Mohammad Nasuha
![]() | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Mohammad Nasuha | ||
| Tanggal lair | Sèptèmber 15, 1984 | ||
| Dhuwur | 1.69 m (5 ft 6 1⁄2 in) | ||
| Posisi main | Defender, Midfielder | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Persib Bandung | ||
| Angka | 2 | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2002-2006 | Pelita Krakatau Steel | ||
| 2007 | Persikota Tangerang | 20 | (0) |
| 2008-2010 | Sriwijaya F.C. | 59 | (4) |
| 2010-2011 | Persija Jakarta | 15 | (1) |
| 2011- | Persib Bandung | 6 | (0) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2005-2007 | Indonésia U-23 | ||
| 2009- | Indonésia | 15 | (2) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 11 March 2012. | |||
Mohammad Nasuha (lair ing Serang, Banten, 15 Sèptèmber 1984; umur 40 taun).[1] Mohammad Nasuha punika salah satunggaling juru main bal ingkang asalipun saking nagara Indonésia.[1] Sapunika, Mohammad Nasuha main wonten ing klub Persib Bandung.[1] Saderengipun main wonten Persib Bandung, Mohammad Nasuha naté main wonten ing Persija Jakarta.[1] Mohammad Nasuha punika kagolongaken dados juru main ingkang saged sedayanipun.[1] Amargi Mohammad Nasuha saged dados penyerang, glandhang, saha bèg.[1] Mohammad Nasuha ugi dados anggotanipun Indonésia nalika main wonten ing Piala Suzuki AFF 2010.[1] Nalika samanten, Timnas dilatih kaliyan pelatih ingkang namanipun Alfred Riedl.[1] Nalika main wonten ing Piala AFF 2010, Mohammad Nasuha gaprukan kaliyan juru main sanès.[2] Kadadéan punika ndadosaken Mohammad Nasuh kedah dipunjahit mustakanipun.[2] Nalika samanten tim Garuda saking Indonésia mengsah Filipina saha mimpang kanthi skor 1-0.[2] Kadadéan punika nalika main wonten ing babak semifinal ingkang sepisanan.[2] Sanajan mustakanipun dipunperban nanging Mohammad Nasuha tetep main bal-balan malih.[2] Mohammad nasuha punika mantan juru main Laskar Wong Kito sami kaliyan juru main-juru main ingkang namanipun Ferry Rotinsulu, Charis Yulianto, Ambrizal, Ponaryo Astaman, Isnan Ali, Cristian Worabay, saha Tony Sucipto.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h bola.net(dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
- ↑ a b c d e sepakbola.infogue.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
- ↑ tvbola.info Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2011)
Cithakan:Skuat Indonésia PSAFF 2010
| Artikel pemain bal-balan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
