Ferry Rotinsulu
![]() | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Ferry Rotinsulu | ||
| Dhuwur | 182 cm (5 ft 11 1⁄2 in) | ||
| Posisi main | Penjaga Gawang | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Sriwijaya FC | ||
| Karir nom | |||
| Persijatim | |||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2004 2006-Sapunika |
Persipal Palu Sriwijaya FC | ||
| Karir tim nasional | |||
| 2005- |
| 7 (0) | |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. | |||
Ferry Rotinsulu (lair ing Palu, Sulawesi Tengah, 28 Dhésèmber 1982; umur 43 taun).[1] Ferry Rotinsulu punika salah satunggaling kiper Indonésia.[1] Sapunika Ferry Rotinsulu main wonten klub Liga Indonésia Sriwijaya F.C..[1] Ferry Rotinsulu nginggilipun 182 cm.[1] Ferry Rotinsulu saded ndadosaken "Laskar Wong Kito" utawi Sriwijaya F.C dados jawara wonten ing Piala Indonésia nalika taun 2007 sasampunipun final wonten ing Stadion Gelora Bung Karno, Jakarta.[1] Nalika samanten Sriwijaya Football Club saged ngalahaken klub ingkang asalipun saking Papua Persipura Jayapura lumantar adu penalti kanthi skor 3-0.[1] Wonten ing babak adu penalti Ferry Rotinsulu saged ngalangi tendangan juru main Persipura ingkang namanipun David Da Rocha saha Eduard Ivakdalam.[1] Sadèrèngipun wonten babak semifinal, nalika babak adu penalti, Ferry ugi saged nepis tendangan juru main Pelita Jaya Purwakarta inggih punika Ardan Aras saha Vagner Luis.[1] Nanging sanajan ingkang kapilih dados juru main ingkang saé piyambak wonten ing Copa Indonesia 2007.[1] Déné kang dados juru main paling apik inggih punika Bambang Pamungkas.[1] Ferry Rotinsulu miwiti karir dadi juru main bal profésional kanthi nggabung kaliyan Persipal, Palu, wiwit taun 1999.[2] Sekawan mangsa tampil sareng kaliyan klub Persipal Palu nanging nalika taun 2003, Ferry Rotinsulu lajeng main wonten ing klub Persijatim Sala FC.[2] Ferry tetep main main wonten ing klub punika ngantos namanipun klub bsl-bslsn owah dados Sriwijaya Football Club (SFC).[2]
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Profil Ferry @ DjieSamSoe.com Archived 2008-03-09 at the Wayback Machine.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]Cithakan:Skuad Indonesia sajeroning Piala Asia AFC 2007
| Artikel pemain bal-balan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
