Paprangan Jaman Napoleon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Peperangan Jaman Napoleon
Austerlitz-baron-Pascal.jpg

Peperangan Austerlitz
Titimangsa 1803–1815
Pernah Éropah, Samudra Atlantik, Segara Mediterania, Segara Lor, Rio de la Plata, Guyana Prancis, Hindhia Kulon, Samudra Hindia, Amérika Lor, Kaukasus Kidul

Paprangan Jaman Napoleon ya iku kumpulan paprangan kang kadadéan suwéné Napoleon Bonaparte mréntah Prancis taun 1799 nganti taun 1815.[1] Perang iki kadadéan (mliginé) ing bawana Éropah, ananging uga ing pira-pira panggonan ing bawana liyané lan arupa terusan saka perang kang diakibataké déning Révolusi Prancis nalika taun 1789.[1]

Perang iki nyebapaké owahan gedhé marang sistem militèr ing Éropah mligi artileri lan organisasi militèr, lan uga nalika jaman iki kapisan kaliné dianakaké wajib militèr kanthi resmi saéngga jumlah wadya dadi akèh.[1]

Kakuwatan Prancis kanthi rikat ngrembaka, ngalahaké sapérangan gedhé Éropah lan uga rikat ambruké sawisé ngalami kekalahan saka Ruslan nalika taun 1812.[1] Sawisé kekalahan iki Napoleon nyerah total, saéngga wangsa Bourbon balik kuwasa ing Prancis.[1] Sawentara iku wewengkon kekaisaran Spanyol siji baka siji laladan jajahané wiwit ucul akibat invasi Prancis, kang ngakibataké lemahé Spanyol saéngga nyebapaké anané révolusi ing Amérika Latin.[1]

Paprangan jaman Napoleon mandeg nalika dhèwèké ngalami kekalahan sajeroning Peperangan Waterloo (18 Juni 1815) lan disepakatiné pakta Paris kang kapindho.[1] Pirang-pirang sumber sajarah (mligi ing Inggris) jenengi peperangan saka taun 1792 nganti 1815 iki kanti jeneng Perang Prancis Raya (1792-1815), utawa minangka babak penutup saka Peperangan 200 taun antarané Inggris lan Prancis kang dimulai awit taun 1689 nganti taun 1815.[1]

Révolusi Prancis ngancam kraton-kraton liya kang ana ing bawana Éropah, lan dadi masalah kang luwih serius kanti dicekelé ratu Louis XVI nalika taun 1792 lan pelaksanaan ukuman mati tumprapé ing wulan Januari taun 1793.[1] Usaha kapisan kanggo ngremuk Republik Prancis iki dimulai nalika taun 1792 nalika Austria, Karajan Sardinia, Karajan Napoli, Prusia, Spanyol, lan Karajan Karajan Manunggal Raya minangka koalisi kapisan.[1] Kanti dikukuhaké undhang-undhang Prancis kang anyar, kalebu wajib militèr kanthi bebarengan (levée en masse), panganyaran sistem militèr, lan perang kanthi total, mènèhi kontribusi kanggo kemenangan Prancis tumprap koalisi kapisan.[1] Perang manedeg nalika Austria dituntut déning Napoleon nampa syarat-syarat sajeroning perjanjèn Campo Formio.[1] Karajan Karajan Manunggal Raya dadi siji-sijiné kraton kang turah saka koalisi kapisan kang merangi Prancis nganti taun 1797.[1]

Koalisi kapindho diwangun nalika taun 1798, kang kasusun saka pira-pira kraton kaya ta: Austria, Karajan Manunggal Raya, Karajan Napoli, Kesultanan Utsmaniyah, Nagara Kepausan, Portugal, lan Ruslan.[1] Napoleon Bonaparte, sang arsitèk utama kemenangan Prancis nalika taun disiké tumprap koalisi kapisan, nglancaraké aksi militèr marang Mesir (pira-pira ilmuwan dipèèlokaké sajeroning èkspèdhisi iki kalebu Jean Baptiste Joseph Fourier lan Jean-Francois Champollion).[1]

Napoleon balik menyang Prancis nalika tanggal 23 Agustus 1799.[1] Banjur dhèwèké jukuk kendali pamaréntahan nalika tanggal 9 November 1799 sajeroning salah sijiné kudeta kang dijenengi 18 Brumaire.[1] Napoleon nata manèh sistem militèr lan gawé prajurit cadangan kanggo njurung aksi militèr ing kiwa-tengené Rhine lan Italia.[1] Ing sekabèhané pertempuran, Prancis luwih unggul.[1] Ing Italia, Napoleon menangaké peperangan karo Austria sajeroning Peperangan Marengo nalika taun 1800.[1] Ananging peperangan kang nemtokaké kadadéan ing Rhein, wewengkon Hohenlinden nalika taun 1800.[1] Kanti kalahé Austria iki, kakuwatan koalisi kapindho remuk.[1] Ananging Karajan Manunggal Raya tetep kuwat lan mènèhi prabawa kang gedhé marang nagara-nagara liyané supaya bisa ngalahaké Prancis.[1] Napoleon nyadari hal iki, tanpa kekalahan Inggris utawa perjanjèn damai karoé, mangka dhèwèké ora bakal pernah nggayuh perdamaian kanthi wutuh ing bawana Éropah.[1]

Perang Inggris lan Prancis[besut | besut sumber]

Napoleon dienggoni mahkota (dilukis déning Jacques-Louis David)

Ora kaya anggota koalisi liyané, Inggris tetep perang kanthi cilik-cilikan karo Prancis.[2] Kanthi perlindungan saka armada lauté kang kuwat banget (kaya kang diucapaké Admiral Jervis "aku ora njamin yèn Prancis ora bakal teka nyerang awaké dhéwé, ananging aku njamin yèn Prancis ora bakal teka lumantar laut"), Inggris bisa tetep nambah lan nganakaké perlawanan ing darat kanthi global suwéné punjul sak dékade.[2] Bala wadya Inggris uga bantu pambrontak ing Spanyol nglawan Prancis sajeroning perang Peninsular nalika taun 1808 nganti 1814.[2] Dilindungi déning kahanan alam kang nguntungaké, sarta dibantu kanthi obahé geréliyawan kang aktif banget, prajurit Anglo-Portugis iki kasil anggoné ngganggu prajurit Prancis suwéné pirang-pirang taun.[2] Puncaké nalika taun 1815, wadya Inggris mainaké peran wigati sajeroning ngalahaké prajurit Napoleon nalika Peperangan waterloo.[2] Sakbenaré perjanjèn damai (Treaty of Amiens) antarané Inggris lan Prancis wis disepakati nalik tanggal 25 Maret 1802.[2] Ananging kaloro pihak ora pernah mituhoni.[2] Aksi militèr kaloro pihak mesthi ngrusak perjanjèn iki kaya ta Prancis mèlu andil sajeroning haruhara sipil ing Swiss (Stecklikrieg) lan manggoni pira-pira kutha ing Italia, sawentara Inggris manggoni Malta.[2] Napoleon uga ngupadaya mbalikaké kukum kolonial ing laut.[2] Nalika awal èkspedisi iki katoné suksès, ananging kanti rikat berubah dadi bebana.[2] Komandan Prancis, uga seduluré Napoleon lan mèh sapérangan gedhé tentarané mati akibat wabah lelara kuning, lan uga amarga serangan musuh.[2]

Ngluruk Ruslan[besut | besut sumber]

Ing taun 1808 Napoleon gawé kesalahan gedhé ya iku ngatutaké Prancis sajeroning peperangan kang dawa lan ora nentu asal usulé ing Ujung Iberia, panggonan wadya Prancis nancep ora bisa obah nganti tahuan.[3] Ananging kesalahan gedhé dhéwé Napoleon ya iku serangané marang Ruslan.[3] Ing taun 1807 Napoleon ketemu karo Czar, lan sajeroning Perjanjèn Tilsit dhéwèké sarujuk gawé paseduluran abadi.[3] Ananging, pasarujukan lan persekuthuan iku suwi-suwi rusak lan ing taun 1812 wulan Juni Napoleon mimpin wadya kanti jumlah gedhé ngluruk menyang Ruslan.[3]

Rencana Napoleon anggoné ngluruk menyang Ruslan wis dingertèni sadurungé.[3] Wadya Ruslan lumrahé mlayu saka peperangan langsung karo wadya Napoleon, amarga iku Napoleon bisa maju kanti rikat.[3] Ing wulan September Napoleon nguwasani Moskow.[3] Ananing, sadurungé wong-wong Ruslan wis ngobong kutha iku lan sapérangan gedhé wis rata karo lemah.[3] Sawisé nunggu limang minggu ing Moskow (kanti pengarep-arep Ruslan bakal nawaraké perdamaian), Napoleon akhiré mutusaké mundur, ananging putusan iki wis telat.[3] Gabungan antarané serangan wadya Ruslan lan musim atis kang ngèdap-èdapi, gawé prajurit Prancis morat-marit.[3] Kurang saka sepuluh persèn wadya Prancis bisa mentu saka Ruslan kanti slamet.[3]

Nagara-nagara Éropah liyané, kaya ta Austria lan Prusia, sadhar bener dhèwèké nduwé kesempatan emas kanggo ngalahaké Prancis.[3] Banjur dhèwèké nggabungaké sekabèhané kakuwatan kanggo ngalahaké Napoleon, lan nalika wektu peperangan ing Leipzig wulan Oktober 1813, Napoleon kalah anggoné peperangan mau.[3] Tahun sebanjuré dhèwèké mandeg lan diguwak ing Pulo Elba, salah sijiné pulo cilik ing pasisir Italia.[3]

Peperangan Bordonio[besut | besut sumber]

Peperangan Bordonio

Peperangan Bordonio ya iku peperangan kang kadadéan nalika tanggal 7 September 1812 ing Bordonio, Ruslan.[4] Peperangan iki kadadéan antaran prajurit Prancis kang dipanggedhèni Napoleon I nglawan Ruslan kang dipanggedhèni Mikhail Kutuzov.[5] Peperangan iki dadi serangan pungkasan Napoleon ing Ruslan lan peperangan gedhé dhéwé nalika jaman iku, amarga kurban saka kaloro pihak kurang luwih 75.000 nganti 90.000 jiwa.[4] Napoleon kasil nguwasai Moskow ananging Tsar Alexander I ora gelem diajak rembugan.[4] Sawisé pira-pira minggu Napoleon lan prajurit mundur saka Moskow, ateges pungkasané saka invansi Prancis tumprap Ruslan.[4]

Peperangan Waterloo[besut | besut sumber]

Peperangan Waterloo

Nalika taun 1814, perang suwéné 25 taun akhiré rampung kanti nyerahé kaisar Napoleon lan diguwak ing pulo Elba Mediterania.[6] Kekuatan-kakuwatan ing Éropah wiwit fokus kanggo balikaké normalitas lan perdaméan.[6] Nalika 1 Maret 1815 Napoleon mlayu saka Pulo Elba lan teka marang Prancis.[6] Ing Paris, sanga welas dina sebanjuré dhèwèké ngéntukaké kedhudhukané ya iku minangka Kaisar.[6] Pasukané kang isih mituhu marang dhèwèké, lan napoleon mereformasi kakuwatan perangé.[6]

Para wadya sekuthu ing Éropah wiwit ngumpul manèh lan siyap siyaga kanggo nerusaké perang guna ngalahaké Napoleon (manèh).[6] Napoleon mutusaké kanggo rikat-rikat nyerang wadya Inggris, Prusia, Bèlgi lan Walanda sadurungé kekuwatan teka kanggo bantu.[6]

Peperangan Waterloo kadadéan nalika tanggal 18 Juni 1815 ing cepaké kutha Waterloo sakiwa-tengené 15 km saklor ibu kutha Bèlgi, Brussels, arupa peprangan terakhir Napoleon.[6] Kekalahan sajeroning perang iki dadi penutup sajarahé minangka Kaisar Prancis.[6] Peperangan iki uga dicathet sajeroning sajarah minangka panutup saka satus dina awit mlayuné Napoleon saka Pulo Elba.[6] Kekalahan prajurit Prancis, kang dipimpinan Napoleon nglawan prajurit Inggris, Walanda lan Jerman kang dipanggedhèni Jéndral Wellington lan sekuthu Prusia kang dipanggedhèni Feldmarschall Blücher, mungkasi kekuwasaan satus dina Napoleon lan dipèloni kanti akhiré saka Kekaisaran Prancis kang paling kapisan nalika 22 Juni 1815.[6]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x Perang Napoleon, (Kaundhuh 28 Maret 2013).
  2. ^ a b c d e f g h i j k Seratus Tokoh yang Paling Berprabawa dalam Sejarah, (Kaundhuh 28 Maret 2013).
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n Napoleon Bonaparte, (Kaundhuh 30 maret 2013).
  4. ^ a b c d Napoleonic Wars: Battle of Borodino, (Kaundhuh 22 April 2013).
  5. ^ Battle of Borodino, 1812, (Kaunduh 22 April 2013).
  6. ^ a b c d e f g h i j k Pertempuran Waterloo, (Kaundhuh 29 Maret 2013).