Menyang kontèn

Oktovianus Maniani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Oktavianus Maniani
Katrangan priangga
Jeneng dawa Oktavianus Maniani
Dhuwur 1.62 m (5 ft 4 in)
Posisi main Panyerang Sayap utawa Panyerang
Katerangan klub
Tim saiki
Persiram Raja Ampat
Angka 28
Karir tim nasional
Taun Tim Main (Gul)
?
2010-
2010-
Indhonésia U-17 Indonésia
Indhonésia U-23 Indonésia
Flag of Indhonésia Indhonésia
0??
??
14 (3)


‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 23 September 2011

Oktavianus Maniani (lair ing Papua, Indonésia, 27 Oktober 1990; umur 35 taun).[1] Oktovianus Maniani punika salah satunggaling juru main bal ingkang asalipun saking Papua, Indonésia.[1] Oktovianus Maniani naté nggabung kaliyan PSMS Medan nalika taun 2008-2009.[2] Nalika putaran 2 ISL 2009-2010, Oktovianus nggabung kaliyan klub Persitara Jakarta Utara.[2] Sajrone main bal-balan, Oktavianus Maniani punika gadhah kaluwihan nalika main inggih punika mlayunipun ingkang banter saha target shot ingkang pas nalika nendhang bal saking jarak ingkang tebih.[2] Nalika ISL taun 2010-2011, Oktovianus Maniani nggabung kaliyan klub Sriwijaya FC.[2] Klub punika dipunlatih kaliyan Ivan Kolev.[2] Oktovianus ugi naté main wonten ing Indonésia naliak piala AFF 2010.[2] Nalika main bal wonten timnas, Oktovianus dipunlatih kaliyan Alfred Riedl.[2] Wonten ing timnas senior, Oktovianus Maniani sampun ndamel gol ingkang cacahipun kalih.[2] Gol-gol punika dipuncithak Oktovianus nalika Timnas main mengsah kaliyan nagara Maladewa saha Timor Leste.[2] Okto wiwit mangertos bal punika nalika yuswanipun taksih gangsal taun.[2] Nalika alit Okto boten pitados manawi saged main bal wonten ing klub ingkang profésional amargi Oktovianus Maniani punika asalipun boten saking kulawarga juru main bal.[2] Okto punika gadhah idola ingkang namanipun Elie Aiboy.[2] Okto punika putra ingkang pungkasan saking pasangan Benyamin Maniani saha Dorci Maniani.[2] Okto dados putra jaler piyambak saking sedhérék ingkang cacahipun gangsal.[2]

Gol Internasional

[besut | besut sumber]
Oktavianus Maniani: Gol Internasional
GolTanggalStadionMusuhSkorAsilLaga
112 Oktober 2010Stadion Siliwangi, Bandung, IndonésiaFlag of Maladéwa Maladéwa1–03–0Persahabatan
221 November 2010Stadion Gelora Sriwijaya, Palembang, IndonésiaFlag of Timor Wétan Timor Wétan2–06–0Persahabatan
34 Dhésèmber 2010Stadion Utama Gelora Bung Karno, Jakarta, IndonésiaFlag of Laos (negara) Laos0–60–6Piala Suzuki AFF 2010

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 goal.com(dipunundhuh tanggal 30 September 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 selebonline.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 30 Oktober 2011)

Cithakan:Skuat Indonésia PSAFF 2010 Cithakan:Skuat SEA Games 2011 Indonésia