Ibnu Batutah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar Ibnu Batutah

Ibnu Batutah iku musafir Muslim lan ahli ukum ing abad 14 kang misuwur dadi petualang gedhé dhéwé ing jaman pra-modhèren. Carita ngenani lakuné Ibnu Batutah misuwur nganti olèh jejuluk Marco Polo-né donya Muslim.[1] Uripé tokoh Islam iki entèk kanggo mubeng donya sinambi nyebaraké agama Islam. Mèh 120.000 kilomèter wis diliwati suwéné 1325-1354 M utawa ping telu luwih dawa saka let kang diliwati déning Marco Polo.[2]

Lair[besut | besut sumber]

Ibnu Batutah duwé kebangsaan Arab, lair ing Tangier 17 Rajab 703 H/ 25 Fèbruari 1304.[2] Jeneng jangkepé ya iku Muhammad bin Abdullah bin Muhammad bin Ibrahim At-Tanji, duwé gelar Syamsuddin bin Battutah. Awit cilik, Ibnu Batutah digedhèkaké ing kulawarga Islam kang tangat marang agama. Ibnu Batutah seneng nyinaoni babagan ngèlmu-ngèlmu fiqih, sastra lan gurit Arab.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Nanging dhèwèké ngalami jaman kajayan Bani Marrin kang kuwasané ana ing Moroko ing abad angka 13 lan 14 M. Ibnu Batutah béda banget manawa dibandhingaké karo Marco Polo, sawijining peniaga lan Columbus kang uga pangembara. Saliyané duwé sipat-sipat mangkono, Ibnu Batutah uga sawijining téologis, sastrawan gurit lan cendekiawan, sarta humanis, artiné ngluwihi loro sejarawan mau.[3]

Awal panjlajahan[besut | besut sumber]

‘Tak tinggalké Tangier, ndésaku, dina Kemis 2 Rajab 725 H/ 14 Jun 1325 M. Nalika umurku nembé 21 taun patang wulan. Tujuanku ya iku nglakoni ngibadah kaji ing Tanah Suci ing Makkah lan ziarah ing makam Rasulullah SAW ing Madinah.’ Antarané tulisan sajeroning buku cathetané ‘Rihlah’.[3]

Panjlajahané Ibnu diwiwiti saka umur 21 taun nalika munggah kaji. Mesir wujud nagari pisanan kang ditekani Ibnu Batutah. Sajeroning lelaku, dhèwèké kesengsem marang pengalamané ketemu wong akèh ing akèh panggonan. Mula dhèwèké sumpah kanggo nekani akèh panggonan sakdawané urip. Ora mung njlajah nanging uga mutusaké kanggo ngliwati dalan kang béda karo kang wis naté diliwati.[2]

Ing kono dhèwèké miwiti lelakuné.

Saksuwéné mèh 30 taun, dhèwèké wis nekani 3 bawana wiwit saka Afrika Lor, Afrika Kulon, Éropa Kidul, Éropa Wétan, Timur Tengah, India, Asia Tengah, Asia Kidul-wétan, lan Cina.[4] Lelaku lan pangembaraané ngupengi donya iku nganti 73 éwu mil utawa 117 éwu kilomèter. Ora nggumunaké, manawa kehébatané bisa ngluwihi Christopher Columbus, Vasco de Gama, lan Magellan kang wiwit nglayar 125 taun sawisé Ibnu Batutah.[3]

Sejarawan Kulon, George Sarton, nyathet let lelaku kang katempuh déning Ibnu Batutah ngluwihi apa kang dicekel Marco Polo. Sarton uga ngakoni katangguhané Ibnu Batutah kang bisa ngliwati lautan lan njlajah dharatan kang dawané 73 éwu mil.[3]

Ibnu Batutah naté kadampar ing Samudera Pasai Asia Kidul-wétan, nalika kraton Islam pisanan ing Nuswantara ing abad angka 13M, ya iku ing bumi Acèh Serambi Mekah suwéné 15 dina ing taun 1345.[3]

Ibnu Batutah nggambaraké Samudera Pasai kanthi éndah… ‘Negri kang ijo kanthi kutha plabuan kang gedhé lan éndah.’[3]

Dhèwèké disambut déning pamimpin Daulasah, [[Qadi Syarif Amir Sayyir al-Syirazi, Tajudin al-Ashbahani lan ahli fiqih kasultanan. Miturut Ibnu Batutah, jaman iku Samudera Pasai wis dadi punjer studi Islam ing Asia Kidul-wétan.[3]

Sultan Mahmud Malik Al-Zahir ya iku pemimpin kang banget njunjung ukum Islam. Pribadiné kang andhap asor. Dhèwèké mangkata tumuju masjid kanggo salat Jumaat kanthi lumaku. Rampung sholat, sultan lan rombongan biyasa mubeng kutha kanggo mriksani kaanan rakyaté.” Critané dhèwèké.[3]

Miturut Ibnu Batutah, panguwasa Samudera Pasai iku duwé ghirah sinau kang dhuwur kanggo nggolèk ngèlmu-ngèlmu Islam marang ulama. Dhèwèké uga nyathet, punjer studi Islam kang diyasa ing lingkungan kraton dadi panggonan dhiskusi antarané ulama lan èlit kraton. Saksuwéné muteri donya lan ngidekkaké sikilé ing 44 nagara, sajeroning kitab kang judhulé ‘Tuhfat al-Nazhar’, Ibnu Batutah wis ketemu karo 7 ratu kang duwé kaluwihan luar biyasa, ya iku:

  1. Raja Iraq, kang apik budhi basané,
  2. Raja Hindustani kang gapyak banget,
  3. Raja Yaman kang akhlaké mulya,
  4. Raja Turki kang gagah prakasa
  5. Raja Romawi kang sugih pangapura,
  6. Raja Malayu Malik Al-Zahir kang akèh èlmuné, lan
  7. Raja Turkistan.[3]

Dhèwèké ngakhiri cathetané kanthi sawijining ukara, Akiré aku uga tekan kutha Fez (Moroko). Ing kono dhèwèké mutusaké kanggo nulisaké kasil pangembaraané, lan tilar donya ing Maroko taun 1377 M. Ibnu Batutah wis mènèhi ngerti manawa ing abad patengahan, peradaban wis ana lan ngrembaka ing bumi Nuswantara, sajajar karo ratu-ratu liya ing donya.[3]

Préntah kanggo nulis mémoar[besut | besut sumber]

Sawisé ngertèni pangembaran Ibnu Batutah, Sultan Fez ing Maroko, nitahaké kanggo nyiapaké tulisan kanggo kapentingan pura lan mènèhi sawijining juru tulis, Ibnu Juza’i. Karya kang dirampungaké iki ora disebaraké sajeroning basa Arab, lan pamertalané sajeroning basa-basa Kulon nembé diwiwiti sawisé naskah iki tinemu déning para sarjana Éropa ing abad angka 19.[5]

Tilar donya[besut | besut sumber]

Taun 1369 ing umur 65 taun Ibnu Battuta séda. 12 taun sawisé dhèwèké rampung nulis rihla. Ibnu Battuta ninggal warisan kanggo donya wujud cathetan lelaku kang bakal dièlingi déning umat manungsa.[4]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. [1] Ibnu Batutah (diaksés tanggal 10 Agustus 2011)
  2. a b c [2] Ibnu Batutah (diaksès tanggal 11 Agustus 2011)
  3. a b c d e f g h i j k [3] Ibnu Batutah (diaksès tanggal 10 Agustus 2011)
  4. a b [4] Ibnu Batutah (diaksès tanggal 11 Agustus 2011)
  5. [5] Archived 2012-01-27 at the Wayback Machine. Ibnu Batutah (diaksès tanggal 10 Agustus 2011)


Tokoh Penjelajah Laut
Vasco da Gama - Bartolomeu Dias - Christopher Columbus - Marco Polo - Henrique sang Navigator
Alfonso de Albuquerque - Ferdinand Magellan - James Cook - Walter Raleigh - Cheng Ho - I Ching
Hernán Cortés - Gonzalo Jiménez de Quesada