Undhang-Undhang Dhasar Nagara Républik Indonésia 1945

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Cithakan:Tata Nagara Républik Indonésia Undhang-Undhang Dhasar Nagara Républik Indonésia Taun 1945, utawa dicekak UUD 1945 utawa UUD '45, iku ukum dhasar tinulis (basic law), konstitusi pamaréntahan nagara Républik Indonésia.[1]

UUD 1945 disahaké minangka undhang-undhang dhasar nagara déning PPKI ing tanggal 18 Agustus 1945. Wiwit tanggal 27 Dhésèmber 1949, ing Indonésia lumaku Konstitusi RIS, lan wiwit tanggal 17 Agustus 1950 lumaku UUDS 1950. Dekrit Présidhèn 5 Juli 1959 bali menyang UUD 1945, kanthi dikukuhaké kanthi aklamasi déning DPR ing tanggal 22 Juli 1959.

Sajeroning kurun wektu taun 1999-2002, UUD 1945 ngalami owah-owahan (amandemen) kaping papat, sing dikukuhaké sajeroning Sidang Umum lan Sidang Taunan MPR:

UUD 1945 dipunsahkèn dados undang-undang dhasar nagara déning PPKI ing tanggal 18 Agustus 1945. awit tanggal 27 Dhésèmber 1949, ing Indonésia kalampahan Konstitusi RIS, lan awit tanggal 17 Agustus 1950 ing Indonésia kalampahan UUDS 1950. Dekrit Présidhèn 5 Juli 1959 ngginakaken malih UUD 1945, kaliyan dipunkukuhaken kanthi aklamasi déning DPR padha tanggal 22 Juli 1959.

ing kurun wekdal taun 1999-2002, UUD 1945 ngalami 4 kali kaubahan (amandemen),ingkang ngubah susunan lembaga-lembaga ing sistem ketatanagaraan Républik Indonésia. manawi ing nagara ukum, pamaréntahan Indonésia cenderung nglampahi diskriminasi kaliyan pinten-pinten penduduk, mliginipun penduduk Indonésia bersuku Tionghoa.manawi sampun dados penduduk Indonésia resmi, diskriminasi kaliyan undang-undang kalebet UUD 1945 wonten. Diskriminasi limrahipun tuladhané inggih punika penduduk marga Tionghoa asring kadamel kesulitan ingkang damel KTP. Pelanggaran UUD 1945 tuladhané inggih punika pelanggaran ing kebebasan beragama (Bab XI), pelanggaran ing kebebasan berpendidikan lan ndalami kabudayan kados ta kabudayan Tionghoa (Bab XIII), lan pelanggaran ing Hak Asasi Manungsa (Bab X dan XA). Pelanggaran Hak Asasi Manungsa kadadosan punika kathah ing mangsa Soeharto lan ngantos sak punika ugi. Pelanggaran HAM ingkang amat berat, nanging boten karampungaken ngantos sak punika inggih punika pelanggaran HAM ing Haruhara Mèi 1998. -->

Naskah Undang-Undang Dasar 1945[besut | besut sumber]

Sadèrèngipun dipunlampahi Owah-owahan, UUD 1945 kapérang saking Pembukaan, Batang Tubuh (16 bab, 37 pasal, 65 ayat (16 ayat berasal dari 16 pasal ingkang namung kapérang saking 1 ayat lan 49 ayat asalipun saking 21 pasal ingkang kapérang saking 2 ayat utawi langkung), 4 pasal Aturan Peralihan, lan 2 ayat Aturan Tambahan), sarta njelenterehaken.

Sak sampune dipunjlentrehake 4 kali owahan, UUD 1945 gadhah 20 bab, 37 pasal, 194 ayat, 3 pasal Aturan Peralihan, lan 2 pasal Aturan Tambahan.

ing Risalah Sidang Tahunan MPR Taun 2002, dipunterbitaken Undang-Undang Dasar Nagara Républik Indonésia Taun 1945 ing satunggal Naskah, dados Naskah Perbantuan lan Kompilasi Tanpa wonten Opini.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sajarah Wiwitipun[besut | besut sumber]

Badan Penyelidik Usaha Persiapan Kemerdekaan Indonésia (BPUPKI) ingkang dumadi ing tanggal 29 April 1945 inggih punika badan ingkang nyusun rancangan UUD 1945. ing mangsa sidang kawiwitan ingkang kalangsung saking tanggal 28 Mèi ngantos 1 Juni 1945, Ir. Soekarno nyampaikaken gagasan babagan "Dasar Nagara" ingkang dipunparingi asma Pancasila. ing tanggal 22 Juni 1945, 38 anggota BPUPKI minangka Panitia Sembilan ingkang kapérang saking 9 tiyang kanggé ngerancang Piagam Jakarta ingkang badhé dados naskah Pembukaan UUD 1945. sasampunipun dipunilangaken anak ukara "kaliyan kuwajiban njalanaken syariah Islam kanggé pemeluk-pemeluknya" mila naskah Piagam Jakarta dados naskah Pembukaan UUD 1945 ingkang dipunsahken ing tanggal 18 Agustus 1945 déning Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonésia (PPKI). Pengesahan UUD 1945 dikukuhkan déning Komite Nasional Indonésia Pusat (KNIP) ingkang bersidang ing tanggal 29 Agustus 1945. Naskah rancangan UUD 1945 Indonésia disusun padha mangsa Sidang Kedua Badan Penyelidik Usaha Persiapan Kemerdekaan (BPUPKI). Asma Badan punika tanpa tembung "Indonésia" amargi namunga diperuntukaken kanggé tanah Jawi mawon. ing Sumatera wonten BPUPKI kanggé Sumatera. Masa Sidang kaping kalih tanggal 10-17 Juli 1945. Tanggal 18 Agustus 1945, PPKI ngesahaken UUD 1945 dados Undang-Undang Dasar Républik Indonésia.

Periode nganggé UUD 1945 (18 Agustus 1945-27 Dhésèmber 1949)[besut | besut sumber]

ing wekdal 1945-1950, UUD 1945 boten saged kalampahan ingkang jangkep amargi Indonésia nembé dipunsibukaken kaliyan perjuangan nahanaken kemerdekaan. Maklumat Wakil Présidhèn Nomor X ing tanggal 16 Oktober 1945 mutusaken manawi KNIP dipunserahi kekuasaan lègislatif, amargi MPR lan DPR dèrèng dumadi. Tanggal 14 November 1945 dumadi Kabinet Semi-Presidensial ("Semi-Parlementer") ingkang wiwitan, nganti pristiwa punika owahan sistem pamaréntahan supados kaanggep langkung dhémokratis.

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Sajarah Konstitusi Indonésia