Cermé
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Cermé | |
---|---|
Fruits | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Tracheophyta |
Klad: | Angiospermae |
Klad: | Eudikotil |
Klad: | Rosids |
Ordho: | Malpighiales |
Famili: | Phyllanthaceae |
Subfamili: | Phyllanthoideae |
Tribe: | Phyllantheae |
Génus: | Phyllanthus |
Spésies: | P. acidus |
Jeneng binomial | |
Phyllanthus acidus (L.) Skeels[1] | |
Sinonim | |
Phyllanthus distichus Müll.Arg. |
Cermé, ceremé utawa ceremai ya iku salah sawijining wit kang wohe kecut banget.[2] Jeneng élmiyahé ya iku Phyllanthus acidus.[3] Woh kang kecut iki uga diarani mawa jeneng-jeneng liya kaya ceremoi (Acèh), crhemai (Malaysia), Karmay (Philiphina), mayom (Thailand) lan liyané.[3] Ana ing basa Inggris diarani Otaheite gooseberry, Malay gooseberry lan isih ana aran liya.[3]
Wujud
[besut | besut sumber]Wit Cermé kelebu wit perdu utawa wit cilik kang dhuwure nganti 9 m, pange endep lan renggang.[2] Yèn didelok wit cerme arep padha karo wit blimbing wuluh.[4]
Godhong tunggal, bunder kaya endhog lan pucuke lancip, dhawane 2–7 cm, kasusun ana ing pang kaya godhong majemuk nyirip.[5]
Kembang duwé kelamin tunggal utawa ganda, wernane abang, cacahé 4, kasusun ing malai nganti 12 cm. Woh watu, bunder kang cacahé 6-8 rusuk, kuning rada putih arep padha lilin, diametere bisa nganti 2,5 cm,gumantung dhèwèkan utawa untaian.[6] Daging buah putih, kecut lan akèh banyune, ing tengahe ana inti kang atos lan wijine 4-6 iji.[4]
Manfaat
[besut | besut sumber]Woh Cermé kerep dipangan langsung dicampur karo gula, uyah utawa dirujak. Cermé uga kerep digawé manisan, digodhog (disetup) utawa digawé ombenan kang nyegerake.[4]Godhong kang isih nom dianggo dadi lalapan.[4]
Banyu godhogan oyot cerme minangka ngentengake lara asma lan nambani lelara kulit. Bahan penyamak uga diasilake saka kulit oyote.[5]
Wit cerme kerep ditandhur dadi iyup-iyupan utawa penghias latae lan taman. Wit iki bisa urip ing laladan tropis lan subtropis, seneng karo panggonan kang lembab nganti dhuwure kira-kira 1.000 m dpl.[5] Cermé bisa dikembangbiake mawa winih utawa stek.[5]
Panyebaran
[besut | besut sumber]Dikira-kira Cermé asalé saka Madagaskar.[6] Saiki cerme wis sumebar marang akèh panggonan tropis kaya ing Asia Tenggara (Vietnam, Laos, Indonesia lan Malaya pérangan lor), kepuloan-kepuloan Mauritius, Reunion lan Rodrigues ing Samodra Hindia, sarta ing Guam, Hawai lan kepuloan liya ing Samodra Pasifik.[2]
Tahun 1793, tuwuhan iki digawa menyang Jamaika saka Timor lan awet iku simebar menyang kabèh kepuloan Karibia, banjur lumebu ing Amérika tengah lan Selatan.[2]
Jinisi Kerabat
[besut | besut sumber]Cermé duwé kerabak karo wit malaka (Phyllanthus emblica) lan meniran (P. niruri) kaloro wit iku duwé kasiat obat.[6]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑
"Phyllanthus acidus information from Catalogue of Life: 2011 Annual Checklist". Govaerts R. (ed). For a full list of reviewers see: http://apps.kew.org/wcsp/compilersReviewers.do (2011). WCSP: World Checklist of Selected Plant Families (version Dec 2010). In: Species 2000 & ITIS Catalogue of Life: 2011 Annual Checklist (Bisby F.A., Roskov Y.R., Orrell T.M., Nicolson D., Paglinawan L.E., Bailly N., Kirk P.M., Bourgoin T., Baillargeon G., Ouvrard D., eds). DVD; Species 2000: Reading, UK. Dibukak ing 2011-05-04.
{{cite web}}
: External link in
(pitulung)|publisher=
- ↑ a b c d Plantamor (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)
- ↑ a b c Tanaman Ceremai Archived 2013-01-31 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)
- ↑ a b c d Farmasi UGM (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)
- ↑ a b c d Natur Indonesia Archived 2013-02-02 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)
- ↑ a b c Tanaman Obat Archived 2013-02-06 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)