepret

Benik jepret ya iku benik kang ukurane cilik.[4] benik iki duwé rong pérangan benik sing duwé tonjolan tipis ndawa ing pérangan tengah benik lan pérangan liyané wujudé penampang sing tengahe ana lekukan menjero sing gunané kanggo panggonan ngunci utawa nancepake.[4] Biasane benik jepret iki digawé saka wesi utawa stainless steel.[4] Nanging uga ana sing bahane saka plastik.[4] Biasane benik iki wernane silver lan ireng.[4] Nanging ana uga sing wernane bening.[4] Jinis benik iki racaké dianggo ing busana blouse utawa tunik sing duwé modhel vintage.[4] saliyané iku uga kereb dianggo ing busana kebaya konvensional sing dipaduke karo benik kait.[4]

  • Benik Mata

Benik iki wujudé bunder gepeng sing duwé bolongan ing tengah-tengah, gunané kanggo ngelebokake benang rikala arep dijait ing busana.[4] Jinis benik iki bahane saka plastik, cara nganggone diselipake ing bahan busana sig wis ana bolongan benik ing sisih lawane saéngga pérangan busana sing ora dadi siji bisa ditumpangake.[4] Benik kaya ngene ukurane warna-warna ana sing cilik, sedeng lan gedhé.[4] Benik iki racaké duwénu bolongan loro lan papat.[4] Biasane dianggo ing klambi wong lanang kaya hem lan jas.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i KANCING MENURUT SEJARAH, BENTUK, JENISNYA DAN HARGANYA (dipunundhuh tanggal 11 Juli 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Sejarah Lubang Kancing (dipunundhuh tanggal 11 Juli 2012)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m Baju, Awal Revolusi Busana (dipunundhuh tanggal 12 Juli 2012)
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p Jinis-Jinis Kancing (dipunundhuh tanggal 12 Juli 2012)