Pasa jroning agama Islam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Pasa (Basa Arab: صوم, transliterasi: Sauwm) iku arti basané nahan. Manut istilah agama Islam sing diarani pasa iku nahan mangan, ngombe, lan prakara-prakara kang mbatalake wiwit wektu fajar nganti srengéngé lingsir, kanggo ningkataké katakwaan wong muslim. Printah pasa difirmanaké déning Gusti Allah ana ing Al-Qur'an surat Al-Baqarah ayat 183. Pasa minangka salah siji saka lima Rukun Islam. Ana pasa wajib lan pasa sunnah, nanging tata carané tetep padha.

Wektu haram pasa yakuwi wektu nalika umat Muslim dipenging utawa dipenggak pasa. Hikmah "haram pasa", yakuwi nalika kabèh wong padha bungah, wong iku ya kudu mèlu mahargya bebarengan.

Printah jroning Al-Qur'an[sunting | Sunting sumber]

Printah pasa saka Gusti Allah kababar jroning Al-Qur'an surat Al-Baqarah ayat 183.

   
Pasa jroning agama Islam
َيَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Yaa ayyuhaladziina aamanuu kutiba alaikumus siyaamu kamaa kutiba 'alalladziina min qablikum la allakum tataquun'

" Hé wong-wong kang nduwèni iman, wis diwajibaké tumrap awakmu pasa kayadéné kang wis diwajibaké marang umat-umat sadurungé awakmu, muga-muga awakmu dadi wong kang takwa."

   
Pasa jroning agama Islam

Hikmah Pasa[sunting | Sunting sumber]

Ibadah pasa utawa shaum Ramadhan kang diwajibaké Gusti Allah marang kabèh mukmin yakuwi ibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Gusti Allah kaya kang kababar ing QS. Al-Baqarah/2: 183. Hikmah ibadah shaum iku dhéwé yakuwi nglatih manungsa kanggo sabar jroning nglakoni urip. Maksudé sabar kang kapacak ing Al-Qur'an yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké jroning QS. Ali ‘Imran/3: 146.

  • Kanggo sinau latian cipta:
  1. Sinau supaya isa nguwasani awaké dhéwé.
  2. Sianu nahan hawa nepsu.
  3. Latian sabar.
  • Kanggo sinau urip ing masyarakat

Wongkang pasa ing bakal sinau ngrasaké susah uripé wong kang ora nduwé, luwé, lan sarwa kurang. Saka ngertèni kepriyé uripé wong rekasa isa nggawé sipat wong kang pasa seneng tulung-tinilung marang sapa waé.

  • Kanggo kesehatan

Ing surat [Al-A'Raaf] ayat 31:

Hai anak Adam, pakailah pakaianmu yang indah di setiap (memasuki) mesjid, makan dan minumlah, dan janganlah berlebih-lebihan. Sesungguhnya Allah tidak menyukai orang-orang yang berlebih-lebihan

Sacara Aktivitas[sunting | Sunting sumber]

Nilai-nilai kasabaran (gigih lan ulet) diaplikasèkaké jroning urip lan kauripan kanggo tegaké Din Islam.

Jinis-jinis Pasa[sunting | Sunting sumber]

Sarat wajib pasa[sunting | Sunting sumber]

  1. Agama Islam.
  2. Nduwèni akal sehat.
  3. Baligh (dhiwasa).
  4. Kuwawa / Mampu nglakoni.
  5. Manggon (Ora lagi lelungan / safar).

Syarat sah pasa[sunting | Sunting sumber]

  1. Islam (ora murtad).
  2. Mummayiz (bisa mbédakaké kang ala lan becik).
  3. Suci saka haid lan nifas.
  4. Ngerti wektu ditampané pasa.

Rukun pasa[sunting | Sunting sumber]

  1. Niat
  2. Ninggalaké kabèh kang mbatalaké pasa wiwit fajar nganti srengéngé angslup.

Wektu haram pasa[sunting | Sunting sumber]

Artikel utama: Wektu haram pasa

Umat Islam diharamaké pasa ing wektu-wektu iki:

Bab sing mbatalaké pasa[sunting | Sunting sumber]

Pasa batal yèn;

  1. Mlebu sawenèh barang (kayadéné sega, banyu, asep rokok lan sapanunggalané) jroning rongga awak kanthi disengaja.
  2. Muntah kanthi disengaja.
  3. Saresmi.
  4. Metu mani (Istimna' ) kanthi disengaja.
  5. Haid lan Nifas (nglairaké)
  6. Ilang akal (édan utawa semaput).
  7. Murtad (metu saka agama Islam).

Wong sing olèh ora pasa[sunting | Sunting sumber]

Ing ngisor iki wong sing olèh ninggalaké pasa wajib (pasa Ramadhan)

Sing wajib qadha' waé[sunting | Sunting sumber]

Wong-wong sing kasebut ing ngisor iki, olèh ora pasa, nanging wajib qadha', maknané wajib ngganti pasané ing dina liya, padha karo cacahé dina sing ditinggalaké. Ya iku:

  1. Wong sing lara, sing ana pangarep-arep bakal mari.
  2. Wong sing lelungan adoh (musafir) aora-orané 81 km.
  3. Wong sing ngandhut, sing kuwatir marang kahanané utawa bayi sing dikandhut.
  4. Wong sing pinuju nusoni anak, sing kuwatir marang kahanan anaké.
  5. Wong sing pinuju haid, nglairaké anak lan nifas.
  6. Wong sing batal pasané amarga sabab sing mbatalaké pasa saliyané saresmi.

Sing ora wajib qadha', nanging wajib fidyah[sunting | Sunting sumber]

Wong-wong ing ngisor iki ora wajib qadha' (ngganti pasa ing dina liya), nanging wajib mbayar fidyah, ya iku mènèhi mangan wong mlarat saben dina sing ora pasa, arupa bahan panganan pokok akèhé 1 mud (576 gram).

  1. Wong sing lara sing ora ana pagarep-arep bakal mari.
  2. Wong tuwa sing wis ora kuwat pasa.

Sing wajib qadha' lan Kifarat[sunting | Sunting sumber]

Wong sing mbatalaké pasa wajib kanthi saresmi, wajib mbayar kifarat lan qadha'. Kifarat ya iku mardikakaké hamba sahaya sing mukmin. Yèn ora ana hamba sahaya sing mukmin mula wajib pasa rong sasi maturut-turut (saliyané qadha' ngganti dina sing ditinggalaké), Yèn ora bisa, wajib mènèhi mangan 60 wong mlarat, saben wong 1 mud (576 g) arupa bahan panganan pokok.

Sing luwih utama nalika lelungan[sunting | Sunting sumber]

  1. Tetep pasa yèn kuwat.
  2. Buka pasa yèn ora kuwat.
  3. Milih antara tetep pasa utawa buka pasa.

Tingkatan Pasa[sunting | Sunting sumber]

Imam Abu Hamid al-Ghazali jroning bukuné Ihya al-'Ulumuddin wis mérang pasa jroning 3 tingkatan:

  • Pasané wong awam (shaum al-'umum): nahan dhiri saka perkara-perkara sing mbatalaké pasa kayata mangan lan ngombé.
  • Pasané wong khusus (shaum al-khusus): Saliyané nahan dhiri saka perkara sing mbatalaké pasa uga mèlu pasa saka panca indera lan sakujur badan saka dosa.
  • Pasané wong istiméwa, super khusus (shaum khusus al-khusus): Saliyané nahan dhiri saka perkara sing mbatalaké pasa lan uga pasa saka panca indera lan sakujur awak saka dosa uga mèlu pasa 'ati nurani', ya iku ora mikir kadonyan

Pamérangan ing dhuwur mènèhi umat Islam ruang kanggo mikir lan nelaah ing tingkat endi pasané.

Delengen uga[sunting | Sunting sumber]


Pranala jaba[sunting | Sunting sumber]


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.