Menyang kontèn

Woh naga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Woh Naga

Woh naga duwé khasiat kang gedhé tumrap kaséhatan.[1] Tuladhané woh naga bisa nyeimbangaké kadar gula darah, kanggo kaséhatan cangkem, ncegah kanker usus, ngurangi kolésterol, ncegah pendaharan lan nambani keputihan.[1]

Woh naga lumrahé dipangan wujud woh kang isih seger kanggo tamba ngelak, awit buah naga ngandhut kadar banyu kang akèh ya iku kurang luwih 90% saka abote buah.[1] Rasane legi awit ngandhut kadar gula nganti 13-18 briks.[1] Woh naga uga bisa digawé jus, sari buah, manisan lan selai.[1]

Miturit AL Leong saka Johncola Pitaya Food R&D, organisasi kang neliti woh naga abang, ngandaraké yèn buah kaktus madu iku duwé akèh vitamin lan mineral kang bisa ngundhakaké daya tahan awak lan njaga métabolisme ing awak manungsa.[1]

Panalitén iki uga nerangaké yèn woh naga apik kanggo njaga sistem peredaran darah, ngurangi émosi lan nétralaké toksik ing darah. Saliyané iku, buah naga uga bisa ncegah kolésterol ing darah lan nglunturaké lemak ing awak.[1]

Khasiat

[besut | besut sumber]

Woh naga abang duwé khasiat bisa ngundhakaké métabolisme awak, njaga kaséhatan jantung, duwé serat kang bisa ncegah kanker usus, kencing manis lan kena kanggo diét, duwé karotin kanggo kaséhatan mripat, nguwataké kerja polo lan duwé kalsium kang migunani tumrap kaséhatan balung.[1]

Woh naga uga ngandhut zat besi kang bisa nambah darah, vitamin B1 kang bisa ncegah demam, vitamin B2 kang nambah nepsu mangan, vitamin B3 kang ngurangi kadar kolésterol, lan vitamin C kang duwé khasiat kanggo ncegah kukul lan ngalusaké kulit.[2]

Saliyané ngandhut serat, woh naga uga bisa ngiket zat karsinogen kang maragaké kanker.[3] Woh naga duwé rasa kang legi, kecut, campur seger.[3] Kanthi rasa iki, woh naga bisa dadi camilan kang nyéhataké.[3] Saliyané iku woh naga uga bisa digawé jus, lan ès buah.[3] Woh naga uga bisa digawé puding lan isi pay.[3]

Habitat

[besut | besut sumber]

Woh naga asalé saka Mèksiko.[1] Nanging ing Mèksiko woh naga ora patiya moncèr.[1] Sawisé digawa ing Vietnam, woh naga lagi dikenal masarakat.[1] Woh baga banjur moncér ing nagara-nagara ing Asia Kidul-Wetan.[1]

Woh naga duwé kulit kang ana sisiké.[1] Sisiké mirib kaya ula gedhé kang lumrahé ngampingi patung ing méja altar sajèn kang cacahé loro.[1] Saben karaméan taun Baru Imlèk, woh naga uga dadi panganan wajib.[1] Woh naga dipercaya bisa marakaké berkah.[1]

Ing Vietnam, woh naga diarani Thanh long utawa clever dragon, déné ing masarakat China diarani Feuy Long Kwa.[1] Ing tlatah Méksiko woh naga diarani Pitahaya.[1]

Mangan woh naga cacahé siji utawa 250 gram saben ésuk lan soré sajeroning wolung dina bisa ngurangi kadar gula darah.[4] Iki migunani banget kanggo wong kang nduwé lelara diabétes.[4] Sajeroning mangan woh naga sajeroning wolung dina iki, luwih becik ora mangan sega, awit sega uga dadi sumber gula kanggoné wong kang nandang diabétes.[4]

Miturut Prof. Dr. Muhammad Yusuf ahli usada tradhisional China, sajeroning kabudayan Tionghoa, woh naga dipercaya bisa ngalusaké kulit rai saéngga bisa katon seger.[4] Saliyané iku, woh naga uga bisa kanggo nambani lelara kaya ta kanker, tumor lan jantung.[4] Woh naga uga kena kanggo tamba panas dalam awit woh naga duwé efek ngadhemaké.[4]

Anatomi

[besut | besut sumber]

Woh naga duwé kulit wernane ngejreng, kulité ora mulus nanging duwé lapisan-lapisan kaya sisik ula gedhé utawa naga.[1] Daging wohé awerna putih, abang utawa ungu.[1] Wiji woh naga wernané ireng.[1] Tekstur wiji woh naga padha kaya wiji selasih.[1] Déné rasané woh naga méh mirib kaya woh kiwi.[1] [1]

Agrowisata

[besut | besut sumber]

Woh naga lumrahé ana uga kang digawé agrowisata.[5] Kebon woh naga kang bisa dadi panggonan kanggo liburan lan methik woh naga dhéwé.[5] Tuladhané ing tlatah Kulon Praga, ing pinggir pasisir Glagah.[5] Ing kono bisa katemokaké kebun agrowisata woh naga.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an http://lifestyle.okezone.com(dipunundhuh tanggal 12 Mèi 2011)
  2. http://www.lintasberita.com Archived 2011-05-31 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 12 Mèi 2011)
  3. a b c d e http://www.hanyawanita.com(dipunundhuh tanggal 12 Mèi 2011)
  4. a b c d e f http://carahidup.um.ac.id Archived 2011-05-31 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 12 Mèi 2011)
  5. a b c d http://www.jogjatrip.com Archived 2011-09-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 12 Mèi 2011)