Mush'áb bin Umayr

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Mush'áb bin Umayr ya iku sahabat Rasul saka suku Quraisy, padha kaya Muhammad.[1]

Lair[besut | besut sumber]

Mush'áb bin Umayr lair duwéni duwé rupa kang gagah lan nyenegake. Mush'áb bin Umayr lair saka kulawarga kang serba cukup lan dimanjakake déning wong tuwané kang marakake dhèwèké dadi omongan gadhis-gadhis Mekkah.[1] Ibuke ya iku Khunas Binti Malik, wong kang duwé kepribaden lan pendirian kan kuwat, mula dhèwèké dadi wong wadon kan tansah diwedeni.[2]

Mush'áb bin Umayr lan Islam[besut | besut sumber]

Keislamane Mush'ab bin Umair mulai nalika dhèwèké krungu dakwah Muhammad kang ngaku dadi Rasulullah lan ngajak manungsa kanggo ngibadah marang Allah. Sakbubare krung manawa Rasulullah asring nganakake pertemuan karo para sahabat ing umahe Arqam bin Abil Arqam ing Bukit Shafa, dhèwèké banjur mèlu majelis kang ing sakjerone tansah diwacakake ayat-ayat Al Qur'an. Wahyu kang nalika iku diwaca déning Rasulullah dirungokake Mush'ab nganti mlebu atine lan dadi dalan hidayah Allah kanggo dhèwèké.[3]

Kanggo pirang wektu, Mush'ab ngumpetake keislamane. Ing sawijining dina ana wong kang ndeleng Mush'ab dadi wong kang wis mèlu ajarane Muhammad lan ngandakake iki déning ibune. Bar iku dhèwèké tansah dicoba keimanane, mulai saka dipenjara ing papan terpencil, ping pindho hijrah ing Habsyi, nganti Ibune ngusir amarga ora sudi manèh nganggep Musháb anake. Iki uga ndadèkaké Mush'ab metu saka panguripan mewah saka wong tuwané. Mush'ab luwih milih purip miskin lan sengsara, klambi kang kasar lan bodhol, sedina mangan lan pirang-pirang dina keluwen amarga tresnane marang Allah.[4]

Sawijining dina, wong-wong Muslim lungguh ing saubenge Rasulullah SAW, nalika ndeleng Mush'ab, wong-wong iku nundukake sirahe lan merem. Sebagiyane nangis amarga iba karo Mush'ab. Tapi Rasulullah SAW ndeleng Mush'ab karo pandelengan kang kebak tresno lan syukur. Sinambi mesem, Rasululluah ngendika: "Biyèn aku ndeleng Mush'ab iki ora ana kang bisa ngimbangi ing éntuke olèh kasenengan saka wong tuwané, lan saiki banjur ditinggalake demi tresnane marang Allah lan Rasul."[4]

Sakbubare peristiwa baiat Aqabah ke 1 ing taun ke 11 kenabian,Mush'ab dadi duta pertamane Rasul kang diutus dakwah ing masarakat Madinah kanggo ngajarake Kuran lan babagan ngenani pengetahuan Islam. Amarga sipat cerdas, sabar, zuhud, jujur, lan temen-temene ati, dhèwèké kasil njupuk ati penduduk Madinah saéngga padha berbondong-bondong mlebu Islam. Amarga iku dhèwèké kaloka Muqri’ul Madinah ( Nara sumber Madinah). Lan sakawit iku saben ana wong kang ngajarake Al Quran diarani “Mush’ab”. Bnajur ing musim haji taun berikute Mush’ab kasil ngajak punjul 70 kaum Muslimin tumuju Mekkah ing sakbanjure ana perjanjian Aqabah 2. Sakawit iku Mush’ab ora tau absen mèlu perang karo Rasulullah.[4]

Mush'ab lan Perang Uhud[besut | besut sumber]

Ing perang Uhudnglawan kaum musyrik, Mush'ab éntuk kehormatan saka Rasulullah SAW kanggo nggawa bendera kaum Muslimin. Perang iki banget dahsyate nganti akèh sahabat kang gugur, uga Mush'ab. Sakbubare perang, Rasulullah SAW lan para sahabat teka ing papan pertempuran mau kanggo ngucapake perpisahan karo para syuhada. Nalika nemoni jisime Mush'ab, Khabbah Ibnul 'Urrat ngendika : "Kita hijrah ing dalan Allah karo Rasulullah SAW lan ngarepake ridho Allah nganti wis mesti pahala ing sisih Allah. Ing antarané dhéwé ana kang wis berlalu sadurungé ngrasakake pahala ing donya iki, Kalebu Mush'ab bin Umair kang gugur ing Uhud iki." Ora ana selembar kain kanggo nutupi saliyané burdah. Andai burdah mau diwenehake ing sirahe, sikile kebuka. Sakwalike manawa ditutupke ing sikile, sirahe kang kebuka. Mula Rassulullah ngendika:"Tutup sebagiyan sirahe, lan sikile ditutup nganggo suket kizir."[4]

Diriwayatke saka Sa’ad bin Ibrahim, manawa dhèwèké naté krung bapaké ngendika, “Abdurrahman bin Auf diparingi panganan, banjur dhèwèké nangis sinambi ngomong, ‘Hamzah kebunuh lan ora tinemu apa kang bisa kanggo ngafani kajaba siji pakean. Mush’ab bin Umair ug kebunuh lan ora tinemu apa kang bisa kanggo ngafani kajaba siji pakean’. Nalika Mush’ab kebunuh, Rasulullah SAW ngawehake bendera iku marang Ali bin Abu Thalib lan penggedhe-penggedhe kaum muslim.”[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b [1], diaksés tanggal 6 Juli 2011.
  2. ^ [2], diaksés tanggal 6 Juli 2011.
  3. ^ [3], diaksés tanggal 6 Juli 2011.
  4. ^ a b c d [4], diaksés tanggal 6 Juli 2011.
  5. ^ [5], diaksés tanggal 6 Juli 2011.